Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 3 >> 

1Ana ing wahyu liyané Pangéran nedahaké aku Imam Agung Yosua jumeneng ing ngarsané Malaékating Pangéran. Déné Sétan ngadeg jèjèr karo Yosua, arep nggugat panjenengané.

2Malaékating Pangéran ngandika marang Sétan, "Hé Sétan, paukumané Pangéran nekanana kowé. Pangéran kang ngasihi Yérusalèm ngukum kowé. Wong iki rak kaya kayu setengkel sing kasendhal saka geni."

3Yosua jumeneng ana ing kono, ngagem ageman reged.

4Dhawuhé Malaékating Pangéran marang para sing ngladosi, "Uculana sandhangané sing reged." Banjur ngandika marang Yosua, "Dosamu wis Dakluwari lan kowé bakal Dakparingi sandhangan sing anyar."

5Panjenengané banjur ndhawuhi para abdi supaya Yosua diagemi ageman anyar ana ing ngarsané Malaékating Pangéran.

6Malaékat mau banjur ngandika marang Yosua, yèn Gusti Allah wis ngandika mengkéné,

7"Yèn kowé ngèstokaké dhawuh-Ku lan nglakoni kuwajiban sing Dakparingaké marang kowé, kowé selawasé bakal ngladèni Aku ing Pedaleman-Ku lan ing platarané. Aku bakal nggatèkaké pandongamu kaya enggon-Ku miyarsakaké pandongané para malaékat sing padha ngadhep ana ing ngarsa-Ku.

8Hé Imam Agung Yosua, rungokna, kowé sing dadi Imam Agung. Lan kowé para Imam sing padha dadi pembantuné Yosua, kowé padha dadi pretandha jaman becik sing bakal kelakon. Aku bakal ngutus abdi-Ku sing karan ‘Sang Trubusan!’

9Aku bakal masang watu adi ing ngarepé Yosua sing ana matané pitu. Watu mau bakal Dakukir nganggo tulisan. Sajroning sedina Aku bakal ngluwari dosané tanah iki.

10Ing dina kuwi kowé bakal ngulemi tangga-teparomu dhéwé-dhéwé ing omahmu, supaya ngrasakaké nikmaté katentreman ana ing satengahing kebon anggur lan kebon ara."



 <<  Zakharia 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel