Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 8 >> 

1Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang Zakharia mengkéné,

2"Banget enggon-Ku kepéngin mbiyantu mbangun Yérusalèm, merga Aku ngasihi wong-wong sing padha manggon ing kono. Sih-katresnan-Ku njalari Aku sengit karo para satruné.

3Aku bakal rawuh menèh ing Yérusalèm, kutha-Ku kang suci, lan dedalem ana ing kono. Kutha mau bakal misuwur dadi kutha sing setya, lan gunungé Pangéran Kang Mahakwasa bakal kasebut Gunung Kang Suci.

4Bakal kelakon kaki-kaki lan nini-nini sing merga saka tuwané padha tekenan, bakal padha lungguhan ana ing alun-alun.

5Mengkono uga dalan-dalan bakal kebak bocah lanang lan wadon sing padha dolanan.

6Lelakon kuwi bakal diarani anèh déning kekarèné bangsa iki, nanging kanggoné Aku, kuwi dudu prekara sing mokal.

7Aku bakal ngluwari umat-Ku saka tanah-tanah panggonané kabuwang,

8lan bakal Dakbalèkaké saka Wétan lan saka Kulon, supaya padha manggon ana ing Yérusalèm. Kuwi bakal padha dadi umat-Ku lan Aku bakal jumeneng dadi Allahé, sing ngerèh umat-Ku kanthi kasetyan lan keadilan."

9Pangandikané Pangéran marang umaté, mengkéné, "Atimu padha sing tatag! Saiki kowé padha krungu pangandika sing biyèn diucapaké déning para nabi, nalika pondhasiné Pedalemané Allah dipasang.

10Sadurungé kuwi, ora ana wong sing kuwat mbayar tenaga séwan, iya tenaga manungsa utawa kéwan; sarta wong ora bisa mlebu-metu kanthi tentrem, merga saka anané mungsuh. Kuwi merga wong kabèh Dakdadèkaké padha memungsuhan, siji karo sijiné.

11Nanging saiki enggon-Ku ngerèh bangsa iki béda.

12Wong-wong mau bakal padha nyebar winih kanthi ati sing tentrem. Wité anggur bakal padha metokaké woh, bumi bakal ngasilaké panèn lan ing tanah kono bakal akèh udan. Berkah-berkah sing mengkono mau bakal Dakparingaké marang kekarèné bangsa kuwi.

13Hé wong Yéhuda lan wong Israèl! Dhèk biyèn wong manca yèn ngipat-ipati wong liya muni, ‘Muga-muga kowé nampanana paukuman sing nibani Yéhuda lan Israèl!’ Nanging Aku bakal ngluwari kowé, mula wong manca bakal padha kandha siji karo sijiné, ‘Muga-muga kowé padha ginanjara berkah kaya sing diparingaké marang Yéhuda lan Israèl!’ Mulané padha sing tatag atimu lan aja wedi."

14Pangandikané Pangéran Allah Kang Mahakwasa mengkéné, "Dhèk biyèn, nalika para leluhurmu padha gawé duka-Ku, Aku banjur nekakaké kasangsaran lan apa sing Dakpenggalih mau Daktindakaké tanpa keduwung.

15Nanging saiki Aku arep mberkahi wong Yérusalèm lan wong Yéhuda. Mulané kowé aja padha wedi.

16Prekara-prekara iki sing kudu koktindakaké: kandhaa sing sanyatané siji karo sijiné. Ana ing pengadilan padha tumindaka sing adil, sing nekakaké katentreman.

17Aja padha ngrancang nindakaké piala marang pepadhamu. Aja dadi seksi nganggo sumpah palsu. Aku sengit karo paseksi goroh, tindak sawenang-wenang lan nindhes."

18Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang Zakharia mengkéné,

19"Wektu pasa ing sasi ping papat, sasi kalima, sasi kapitu lan sasi ping sepuluh kuwi bakal dadi riaya kabungahan kanggoné wong Yéhuda. Kowé padha senenga nindakaké katresnan lan padha sing rukun."

20Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Bakal tekan wektuné wong saka kutha ngendi-endi padha menyang Yérusalèm.

21Sing teka saka kutha sing siji bakal kandha karo sing teka saka kutha sijiné, ‘Ayo padha ngabekti marang Pangéran, Allah Kang Mahakwasa lan padha nyuwun berkahé. Ayo padha mèlu aku sowan mrana!’

22Wong akèh lan bangsa-bangsa sing gedhé pangwasané bakal padha teka ing Yérusalèm ngabekti, sujud marang Pangéran Kang Mahakwasa sarta nyuwun berkahé.

23Ing dina-dina kuwi bakal ana wong manca sepuluh padha nekani wong Yahudi siji lan kandha, ‘Kula sami kepéngin tumut panjenengan, mergi kula sami mireng bilih Allah nunggil kaliyan panjenengan.’"



 <<  Zakharia 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel