Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 5 >> 

1Wong kang wis tuwa aja koksrengeni, nanging élingna kayadéné marang bapa. Wong nom-noman padha élingna kayadéné sadulurmu,

2para wong wadon kang wis tuwa kayadéné ibu, para wong wadon kang isih enom kayadéné adhimu, kalawan ati kang resik.

3Para randha kang tetep dadi randha lan uripé ijèn, iku padha ajènana.

4Nanging randha kang duwé anak utawa putu, anak utawa putuné iku prayogané luwih dhisik padha sinau bekti marang kulawargané dhéwé lan males kabecikané wong-tuwané tuwin embahé, amarga iku kang dadi keparengé Allah.

5Déné randha kang tetep dadi randha, kang uripé mung ijèn, iku pangarep-arepé marang Allah lan tansah nenuwun sarta ndedonga rina-wengi.

6Nanging randha kang uripé nguja kasenengan, iku wis mati sajroning urip.

7Sakèhé randha mau padha élingna bab-bab iki, supaya uripé tanpa cacad.

8Déné menawa ana kang ora mikiraké sanak-saduluré, apamanèh brayaté, iku wis murtad lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.

9Randha kang kadhaftar iku kang umuré ora kurang saka sewidak taun, kang mung omah-omah sapisan

10lan kabuktèn anggoné wis nindakaké panggawé becik, kayata: Nggulawenthah anak, dhemen awèh pamondhokan, ngwisuhi sikilé para Sadulur tunggal pracaya, nulungi wong kang uripé kesrakat, cekaké kang tansah mrelokaké nindakaké sarupaning panggawé becik.

11Para randha kang luwih enom iku aja kokdhaftar, awit menawa kataman napsu birai kang njalari pisahé saka Kristus, banjur padha kepéngin omah-omah,

12satemah padha nyingkur kasetyané kang sekawit marang Panjenengané, iku padha nekakaké paukuman tumrap awaké dhéwé.

13Sarta manèh, sarana mlebu-metu ing omahé wong, padha kulina kesèd-kesèdan, malah ora mung kesèd-kesèdan baé, nanging iya seneng nyatur lan nyampuri urusané wong liya sarta ngandhak-ngandhakaké prakara kang ora patut.

14Awit saka iku karepku supaya randha-randha kang isih enom padha omah-omah manèh, padha duwé anak, nuntun brayaté sarta aja padha awèh dhadhakan marang mungsuh, kanggo ngala-ala jeneng kita.

15Amarga wis ana sawatara randha kang kesasar nuruti Iblis.

16Menawa ana wong kang pracaya, lanang utawa wadon, kang ing brayaté ana randha-randhané, wong iku mbiyantua para randha mau, supaya padha ora dadi sesanggané pasamuwan. Sarana mangkono, pasamuwan bisa mitulungi randha kang uripé ijèn.

17Para pinituwa kang becik pangrèhé iku pantes diajèni tikel loro, luwih manèh kang kanthi tumemen anggoné khotbah lan memulang.

18Sabab ing Kitab Suci ana pangandika mangkéné, "Sapi kang lagi dianggo nggiling aja dibrangus," lan manèh, "Wong kang nyambut-gawé iku patut olèh pituwasé."

19Aja ngladèni pandakwa marang sawijining pinituwa, kajaba yèn ana seksiné loro utawa telu.

20Wong-wong kang padha nglakoni dosa iku welèhna ing ngarepé wong kabèh, supaya wong-wong liyané uga padha wedi.

21Ana ing ngarsané Allah lan Kristus Yésus sarta para malaékat pepilihané, aku weling kalawan temen-temen marang kowé: Gatèkna pituduh iki tanpa sangga-runggi lan tumindakmu ing samubarang ditanpa pilih kasih.

22Aja kesusu numpangaké tangan marang wong lan aja nganti katut ing dosané wong liya. Jaganen resiking atimu dhéwé.

23Aja mung ngombé banyu baé, nanging tambahana anggur sathithik, amarga wetengmu ringkih lan awakmu kerep lara.

24Dosané wong sawatara iku wis cetha banget, kaya-kaya ndhisiki wong-wong mau menyang pangadilan, nanging dosané wong sawatara manèh lagi cetha mbésuk.

25Samono uga panggawé becik iku énggal kasumurupan, lan yèn ora mangkono, panggawé iku tetep ora tansah kaaling-alingan.



 <<  1 Timotius 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel