Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Timotius 1 >> 

1Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus kang awit saka karsaning Allah, supaya martakaké prasetya bab urip ana ing sajroné Kristus Yésus,

2marang Timotius, anakku kang kinasih: Palimirma, sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Gusti kita, anaa ing kowé.

3Aku saos sokur marang Allah, kang dakladosi kalawan swaraning ati kang resik, kaya kang dilakoni déning para leluhurku. Sarta aku tansah ngélingi kowé sajroning panyuwunku rina-wengi.

4Menawa aku kélingan anggonmu nètèsaké eluh, aku banjur kepéngin weruh kowé manèh, supaya atiku kapenuhan ing kabungahan.

5Amarga aku kélingan marang pracayamu kang tulus-éklas, yaiku pracaya kang wiwitané dumunung ana ing embahmu-putri Lois lan ibumu Éunike lan aku yakin iku iya dumunung ana ing kowé.

6Marga saka iku kowé dakélingaké supaya tetep gawé ngrembakané sih-peparingé Allah kang ana ing kowé sarana anggonmu wis katumpangan tanganku.

7Sabab Allah maringi kita dudu roh kang njalari jirih, nanging roh kang nuwuhaké kakuwatan, katresnan lan katertiban.

8Mulané aja isin nglairaké paseksi bab Gusti kita sarta aja isin marga saka aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengané, nanging mèlua nandhang sangsara kanggo Injilé kalawan kakuwataning Allah.

9Panjenengané kang milujengaké kita lan nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar panggawé kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmaté piyambak, kang wus kaparingaké marang kita ana ing Kristus Yésus sadurungé wiwitaning jaman.

10Lan saiki kawujudaké ana ing rawuhé Juru-wilujeng kita Yésus Kristus, kang lantaran Injil wus nyirnakaké pangwasaning pati sarta mbabaraké urip kang ora bisa rusak.

11Iya kanggo Injil iki aku wis katetepaké dadi juru-warta, dadi rasul lan dadi guru.

12Iya iku kang njalari kasangsaranku iki kabèh, nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakpracaya sarta aku yakin yèn Panjenengané iku kwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakaké Panjenengané marang aku nganti tumeka dinané Gusti.

13Samubarang kang wis kokrungu saka aku, iku antepana, dadia tuladha piwulang kang bener sarta lakonana sajroning pracaya lan katresnan ana ing Kristus Yésus.

14Rajabrana kang éndah, kang wis dipitayakaké Panjenengané, déning Roh Suci, kang dedalem ana ing kita, iku reksanen.

15Kowé wis padha sumurup, menawa wong-wong ing tlatah Asia-Cilik iku padha nyingkur aku; kalebu Figelus lan Hérmogenès.

16Muga Gusti karsa paring sih-rahmat marang Onésiforus sabrayat, kang wus bola-bali gawé senenging atiku. Wong iku ora isin niliki aku ana ing pakunjaran.

17Nalika ana ing Roma, wis ngudi nggolèki aku lan iya wis bisa nemoni aku.

18Muga Gusti karsa maringaké sih-rahmaté marang wong mau mbésuk ing dinané Gusti. Sapira anggoné leladi ana ing Éfesus, kowé luwih ngerti katimbang aku.



 <<  2 Timotius 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel