Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 6 >> 

1Aku kaparingan wahyu menèh. Nalika semono aku weruh ana kréta papat metu saka antarané gunung tembaga loro.

2Kréta sing kapisan ditarik jaran abang sarakit, sing kapindho ditarik jaran ireng sarakit.

3Kréta sing katelu ditarik jaran putih sarakit lan sing kapat ditarik jaran dhawuk sarakit.

4Aku banjur munjuk nyuwun pirsa, "Kréta-kréta menika tegesipun menapa?"

5Wangsulané, "Kuwi ngibarataké angin papat; kréta-kréta kuwi lagi teka saka ngarsané Pangéran, Allahé wong salumahing bumi."

6Kréta sing ditarik jaran ireng sarakit mau arep menyang tanah Babil, sing ditarik jaran-jaran putih arep mengulon, lan sing ditarik jaran-jaran dhawuk arep menyang tanah-tanah sisih Kidul.

7Jaran-jaran dhawuk mau bareng metu katon enggoné ora sabar, selak arep mlayu ndlajahi bumi. Pangandikané malaékat, "Lungaa ndlajahi bumi!" Banjur padha budhal.

8Malaékat mau banjur ndhawuhi aku, "Jaran-jaran sing budhal menyang Babil kuwi nahan paukumané Pangéran ana ing tanah Lor kono."

9Pangéran dhawuh marang aku mengkéné,

10"Klumpukna pisungsung sing kasaosaké déning Hèldai, Tobia lan Yedaya sing padha bali saka pembuwangan ing Babil. Gawanen sanalika menyang omahé Yosia bin Zéfanya.

11Gawéa makutha saka emas lan slaka sing dipisungsungaké mau, banjur enggokna ing sirahé Imam Agung Yosua bin Yozadak.

12Kandhanana yèn Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, ‘Wong sing karan Sang Trubusan mau, bakal jumedhul ana ing panggonané lan trubusané dadi subur. Kuwi sing bakal mbangun Pedaleman-Ku.

13Kuwi sing bakal yasa lan nampa pakurmatan, sing pantes kaparingaké marang raja, lan wong mau bakal ngerèh umaté. Sajroné nindakaké pangrèhé mau bakal dibiyantu déning imam, lan wong loro mau bakal nyambut-gawé bebarengan nekakaké katentreman lan karukunan.’

14Makutha mau bakal tetep kasimpen ana ing Pedalemané Allah minangka pengéling-éling marang Hèldai, Tobia lan Yedaya lan marang Yosia anaké Zéfanya.

15Wong-wong saka panggonan sing adoh bakal padha teka mèlu mbantu mbangun Pedaleman-Ku. Samasa enggoné padha mbangun mau wis rampung, kowé bakal ngerti yèn Pangéran Kang Mahakwasa piyambak sing ngutus aku marang kowé. Kuwi kabèh bakal kelakon, samasa kowé kanthi temen-temen padha ngèstokaké dhawuh-dhawuhé Pangéran Allahmu."



 <<  Zakharia 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel