Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kolose 2 >> 

1Amarga karepku, supaya kowé padha sumurup, sapira gedhéné kangèlanku kang dakalami kanggo kowé lan para wong kang ana ing Laodikia, lan iya kanggo sapa baé kang durung tau ngreti marang pribadiku,

2supaya padha kalipur atiné, lan padha manunggal sajroning katresnan, satemah bisa nggayuh aji sarta kayakinaning pangertèn apadéné nyumurupi kekerané Allah yaiku Kristus,

3sabab ana ing Panjenengané sumimpen sakèhing ajiné kawicaksanan lan kawruh.

4Bab iki dakwedharaké marang kowé, supaya aja nganti ana wong kang mbebujuk kowé nganggo pitembungan kang éndah.

5Sabab sanadyan aku dhéwé ora ana ing satengahmu, nanging ana ing sajroné roh aku lan kowé padha tetunggalan, lan aku rumangsa bungah nyumurupi uripmu kang tumata lan pracayamu kang santosa ana ing Kristus.

6Kowé wis padha nampani Kristus Yésus, Gusti kita, mulané uripmu tetepa ana ing Panjenengané.

7Padha dinganti ngoyod ana ing Panjenengané lan kabanguna lelandhesan Panjenengané, saya wuwuha santosaning pracayamu, kayadéné kang wis kawulangaké marang kowé lan atimu kebak panuwun.

8Diprayitna, aja nganti ana kang nawan kowé nganggo ngèlmu filsafaté kang ngayawara lan manut piwulang turun-temurun lan roh-rohing jagat, kang ora manut marang Kristus.

9Sabab ana ing Panjenengané iku, sawetahé kasampurnaning kaallahané Allah dedalem ana ing sarirané,

10lan kowé wis padha kapenuhan ana ing Panjenengané, kang jumeneng mustakané sarupaning pamaréntah lan pangwasa.

11Ana ing Panjenengané anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakaké déning manungsa, nanging sarana supité Kristus kang awujud pangrucating badan kang dosa,

12marga ana ing Panjenengané kowé padha ndhèrèk kakubur sarana baptis, lan ana ing Panjenengane ndhèrèk katangèkaké uga lantaran pracayamu marang pakaryané kwasaning Allah, kang wis mungokaké Panjenengané saka antarané wong mati.

13Mangkono uga kowé, sanadyan ing mauné kowé padha mati déning panerakmu lan ora tetak sacara lair, wis diuripaké déning Allah bareng karo Panjenengané, yaiku sawisé Panjenengané ngapura sakèhing panerak kita,

14sarana mbatalaké layang pratandha utang, kang adhedhasar katemtuan-katemtuaning angger-angger kang ndakwa lan ngancam marang kita. Déné iku wis kalebur sarana kapaku ana ing kayu salib.

15Panjenengané wis mblèjèdi para pamaréntah lan para pangwasa sarta padha kadadèkaké tontonan umum, ana ing arak-arakan kaunggulané.

16Marga kang mangkono, aja nganti ana wong kang ngadili kowé bab mangan lan ngombé, utawa bab dina riyaya, sasi anyar lan dina Sabat.

17Sabab iku kabèh mung dadi wewayangané apa kang bakal kelakon, déné wujudé yaiku Kristus.

18Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungaké déning wong kang katoné andhap-asor lan ngibadah marang malaékat, sarta manèh ngegung-egungaké wangsit bab kaanan kang ora katon, apadéné tanpa waton anggoné gumunggung déning pikirané kang cara kadonyan,

19mangka ora ngugemi marang sirah, kang njalari badan sakojur kasangga lan kaiket dadi siji déning otot-otot lan ros-rosan, tuwuh miturut caraning Allah.

20Menawa kowé wis ndhèrèk mati bareng karo Kristus lan luwar saka para rohing jagat, yagéné kowé kok isih nurut marang pranatan rupa-rupa, kaya-kaya kowé isih padha urip ana ing donya,

21kayata: aja ndemèk iki, aja ngicipi kuwi, aja nyénggol iki,

22kabèh iku mung tumrap barang kang bakal rusak sajroné kagunakaké lan mung nuruti préntah lan piwulangé manungsa.

23Pranatan-pranatan mau sanadyan katoné kebak kawicaksanan, nganggo pangibadah rerékané dhéwé, kayata: andhap-asor, nyiksa-awak, iku ora ana paédahé kajaba mung kanggo kamaremaning urip kadonyan.



 <<  Kolose 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel