Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 22 >> 

1"Sadhèrèk-sadhèrèk saha Bapak-bapak, sumangga sapunika sami kula aturi midhangetaken panjawab kula dhateng panjenengan."

2Nalika wong akèh krungu anggoné ngandika ngagem basa Ibrani, saya mundhak tenangé. Panjenengané banjur ngandika,

3"Kula punika tiyang Yahudi, kalairan Tarsus ing tanah Kilikia, nanging ageng kula wonten ing kitha ngriki, kadhidhik kalayan tliti déning Gamalièl ing bab netepi angger-anggeripun para leluhur kita, satemah kula lajeng dados tiyang ingkang mempeng ing pangabekti dhateng Allah, kados panjenengan sadaya punika.

4Punapadéné tiyang-tiyang ingkang sami nganut Margining Pangéran punika, sami kula kuya-kuya ngantos pejah; jaler-èstri sami kula tangkepi tuwin kula lebetaken dhateng pakunjaran.

5Menggah prakawis punika panjenenganipun Imam Agung saha Pradataning Pinisepuh sapepakipun sami saged paring paseksi, kula inggih kaparingan serat-serat kanggé para Sadhèrèk ing Damsyik, lajeng késah mrika badhé nangkepi tiyang-tiyang ing ngriku, ingkang sami nganut Margining Pangéran wau, badhé kula bekta dhateng Yérusalèm supados sami kaukum.

6Nanging sareng lampah kula sampun celak Damsyik, ing wanci siang, dumadakan wonten cahya ingkang tumlorong saking langit nglimputi kula.

7Kula lajeng dhawah ing siti saha mireng swanten ingkang ngandika dhateng kula makaten: Saulus, Saulus, yagéné sira nganiaya marang Ingsun?

8Atur wangsulan kula: Paduka punika sinten, Gusti? Pangandikanipun: Ingsun iki Yésus saka Nasarèt, kang sira kuya-kuya.

9Tiyang-tiyang ingkang sami sesarengan kaliyan kula, inggih sumerep cahya wau, nanging swantening Panjenenganipun ingkang ngandika dhateng kula, sami mboten mireng.

10Kula lajeng munjuk: Gusti, punapa ingkang kedah kawula lampahi? Paring wangsulanipun Gusti dhateng kula: Ngadega, mangkata menyang Dhamsyik. Ana ing kana sira bakal diparingi sumurup, apa kang kudu sira tindakaké.

11Sarèhning kula mboten saged ningali, jalaran saking kénging cahya ingkang mblerengi mripat wau, mila kanca-kanca ingkang tunggil lampah kaliyan kula lajeng nyepeng tangan kula, kula katuntun dhateng Damsyik.

12Ing ngriku wonten tiyang nama Ananias, tiyang ingkang netepi angger-anggering Torèt saha kaseksènan saé wonten ing satengahing tiyang Yahudi sadaya ing ngriku.

13Tiyang punika dhateng, saha ngadeg ing sacelak kula tuwin wicanten: Saulus, sadulurku, kowé bisaa ndeleng manèh! Sanalika punika ugikula saged ningali malih saha sumerep piyambakipun.

14Ananias lajeng wicanten: Allahé leluhur kita wus netepaké kowé supaya nyumurupi karsané, nyumurupi Kang Bener sarta krungu swara kang miyos saka ing lésané.

15Sabab kowé pinasthi dadi seksining Panjenengané ana ing ngarepé wong kabèh ing bab samubarang kang wus kokdeleng lan kokrungu.

16Lan saiki kepriyé, déné kowé isih mangu-mangu? Ngadega, lan kabaptisa sarta dosamu karesikana kalawan nyebut asmané Gusti!

17Sasampunipun makaten, kula lajeng wangsul dhateng Yérusalèm lan nalika kula saweg ndedonga wonten ing Padaleman Suci, roh kula linimputan ing pangwaosipun Allah.

18Kula ningali Panjenenganipun, ingkang lajeng ngandika dhateng kula: Diénggal, mangkata saka Yérusalèm, amarga wong-wong ora bakal nampa paseksinira bab Ingsun.

19Atur wangsulan kula: Gusti, tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih kawula punika ingkang ndhatengi papan-papan pangibadah saha ingkang nglebetaken tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhateng Paduka dhateng pakunjaran sarta ingkang mecuti tiyang-tiyang wau.

20Salajengipun nalika rahipun Stéfanus, seksi Paduka, kawutahaken, kawula wonten ing ngriku, saha kawula ngrujuki pandamel punika, punapa déné kawula nengga panganggénipun tiyang-tiyang ingkang sami mejahi.

21Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakal ngutus sira menyang panggonané bangsa-bangsa liya kang adoh saka kéné."

22Sawusé wong akèh padha ngrungokaké Paulus nganti tekan pangandikané kang mangkono iku, banjur wiwit nywara sora, "Wong iku kasirnakna baé saka bumi, ora pantes urip!"

23Wong-wong mau terus baé anggoné bengok-bengok karo nguncalaké jubahé sarta nyawur-nyawuraké lebu mandhuwur,

24mulané panggedhéning prajurit banjur dhawuh nglebokaké Paulus menyang bètèng sarta mriksa lan mecuti panjenengané, supaya bisa kasumurupan apa sababé déné wong-wong iku padha bengok-bengok mangkono ing bab panjenengané.

25Nanging nalika Paulus diprenahaké arep dipecuti, panjenengané banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib, "Punapa panjenengan dipun parengaken mecuti warganagari Roma, punapa malih tanpa dipun adili?"

26Krungu katrangan mangkono iku, opsir mau banjur lapur marang panggedhéning prajurit, aturé, "Punapa ingkang badhé panjenengan tindakaken? Tiyang punika warganagari Roma?"

27Panggedhéning prajurit banjur murugi Paulus lan ndangu, "Kandhaa, apa bener kowé iku warganagari Roma?" Atur wangsulané Paulus, "Inggih."

28Panggedhéné prajurit banjur ngandika manèh, "Anggonku dadi warganagari Roma iku sarana tuku kalawan rega larang." Paulus mangsuli, "Nanging kula gadhah wewenang punika wiwit lair mila."

29Wasana wong-wong kang kuwajiban mecuti nuli énggal-énggal mundur. Déné panggedhéné prajurit iku bareng ngerti yèn Paulus iku wong Roma, iya wedi, mangka panjenengané kang dhawuh mbanda.

30Éwasamono panggedhéné prajurit mau kepéngin nguningani kalawan tliti apa kang dadi pandakwané wong-wong Yahudi marang Paulus. Mulané ésuké dhawuh nimbali Paulus saka pakunjaran lan dhawuh, supaya pangarepé imam lan Pradata Agama nglumpuk. Banjur dhawuh ngirid Paulus saka bètèng diladèkaké marang ngarsané Pradata mau.



 <<  Kisah Para Rasul 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel