Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 9 >> 

1Déné bab leladi marang para suci ora prelu aku nulis manèh marang kowé.

2Sabab aku wis sumurup mungguh legawaning atimu, mulané kowé padha dakalem ana ing ngarepé wong Makédonia. Tembungku, "Akhaya wis cecawis wiwit taun kang kapungkur." Lan kasregepanmu wus dadi pangatag-atag tumrap wong akèh.

3Nanging anggonku kongkonan sadulur-sadulur iku supaya pangalemku marang kowé aja nganti tinemu tanpa guna, nanging supaya tetéla anggonmu cecawis kanthi temenan kaya kang wis dakkandhakaké,

4supaya, menawa wong-wong Makédonia teka bareng karo aku, aja nganti nyumurupi anggonmu durung cecawis, satemah aku kabèh -- supaya ora nyebut kowé kabèh -- rumangsa padha kawirangan ing bab kayakinanku iku.

5Mulané dakanggep prelu, yèn sadulur-sadulur iku dakbereg mangkat ndhisiki, supaya bisa ngurus luwih dhisik dana kang wus dadi kasaguhanmu biyèn, temahan mengko wis cumawis minangka tandha-buktiné kamurahaning atimu lan dudu dana peksan.

6Iki gatèkna: Wong kang nyebar sathithik, iya bakal ngenèni sathithik, lan wong kang nyebar akèh, uga bakal ngenèni akèh.

7Saben wong pisungsungé dikaya kang dadi rilaning atiné, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Allah iku ngasihi wong kang misungsung kanthi bungah.

8Lan Allah kwaos nglubèraké sawernaning sih-rahmat marang kowé kabèh, supaya kowé padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawé becik.

9kaya kang katulis, "Panjenengané ngedum-edum, Panjenengané maringi marang wong miskin, kaadilané tetep ing salawas-lawasé."

10Panjenengané kang nyawisaké winih kanggo kang nyebar, lan roti kanggo pangan, Panjenengané uga bakal nyawisi winih marang kowé lan ditikelaké sarta nuwuhaké pametuning bebeneranmu;

11kowé bakal disugihaké ing sarupaning kamurahané ati kang nuwuhaké pamuji sokur konjuk marang Allah marga saka aku.

12Awit ayahan katresnan kang kokladèkaké iki ora mung nyukupi kabutuhané para suci baé, nanging uga nglubèraké pamuji sokur marang Allah.

13Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhuraké Allah awit saka pambangunturutmu ing bab ngakoni Injilé Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab ngedum-edum samubarang kanggo wong-wong mau apadéné wong kabèh.

14Sarta manèh sajroning pandongané, kowé uga padha dikangeni marga saka sih-rahmaté Allah kang nglubèri kowé.

15Puji sokur konjuk marang Allah marga saka sih peparingé kang ora kena winirasa iku!



 <<  2 Korintus 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel