Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 16 >> 

1Bab nglumpukaké dana kang tumuju marang para suci, iku padha tindakna manut pituduh-pituduh kang wus dakwènèhaké marang pasamuwan-pasamuwan ing Galatia.

2Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu -- adhedhasar apa kang padha koktampa -- padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukaké iku aja nganti lagi koktindakaké samangsa aku teka.

3Déné bésuk satekaku, aku arep kongkonan wong-wong kang kokwawas prayoga dakkongkon ngeteraké pisumbangmu menyang Yérusalèm, nganggo padha kinanthènan layang.

4Menawa prelu aku iya mèlu mangkat, wong iku mau bakal padha mangkat bareng karo aku.

5Déné anggonku bakal nekani kowé, bésuk sawusé aku liwat nratas Makédonia, awit lakuku metu Makédonia.

6Bisa uga ana ing Korintus aku bakal tetunggalan karo kowé nganti sawatara suwé, utawa mbokmenawa ing sajroné mangsa bedhidhing, temah kowé padha bisa awèh pitulungan ing bab anggonku nerusaké lakuku.

7Sabab karepku sapisan iki ora mung sakeplasan baé anggonku bakal niliki kowé, malah menawa Gusti marengaké anggonku tetunggalan karo kowé iku bisaa nganti rada suwé.

8Nanging aku bakal lèrèn ana ing Éfesus nganti riyaya Péntakosta.

9Marga ana ing kono, ana wewengan tumraping aku, kanggo nindakaké ayahan kang agung lan penting, sanadyan akèh wong kang padha nglawan.

10Déné samangsa Timotius teka, padha ngaraha supaya sajroné ana ing satengahmu iku aja duwé rasa wedi, sabab wong iku nglakoni ayahané Gusti padha kaya aku.

11Mulané aja nganti ana wong kang nyepélékaké! Malah wènèhana pitulungan, amrih bisané nerusaké lakuné kanthi slamet, supaya bali nemoni aku, awit dakanti-anti tekané karo para Sadulur tunggal pracaya liyané.

12Déné mungguh sadulur Apolos, anggonku mrayogakaké wus bola-bali supaya niliki kowé bareng karo para Sadulur tunggal pracaya liyané, nanging durung dadi karepé nglakoni ing wektu saiki. Sedyané arep teka mengko yèn wus ana wektu kang becik.

13Padha meléka! Padha dibakuh ing pangandel! Dadia kendel, disantosa!

14Sakèhing ayahanmu lakonana kanthi katresnan.

15Ana manèh panjalukku marang kowé, para Sadulur. Kowé padha sumurup yèn Stéfanas sabrayaté iku kang kawitan padha mratobat ana ing Akhaya, sarta wus padha ngabdi marang paladosan kanggo para suci.

16Mulané padha manut-mituruta marang wong kang kaya mangkono iku lan saben wong kang mèlu tumindak ing gawé sarta padha nglakoni rekasa.

17Aku bungah awit saka tekané Stéfanas, Fortunatus lan Akhaikus, amarga wong-wong iku padha minangka gantimu;

18sabab para Sadulur iku padha gawé segering atiku lan atimu. Mulané padha ngajènana wong kang kaya mangkono iku.

19Salam kanggo kowé kabèh, saka sakèhé pasamuwan ing Asia Cilik. Akwila, Priskila dalah pasamuwan kang ana ing omahé padha kirim salam sajroning Gusti mawantu-wantu marang kowé.

20Sadulur tunggal pracaya kabèh padha kirim salam marang kowé. Padha salam-salamana kalawan pangambung suci.

21Kalawan tanganku dhéwé, anggonku nulis iki: Salam saka Paulus.

22Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!

23Sih-rahmaté Gusti Yésus, nunggila ing kowé kabèh.

24Tresnaku anaa ing kowé kabèh sajroning Kristus Yésus.



 <<  1 Korintus 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel