Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zefanya 1 >> 

1Wangsité Pangéran sing kaparingaké marang Zéfanya nalika Yosia bin Amon jumeneng raja ing Yéhuda. (Nabi Zéfanya kuwi turuné Sang Prabu Hizkia, Hizkia peputra Amarya, Amarya peputra Gedalya, Gedalya peputra Kusy, Kusy peputra Zéfanya.)

2Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aku bakal nyingkiraké samubarang sing ana ing bumi,

3sakèhé manungsa lan kéwan, manuk lan iwak. Aku bakal numpes sakèhé wong ala, numpes manungsa kabèh, nganti ora ana sing kliwatan. Mengkono pangandikané Pangéran.

4Aku bakal ngukum wong Yérusalèm lan wong Yéhuda kabèh. Apa waé sing ana gepok-sénggolé karo Baal bakal Dakgempur nganti tapis, semono uga sakèhé imamé Baal bakal Daksirnakaké, supaya jenengé ora diéling-éling menèh.

5Iya bakal Daktumpes sakèhé wong sing padha munggah ing payon lan nyembah marang srengéngé, rembulan lan lintang-lintang. Semono uga bakal Daktumpes wong sing padha ngabekti marang Aku lan setya marang Aku, nanging banjur iya wani sumpah atas jenengé Déwa Molokh.

6Kejaba kuwi iya bakal Daktumpes sakèhé wong sing padha nyingkur lan ninggal Aku, yakuwi wong-wong sing padha ora ngabekti lan ora nyuwun pituduh marang Aku."

7Dinané Pangéran wis cedhak; ing dina kuwi Pangéran bakal ndhawahaké paukumané; mulané padha menenga ana ing ngarsané. Pangéran wis tata-tata arep nandangi umaté, kaya wong nyembelèh kéwan kanggo kurban.

8Pangandikané, "Ing dina panyembelèhan mau Aku bakal ngukum para penggedhé, para putra raja, lan sakèhé wong sing nyembah brahala manca.

9Aku bakal ngukum sakèhé wong sing ngabekti manut carané wong kapir, sing padha nyolong lan mematèni supaya bisa ngebaki omahé bendarané nganggo barang colongan."

10Pangandikané Pangéran, "Ing dina kuwi kowé bakal krungu swarané tangis ing Gapura Iwak ing Yérusalèm. Ing péranganing kutha anyar kono kowé bakal krungu pesambat, lan ing gunung-gunung bakal keprungu swarané punthuk-punthuk sing padha jugrug.

11Yèn kowé sing padha manggon ing pérangané kutha sing ngisor krungu sambat lan tangis, ngertia yèn para sudagar wis padha mati kabèh!

12Ing dina kuwi Aku bakal mundhut lampu, banjur ngglédhah kutha Yérusalèm. Aku bakal ngukum wong sing marem karo uripé dhéwé, sing batiné kandha, ‘Pangéran ora bakal ngaruhaké ngéné utawa ngono.’

13Bandhané bakal dijarah-rayah lan omahé digempur dadi jugrugan. Bakal ora ngenggoni omah sing dibangun, lan ngombé anggur saka kebon anggur sing digarap."

14Dinané Pangéran wis cedhak, malah wis cedhak banget lan tekané kanthi rerikatan! Dina mau bakal nekakaké kasusahan akèh, sarta para serdhadhu sing kendel pisan bakal padha nangis saka semplahing atiné!

15Dina kuwi dinaning paukuman, dinaning karubedan lan kasedhihan, dinaning karusakan, pepeteng lan kaanan sing surem. Dinaning mendhung sing peteng ireng nggegirisi,

16dina sing kebak swaraning slomprèt lan bengoké serdhadhu sing padha perang nyerbu bètèng-bètèngé kutha lan menara-menara pangungakan.

17Pangéran ngandika mengkéné, "Karubedan sing Daktekakaké marang manungsa kuwi semono gedhéné nganti wong bakal padha gagap-gagap kaya wong wuta. Sebab wong-wong mau wis padha gawé dosa marang Aku, mulané saiki getihé bakal kawutahaké kaya banyu, lan jisimé bakal padha bosok ana ing lemah."

18Ing dinané Pangéran kuwi Panjenengané bakal ngetingalaké bebenduné, mula emas lan slakané bakal ora bisa mitulungi apa-apa. Salumahing bumi bakal katumpes déning mulading dukané Pangéran. Panjenengané bakal ngendhegaké tanpa kanyana-nyana sakèhing kumelip sing urip ana ing bumi.



 <<  Zefanya 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel