Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 5 >> 

1Awit saka iku padha nulada marang Allah, dikaya putra-putra kang kinasihan

2lan padha uripa ing katresnan, kayadéné Kristus Yésus uga wis ngasihi kowé kabèh lan masrahaké sarirané kanggo kita minangka pisungsung lan kurban kang arum kagem Allah.

3Nanging, kaya kang pantes tumraping para suci, laku-cabul lan sarupané pratingkah rusuh utawa kasrakahan iku aja nganti tinemu ana ing antaramu, sanadyana mung kasebut baé.

4Samono uga aja ngucap tetembungan kang kotor, clemang-clemong utawa sembranan -- marga iku kabèh ora pantes -- nanging luwih prayoga ngucapa pamuji sokur.

5Awit padha élinga temenan bab iki: Ora ana sundel, wong kang najis utawa kang srakah, yaiku kang nyembah brahala, olèh panduman ana ing kratoné Kristus lan Allah.

6Aja nganti kowé kena disasaraké kanthi tetembungan kang ngayawara, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakaké dedukaning Allah tumrap wong-wong duraka.

7Marga saka iku aja nganti kowé kekancan karo wong-wong iku.

8Pancèn, biyèn kowé iku pepeteng, nanging saiki kowé iku pepadhang ana ing Gusti. Mulané uripa kaya putra-putraning pepadhang.

9Marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan, kaadilan lan kayektèn.

10Lan titi-priksanen apa kang dadi keparengé Gusti.

11Aja mèlu-mèlu pratingkahé pepeteng kang ora metokaké woh apa-apa. Nanging kosok-baliné welèhna pratingkah-pratingkah iku:

12Awit mung ngucapaké baé apa kang katindakaké déning wong-wong iku ana ing pasingidan, iku wis jeneng saru.

13Nanging samubarang kang wis kawiyak déning pepadhang iku dadi katon, awit kabèh kang katon iku pepadhang.

14Awit saka iku ana pangucap, "Meléka, hé kowé kang turu lan tangia saka antarané wong mati, temahan Kristus bakal madhangi kowé."

15Marga saka iku, padha gatèkna temenan kepriyé mungguhing uripmu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter,

16lan pigunakna waktu kang isih ana, awit jaman iki ala.

17Mulané aja padha bodho, nanging udinen supaya kowé ngreti, apa kang dadi karsané Gusti.

18Lan aja nganti kowé mendem anggur, awit anggur iku nggugah hawa-napsu, nanging kapenuhana ing Roh,

19lan padha ngucapa tumraping siji lan sijiné nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati.

20Tansah saosa sokur marang Allah Rama kita tumrap samubarang ing asmané Gusti kita Yésus Kristus.

21Diandhap-asor tumraping siji lan sijiné ana ing sajroné wedi-asih marang Kristus.

22Para wong wadon, manut mituruta marang somahmu dhéwé kayadéné marang Gusti,

23awit kang lanang iku sesirahé kang wadon, kayadéné Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengané kang jumeneng Pamartaning sarirané.

24Awit saka iku kayadéné pasamuwan sumuyud marang Kristus, mangkonoa uga para wong wadon marang kang lanang tumraping sabarang prakara.

25Para wong lanang, padha tresnaa marang somahmu kayadéné Kristus anggoné wis ngasihi pasamuwané nganti masrahaké sarirané kanggo pasamuwan iku,

26supaya dadi suci, sawusé Panjenengané nucèkaké pasamuwan srana padusan banyu lan pangandika;

27kanthi mangkono pasamuwan kapapanaké ana ing ngarsané, éndah tanpa cacad lan ora njengkerut utawa sapepadhané, satemah pasamuwan dadi suci lan tanpa cacad.

28Mangkono uga para wong lanang padha kudu tresna marang somahé dhéwé kaya marang awaké dhéwé: Sing sapa tresna marang somahé dhéwé, iku nresnani awaké dhéwé.

29Marga ora tau ana wong sengit marang awaké dhéwé, nanging awaké mau malah diopèni lan diupakara, padha kaya Kristus marang pasamuwan,

30awit kita iki gegelitaning sarirané.

31Marga saka iku wong lanang bakal ninggal bapa lan biyungé lan rumaket marang somahé, temahan sakaroné iku dadi daging siji.

32Iki wewadi gedhé, nanging kang dakkarepaké yaiku gegayutané Kristus karo pasamuwan.

33Dadi tumraping kowé: Padha tresnaa marang somahmu dhéwé kaya marang awakmu dhéwé, déné para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.



 <<  Efesus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel