Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 11 >> 

1Padha nulada marang aku, dikaya aku iya nulad marang Kristus.

2Aku ngalem kowé, sabab ana ing samubarang prakara kowé padha tetep éling marang aku lan padha ngantepi tata cara kang dakwulangaké marang kowé.

3Nanging karepku, kowé padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahé saben wong lanang iku Kristus, déné sesirahé wong wadon iku kang lanang, sarta sesirahé Kristus iku Allah.

4Saben wong lanang kang ndedonga utawa medhar wangsit kanthi sirah kudhungan, iku ngina sirahé dhéwé.

5Nanging saben wong wadon kang ndedonga utawa medhar wangsit sirahé tanpa kudhung, iku ngina sirahé dhéwé, sabab padha baé karo wong wadon kang nggundhuli sirahé.

6Sabab wong wadon menawa ora gelem kudhungan, iku aluwung cukura pisan. Nanging menawa cukuran iku njalari wong wadon iku ina, beciké iya padha nganggoa kudhung.

7Déné wong lanang iku ora prelu nganggo kudhung, awit wong lanang iku nyunaraké citra lan kamulyaning Allah. Déné wong wadon iku nyunaraké kamulyaning wong lanang.

8Marga wong lanang iku asalé ora saka wong wadon, nanging wong wadon kang asalé saka wong lanang.

9Sarta wong lanang iku anggoné katitahaké ora marga saka wong wadon, nanging wong wadon kang katitahaké marga saka wong lanang.

10Mulané wong wadon iku nganggo pratandhaning kawibawané ana ing sirahé, marga saka para malaékat.

11Éwadéné, ana ing Gusti ora ana wong wadon tanpa wong lanang, lan ora ana wong lanang tanpa wong wadon.

12Awit kayadéné anané wong wadon iku saka wong lanang, mangkono uga anané wong lanang iku lantaran wong wadon; lan samubarang kabèh iku pinangkané saka Allah.

13Padha timbang-timbangen dhéwé: Apa pantes wong wadon ndedonga marang Allah, sirahé kok ora kudhungan?

14Saka kodraté dhéwé rak wus tetéla tumrap kowé, yèn asor mungguhing wong lanang, samangsa rambuté diingu dawa?

15Nanging tumrap wong wadon ngingu rambut iku dadi lan kamulayané. Awit rambut iku kaparingaké minangka kudhung.

16Nanging yèn ana wong ngèyèl, aku utawa pasamuwan-pasamuwané Allah padha ora duwé pakulinan kang kaya mangkono iku.

17Ing sajroné aku awèh pituduh-pituduh sabanjuré iki aku ora bisa ngalem kowé, awit anggonmu padha kumpulan iku ora ndadèkaké mundhak becik, nanging malah mundhak ala.

18Sabab, dhisiké aku krungu, samangsa kowé padha masamuwan, ing antaramu ana crah kang njalari pepisahan, mangka setengahé aku iya ngandel.

19Awit ing antaramu pancèn kudu ana golongan-golongan, supaya ing mengko katitik sapa saka ing antaramu kang padha tahan uji.

20Menawa kowé padha kumpulan iku ora nedya kembul bujanané Gusti.

21Sabab nalikané padha kembul mangan iku, saben wong ndhisiki njupuk pangané dhéwé, satemah kang siji kaluwèn, sijiné mendem.

22Apa kowé ora duwé omah dhéwé kang kena kokenggo mangan lan ngombé? Apa kowé padha arep ngrèmèhaké pasamuwané Allah, sarta mirangaké wong kang padha ora deduwèn? Apa ta kang kudu dakkandhakaké marang kowé? Apa aku kudu ngalem kowé? Tumrap prakara iki, aku ora ngalem.

23Sabab apa kang wus daktampa saka Gusti iku, iya wus dakterusaké marang kowé, yaiku, yèn Gusti Yésus, ing wayah bengi nalika Panjenengané ndungkap kaulungaké, mundhut roti,

24lan sawusé saos sokur, tumuli nyuwil-nyuwil rotiné sarta ngandika, "Iki badanku, kang kaulungaké marga saka kowé; iki padha tindakna kanggo pangéling-éling marang Aku!"

25Mangkono uga tuwungé, sawusé dhahar, pangandikané, "Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihku. Saben-saben kowé padha ngombé, iku padha tindakna kanggo pangéling-éling marang Aku!"

26Awit saben-saben kowé padha mangan roti iki sarta ngombé ing tuwung iki, iku ateges kowé padha martakaké sédané Gusti nganti tumeka ing rawuhé.

27Dadi sing sapa kanthi sawiyah-wiyah anggoné mangan roti sarta ngombé ing tuwungé Gusti, iku dosa marang sarira lan rahé Gusti.

28Mulané saben wong ndadara awaké dhéwé, lan sawusé mangkono lagi mangan roti lan ngombé ing tuwung iku.

29Sabab sing sapa mangan sarta ngombé ora kalawan ngakoni bab sarirané Gusti, iku bakal nekakaké paukuman marang awaké dhéwé.

30Mulané akèh ing antaramu kang padha ringkih lan laranen, sarta ora sathithik kang padha nemahi pati.

31Nanging menawa kita padha ndadar awak kita dhéwé, kita ora bakal tampa paukuman.

32Déné menawa kita padha tampa paukuman saka Gusti, iku kita padha kaperdi, supaya kita aja nganti kaukum bebarengan karo jagat.

33Mulané para Sadulurku, samangsa kowé padha kembul mangan, padha entèn-ingentènana.

34Déné yèn ana wong kang luwé, beciké mangan dhisik ana ing omahé, supaya anggonmu padha kembul mangan iku aja nganti nekakaké paukuman. Mungguh bab-bab liyané bakal dakpranata bésuk satekaku.



 <<  1 Korintus 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran