Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 4 >> 

1Dadi, sarèhné Yésus Kristus wis nglampahi sangsara cara kadagingan, mulané kowé uga kudu sikep gegaman arupa pikiran kang kaya mangkono -- amarga sapa kang wis nandhang sangsara cara kadagingan iku wis marèni anggoné nglakoni dosa --

2supaya waktu kang isih ana, aja kokanggo nuruti pepénginaning manungsa, nanging nuruta marang karsaning Allah.

3Jalaran wis cukup suwéné waktu kang kokgunakaké kanggo nindakaké apa kang disenengi déning bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah. Kowé wis padha urip nuruti sawarnané hawa-napsu, pepénginan, endem-endeman, andra-wina, pésta ombèn-ombènan, sarta nyembah brahala kang ora diparengaké.

4Marga saka iku wong-wong padha gumun déné kowé kok ora mèlu bebarengan karo wong-wong iku njegur ing blethokaning pamblasar iku uga, temahan kowé banjur dipitenah.

5Nanging wong-wong iku kudu padha ngaturaké panjawab marang Panjenengané kang wis siyaga ngadili wong urip lan wong mati.

6Awit iya karana iku, Injil kawartakaké marang wong-wong mati uga, supaya padha kayadéné manungsa kabèh, diadili cara kadagingané, nanging mungguh ing roh bisa urip, manut karsaning Allah.

7Kawusanané samubarang kabèh wus cedhak. Marga saka iku dibisa ngerèh awakmu sarta diwaspada, supaya kowé padha bisa ndedonga.

8Nanging kang prelu dhéwé: Padha tumemena anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akèh banget.

9Padha senenga awèh pondhokan tanpa panggrundel.

10Padha ladèn-linadènana, miturut peparing kang wis ditampani déning saben wong, kayadéné juru-pangruktining sih-rahmaté Allah kang becik.

11Menawa ana wong kang pitutur, iku dikaya wong kang nglantaraké pangandikaning Allah; menawa ana wong kang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatan peparingé Allah, supaya Allah kaluhurna ing samubarang marga saka Yésus Kristus. Panjenengané iku kang kagungan kamulyan sarta pangwaos langgeng salawas-lawasé! Amin.

12Para Sadulur kang kinasih, aja padha gumun marang urubing geni panyiksa kang nempuh kowé minangka pandadaran, kaya-kaya ana bab kang ora lumrah tumama ing kowé.

13Malah padha bungaha, cocog karo panduman kang koktampa saka ing sangsarané Kristus, supaya kowé uga kepareng bungah sarta sukarena bésuk samangsa Panjenengané mbabar kamulyané.

14Rahayu kowé, menawa kowé padha diwewada marga saka asmané Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohé Allah dumunung ana ing kowé.

15Aja ana panunggalanmu kang kudu nandhang sangsara marga matèni wong, utawa dadi maling, utawa nindakaké piala, utawa ngisruhi urusané wong liya.

16Nanging menawa nandhang sangsara marga dadi wong Kristen, iku aja isin, malah ngluhurna Allah atas asmané Kristus.

17Jalaran saiki wis tekan titi-mangsané pangadilan bakal kawiwitan saka umaté Allah. Menawa pangadilan iku kawiwitan saka kita, kepriyé bakal kawusanané wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah?

18Sarta menawa wong bener iku baé mèh ora kaslametaké, banjur kepriyé bakal kadadéané wong duraka lan wong dosa iku?

19Mulané, para kang nandhang sangsara marga saka karsaning Allah, iku padha pasraha marang Panjenengané kang nitahaké, iya kang setya tuhu, kalawan tansah nindakaké kabecikan.



 <<  1 Petrus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel