Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Filipi 3 >> 

1Wasana Sadulur-sadulurku, padha bungaha ana ing patunggilané Gusti. Tumraping aku ora ana angèlé nulis manèh lan awèh katemtuan bab iki marang kowé.

2Dipadha ngati-ati tumraping asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang nglakoni panggawé ala, dipadha ngati-ati karo para juru tetak.

3Awit iya kita iki wong tetakan, kang padha ngabekti marga saka Rohé Allah lan mongkog ana ing Kristus Yésus lan ora ngandelaké prakara-prakara tata-lair,

4sanadyan aku uga duwé dhasar kanggo ngandelaké prakara-prakara tata-lair. Yèn ana wong liya rumangsa bisa ngandelaké prakara-prakara tata-lair, aku iki luwih manèh:

5Ditetaki ing dina kang kawolu, trahé bangsa Israèl, saka taler Bènyamin, wong Ibrani tulèn, tumrap wawasan bab angger-anggering Torèt aku wong Farisi,

6mungguhing panggawé, aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, ing bab netepi angger-anggering Torèt aku tanpa cacad.

7Nanging apa kang biyèn dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Kristus.

8Malah samubarang kabèh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Kristus Yésus, Gustiku, kang mulyané ngungkuli iku mau kabèh. Iya marga saka Panjenengané iku aku wis mbuwang samubarang kabèh iku lan dakanggep uwuh, supaya aku olèh Kristus

9lan dumunung ana ing Panjenengané, iku ora jalaran aku bener marga netepi angger-anggering Torèt, nanging aku bener marga saka pracaya marang Kristus, yaiku kayektèn kang kaparingaké déning Allah adhedhasar pracaya.

10Kang dakkarepaké yaiku wanuh marang Panjenengané lan dayaning wunguné sarta nunggal ing sajroning sangsarané, temahan aku dadi madha-rupa karo Panjenengané ana ing sédané,

11supaya wekasané aku olèh patangèn saka ing antarané wong mati.

12Ora kok kaya-kaya aku wis kadunungan bab iki utawa wis sampurna, nanging iku dakoyak, mbokmenawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak déning Kristus Yésus.

13Para Sadulur, aku dhéwé ora rumangsa menawa aku wis bisa nyandhak, nanging iki kang daktindakaké: Kalawan nglalèkaké apa kang wis ana ing samburiku sarta ngener marang apa kang ana ing sangarepku,

14lan aku lumayu nuju marang tujuan supaya olèh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Allah ing sajroné Kristus Yésus.

15Awit saka iku payo kita, kang padha sampurna iki duwéa pikiran kang mangkono. Lan menawa tumraping salah sawijining prakara panemumu séjé, Allah kang bakal nélakaké prakara iku marang kowé.

16Mung baé tataraning pangertèn kang wus kita gayuh iku terusna nurut dalan kang wus kita liwati.

17Para Sadulur, padha nulada marang aku lan gatèkna wong kang lakuné padha kaya aku kabèh, kang padha dadi tuladhamu.

18Awit, kaya kang wis kerep banget dakkandhakaké marang kowé kabèh, lan kang saiki dakpratélakaké manèh kalawan nangis, akèh wong kang uripé dadi satruning salibé Kristus.

19Wekasané wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahé yaiku wetengé, kang dadi kamulyané yaiku kanisthané, pangangen-angené mung tumuju marang prakara kadonyan.

20Sabab kita iki wargané swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yésus Kristus kang jumeneng Juruwilujeng,

21kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha-rupa karo sarirané kang mulya, manut pangwaosé kang bisa nelukaké samubarang kabèh marang Panjenengané.



 <<  Filipi 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel