Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 5 >> 

1Aku banjur ndhangak, banjur weruh ana Kitab Gulungan kumléyang ing langit.

2Malaékat mau ndangu aku, "Kowé weruh apa?" Unjukku, "Kula sumerep Kitab Gulungan kumléyang ing langit. Panjangipun sangang mèter lan wiyaripun sekawan setengah mèter."

3Aku banjur dingandikani, "Kitab Gulungan kuwi isi tulisan bab paukuman sing bakal nekani satanah kéné kabèh. Sing sesisih ditulisi sing surasané, sakèhé maling bakal kasingkiraké saka tanah kéné; sisih liyané mratélakaké yèn saben wong sing ngucapaké sumpah palsu iya bakal kabuwang.

4Pangéran Kang Mahakwasa ngandika yèn Panjenengané sing bakal nekakaké paukuman mau, lan paukumané bakal mlebu ing omahé saben wong sing sumpah palsu. Paukuman mau bakal tetep manggon ana ing kono nganti omah-omahé dadi jugrugan."

5Malaékat mau ngetingal menèh, lan ngandika, "Delengen! Apa sing kokdeleng?"

6Unjukku, "Menapa menika?" Wangsulané, "Kuwi kranjang, sing ngibarati dosané umat satanah kéné kabèh."

7Kranjang mau ana tutupé, kagawé saka kawat nam-naman. Bareng daktamat-tamataké, tutup mau kaangkat lan ing njero kranjang mau ana wongé wadon lagi lungguh.

8Pangandikané malaékat mau, "Wong wadon kuwi ngibarataké piala." Wong wadon mau banjur diblesekaké ing kranjang menèh lan tutupé dirapeti.

9Aku banjur ndhangak lan weruh wong wadon loro mabur marani aku nganggo swiwi sing rosané kaya swiwiné manuk cangak. Banjur padha ngangkat kranjangé nganggo cucuké, digawa lunga.

10Unjukku marang malaékat mau, "Dipun bekta dhateng pundi kranjang menika?"

11Wangsulané, "Menyang Babil, sebab ing kana bakal padha yasa kuil. Yèn kuil mau wis rampung kranjang mau bakal didokok ana ing kono lan disembah."



 <<  Zakharia 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel