Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 2 >> 

1Mangkono uga nalikané aku nemoni kowé, para Sadulur, tekaku ora kanthi pitembungan kang muluk-muluk utawa nganggo kawicaksanan kang luhur anggonku nglantaraké wewadining Allah marang kowé.

2Sabab aku wis mutusaké menawa ora duwé sedya nyumurupi apa-apa ana ing antaramu kajaba Yésus Kristus, yaiku Panjenengané kang sinalib.

3Lan manèh tekaku nemoni kowé iku kalawan apes lan wedi banget sarta gumeter.

4Anggonku guneman utawa anggonku martakaké ora nganggo tembung-tembunging kawicaksanan kang ngyakinaké, nanging kanthi buktining kakiyatané Roh,

5supaya pracayamu aja gumantung marang kawicaksananing manungsa, nanging kakiyataning Allah.

6Sanadyan mangkono aku padha nglairaké kawicaksanan ana ing kalangané wong kang wis padha mateng kawruhé, nanging dudu kawicaksanané jagat iki, lan dudu kawicaksanané para pangwasané jagat iki, yaiku pangwasa kang bakal kasirnakaké.

7Nanging kang padha dakwartakaké iku kawicaksanané Allah kang kineker sarta winadi, kang wis kacawisaké déning Allah ing sadurungé jagat dumadi, kanggo kamulyan kita.

8Lan pangwasaning jagat iki ora ana kang nyumurupi kawicaksanan iki, awit menawa padha nyumurupi mesthi ora nganti padha nyalib Gusti kang minulya.

9Nanging kaya kang tinulis, suraosé, "Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa, kang wus kacawisaké déning Allah, iku mau kabèh kanggo para kang padha nresnani Panjenengané."

10Awit Allah wis nglairaké bab iku marang kita sarana Roh, sabab Roh iku nitipriksa samubarang kabèh, dalah bab kang winados ing Allah.

11Awit sapa ta ing antarané manungsa kang bisa nyumurupi apa kang tinemu ana ing atiné, kajaba mung rohé manungsa iku dhéwé kang ana ing batiné? Mangkono uga ora ana wong kang sumurup apa kang dumunung ing Allah kajaba Rohé Allah.

12Kita ora nampani rohé jagat, nanging Roh kang asalé saka Allah, supaya kita padha bisa nyumurupi apa kang dadi sih-peparingé Allah marang kita.

13Lan sarèhné aku padha awèh katrangan bab-bab karohanèn marang wong-wong kasukman, anggonku ngrembug bab sih-kamirahané Allah iku nganggo tetembungan kang ora diwulangaké marang aku kabèh déning kawicaksananing manungsa, nanging déning Roh.

14Nanging manungsa kadonyan ora nampani apa kang asalé saka Rohé Allah, awit bab iku tumraping wong mau kaanggep bodho; sarta wong iku ora bisa ngerti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.

15Balik wong kasukman iku nitipriksa samubarang kabèh, nanging awaké dhéwé ora katiti déning liyan.

16Sabab, "Sapa ta kang nyumurupi panggalihé Pangéran, nganti bisa atur pirembag marang Panjenengané?" Nanging aku padha kadunungan panggalihé Kristus.



 <<  1 Korintus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel