Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 7 >> 

1Saiki, masalah kang kasebut ing layangmu marang aku. Becik menawa wong lanang ora sesomahan,

2nanging ngélingi anané bebaya laku cabul, beciké saben wong lanang duwé somahé dhéwé lan wong wadon iya duwé somahé dhéwé.

3Sing lanang netepana kuwajibané marang sing wadon, mangkono uga sing wadon marang sing lanang.

4Sing wadon ora ngwasani badané dhéwé, nanging sing lanang. Mangkono uga sing lanang iya ora ngwasani badané dhéwé, nanging sing wadon.

5Kowé aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuké kanggo sawatara mangsa, supaya kowé bisa mligèkaké waktu kanggo ndedonga. Nanging sawusé iku padha kumpula manèh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowé, awit saka anggonmu ora kuwat nahan napsumu.

6Bab iki dakkandhakaké marang kowé minangka palilah, ora minangka préntah.

7Sanadyan mangkono saiba beciké menawa wong kabèh padha nglakoni kaya aku; nanging saben wong kaparingan ganjaran dhéwé-dhéwé déning Allah, kang siji ganjaran mangkéné, sijiné ganjarané mangkono.

8Déné wong kang ora sesomahan lan para randha, dakprayogakaké, supaya padha tetep kaya aku iki.

9Nanging menawa ora kuwat nyegah napsuné, karebèn padha omah-omah. Awit luwih becik omah-omah tinimbang ngangah-angah marga déning hawa-napsu.

10Mungguh para wong kang padha sesomahan -- dudu aku, nanging Gusti kang ndhawuhi, -- supaya wong wadon aja nganti pegatan karo somahé.

11Lan yèn pegatan, tetepa anggoné ora jejodhoan utawa rukuna manèh karo sing lanang. Lan wong lanang ora kena megat somahé.

12Nanging marang wong liya aku -- dudu Gusti -- mituturi mangkéné: Yèn ana sadulur tunggal pracaya duwé somah kang ora pracaya, mangka wong wadon iku gelem manggon tetunggalan, sadulur mau aja nganti megat sing wadon iku.

13Lan wong wadon menawa duwé somah kang ora pracaya, mangka wong lanang iku gelem manggon tetunggalan, wong wadon mau aja nganti megat sing lanang iku.

14Amarga wong lanang kang ora pracaya iku, wis kasucèkaké marga saka sing wadon, lan wong wadon kang ora pracaya mau wis kasucèkaké marga saka sing lanang. Saupama ora mangkono, anak-anakmu iku rak banjur dadi anak-anak kang najis, mangka saiki padha suci.

15Nanging menawa kang ora pracaya iku kepéngin pegatan, iya karebèn megat; menawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging Allah nimbali kowé supaya padha urip ing sajroné atut-rukun.

16Sabab kepriyé anggonmu bisa sumurup, hé wong wadon, menawa kowé ora bakal nylametaké somahmu? Utawa kepriyé anggonmu sumurup, hé wong lanang, menawa kowé ora bakal nylametaké somahmu?

17Sabanjuré, saben wong iku lestaria uripé kaya kang wus katetepaké déning Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikané katimbalan déning Allah. Iya iki pranatan kang dakwènèhaké marang sakèhé pasamuwan.

18Menawa ana wong kang katimbalan wus tetak, aja mbudidaya ngilangi tandaning tetaké. Lan menawa ana wong kang katimbalan ora tetak, aja banjur nglakoni tetak.

19Sabab tetak utawa ora tetak iku ora penting. Kang prelu netepi angger-anggeré Allah.

20Saben wong iku tetepa ing timbalané kaya nalikané katimbalan déning Allah.

21Menawa nalikané katimbalan kowé dadi batur tukon, iku aja kokgrantesaké! Nanging menawa kowé bisa dadi wong mardika, gunakna kamardikanmu iku kanthi prayoga.

22Sabab batur tukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong mardika kagungané Gusti. Mangkono uga wong mardika, kang katimbalan déning Kristus, iku dadi abdiné Kristus.

23Kowé wus padha tinuku lan wus kabayar lunas. Mulané kowé aja padha dadi batur tukoning manungsa.

24Para Sadulur, saben wong iku tetepa ana ing ngarsané Allah, kaya nalikané katimbalan.

25Saiki bab para wong kang durung omah-omah. Aku ora olèh dhawuh saka Gusti tumrap bab iki. Nanging aku nglairaké panemuku kayadéné wong kang kena dipracaya, awit saka palimirmané Allah.

26Kang iku panimbangku, ngélingi gawating kaanan ing waktu saiki, becik menawa wong iku kaanané ora owah.

27Menawa kowé wus kacancang ing wong wadon, aja ngarah pegaté! Menawa kowé durung kacancang ing wong wadon, ora prelu golèk!

28Éwadéné menawa kowé omah-omah, iku kowé ora dosa. Lan yèn ana prawan omah-omah, iku iya ora dosa. Nanging wong-wong kang mangkono iku bakal nandhang kasusahan mungguh ing daging, mangka karepku kowé aja nganti ketaman ing kasusahan iku.

29Para Sadulur, kang dakkarepaké mangkéné: Waktuné wus kari sathithik! Mulané ing waktu kang mung kari sadhéla iki, wong lanang kang padha sesomahan tumindaka kaya-kaya ora sesomahan;

30lan wong kang padha nangis, dikaya ora nangis; lan kang bungah dikaya ora bungah; sarta para wong kang tetuku, dikaya ora nduwèni kang dituku.

31Dadiné, wong kang padha nganggo barang-barang kadonyan iki, dikaya ora nganggo. Sabab donya kang wujudé kaya saiki iki, bakal sirna.

32Kang dakkarepaké, supaya kowé padha urip tanpa was-sumelang. Wong lanang kang ora sesomahan, tansah nggatèkaké prakara-prakara kang mungguh ing Gusti, kepriyé murih dadi keparengé Gusti.

33Déné wong lanang kang sesomahan, tansah nggatèkaké prakara-prakara kadonyan, kepriyé bisané gawé senengé sing wadon,

34lan marga saka mangkono pikirané banjur kabagé-bagé. Wong wadon kang ora sesomahan, sarta para prawan, padha tansah nggatèkaké prakara-prakara kang mungguh ing Gusti, supaya jiwa-ragané dadi suci. Nanging wong wadon kang sesomahan tansah nggatèkaké prakara-prakara kadonyan, kepriyé bisané gawé senengé sing lanang.

35Kabèh iki mau dakkandhakaké kanggo kabutuhanmu dhéwé, ora nedya ngalang-alangi kekarepanmu, nanging supaya kowé padha nglakoni samubarang kang patut sarta supaya anggonmu leladi marang Gusti tanpa alangan.

36Déné menawa ana wong duwé pangira, yèn anggoné ngrengkuh marang pacangané kurang samesthiné, menawa prawan mau sangsaya tuwa, mangka duwé rasa adreng kudu neningkahan, menawa pancèn karepé mangkono, karebèn neningkahan. Iku ora dosa.

37Déné menawa ana wong kang atiné yakin, ora kapeksa lan bisa ngerèh kekarepané, sarta wus kenceng sedyané ora arep omah-omah karo pacangané, iku tumindak becik.

38Dadi wong kang omah-omah karo pacangané, iku tumindak becik, déné kang ora omah-omah karo pacangané, iku tumindak luwih becik.

39Wong wadon somahan iku kacancang salawasé somahé isih urip. Nanging yèn bojoné wus tilar donya, wong wadon mau wenang neningkahan manèh karo sapa baé kang dikarepaké, anggeré wong kang pracaya.

40Nanging mungguhing panemuku, luwih binerkahan, menawa wong mau tetep kaya mangkono. Lan pangrasaku, aku iya kadunungan Rohé Allah.



 <<  1 Korintus 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran