Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 14 >> 

1Dina pengadilané Pangéran wis cedhak. Yérusalèm bakal dijarah-rayah, lan jarahan mau bakal diedum ana ing ngarepmu.

2Pangéran bakal nglempakaké bangsa-bangsa supaya nyerang Yérusalèm. Kuthané bakal direbut, omah-omahé dijarah-rayah lan para wongé wadon dipeksa ngladèni karepé. Penduduké sing separo bakal ditawan, nanging liyané bakal ora diboyong.

3Pangéran piyambak bakal miyos lan nglurugi perang marang bangsa-bangsa mau, kaya sing katindakaké dhèk jaman biyèn.

4Panjenengané ing wektu kuwi bakal jumeneng ana ing Gunung Zaitun, sing ana ing sisih wétané Yérusalèm. Gunung Zaitun mau bakal kasigar dadi loro déning lembah amba, saka Wétan mengulon. Gunung mau sing separo bakal mingser ngalor lan sing separo mingser ngidul.

5Kowé banjur bakal padha ngungsi metu lembah sing misahaké gunung mau dadi loro. Kowé banjur bakal padha mlayu ngungsi kaya leluhurmu olèhé padha ngungsi dhèk jamané Uzia, raja ing Yéhuda, nalika tanah iki oreg déning lindhu. Pangéran Kang Mahakwasa banjur bakal rawuh, diiringi para malaékaté.

6(14:6-7) Ing wektu kuwi bakal ora ana mangsa bedhidhing lan ora ana pepeteng. Sing ana mung pepadhang kaya padhangé raina, bengi wis ora ana menèh. Mung Pangéran piyambak sing pirsa, mbésuk kapan tekané dina mau.

7(14:6)

8Ing dina kuwi bakal ana banyu seger mili saka Yérusalèm. Sing separo bakal mili menyang Segara Mati, lan sing separo liyané menyang Segara Tengah. Banyu mau bakal mili terus setaun muput, iya ing mangsa ketiga, utawa ing mangsa rendheng.

9Ing kono Allah bakal jumeneng Raja ing salumahing bumi. Panjenengané bakal disembah lan diakoni déning saben wong sarta disebut Allahé.

10Daérah kono kabèh, wiwit saka Géba, ing sisih Lor, tekan Rimon, ing sisih Kidul bakal dirata. Yérusalèm bakal mengklik-mengklik ing sandhuwuré tanah kono kabèh. Watesé kutha mau saka Gapura Bènyamin tutug ing gapura, sing biyèn kasebut Gapura Pojok. Lan saka Menara Hananèl tekan pamipitan angguré para ratu.

11Para wargané kutha kono bakal padha manggon kanthi tentrem, ora wedi kaancam déning karusakan menèh.

12Pangéran bakal ndhatengaké paukuman sing nggegirisi kanggo sakèhé bangsa-bangsa sing nyerang Yérusalèm. Dagingé wong-wong mau bakal dadi bosok sajroné isih padha urip; semono uga mripat lan ilaté.

13Ing wektu kuwi Pangéran bakal gawé bingungé wong-wong mau, mula saben wong ngira yèn bakal dicekel lan diserang déning kancané.

14Wong-wong Yéhuda bakal padha perang mbélani Yérusalèm, lan njarah-rayah raja-branané bangsa-bangsa kabèh, yakuwi emas, slaka lan sandhangan akèh banget.

15Paukuman mau iya marang jaran, bihal, unta lan kuldi sing ana ing lingkungané mungsuh.

16Kekarèné bangsa-bangsa sing nglurugi perang Yérusalèm mau saben taun bakal padha teka ngabekti marang Pangéran Allah Kang Mahakwasa, sing diakoni dadi Rajané ngiras mahargya Riaya Tarub Godhong.

17Yèn ana bangsa sing ora gelem sowan menyang Yérusalèm nyembah marang Pangéran, sing dadi Rajané, bakal ora kaparingan udan.

18Yèn wong Mesir ora gelem mahargya Riaya Tarub Godhong, bakal ketekan paukuman padha kaya sing nyerang marang saben bangsa sing ora gelem sowan menyang Yérusalèm.

19Mengkono paukuman sing bakal nekani Mesir lan bangsa-bangsa liyané, yèn ora gelem mahargya Riaya Tarub Godhong.

20Ing wektu kuwi klinthingané jaran bakal ana tulisané sing uniné: "Sengkerané Pangéran". Kuwali-kuwali sing ana ing Pedalemané Allah bakal padha suciné karo bokor-bokor sing ana ing ngareping mesbèh.

21Saben kuwali ing Yérusalèm lan ing satanah Yéhuda bakal kapisahaké dienggo saos kurban marang Pangéran, Allah Kang Mahakwasa. Wong sing saos kurban bakal migunakaké kuwali mau kanggo nggodhog daging sing dienggo kurban. Ing wektu kuwi ing Pedalemané Allah bakal ora ana wong sing padha dedagangan menèh.



 <<  Zakharia 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel