Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 1 >> 

1Téofilus ingkang minulya, sampun kathah tiyang ingkang sami ndhapuk cariyos bab lelampahan-lelampahan ingkang kadadosan wonten ing antawis kita,

2kadosdéné ingkang sami kita tampèni saking tiyang-tiyang, ingkang saking wiwitan sami nyipati piyambak lan sami dados paladosing Pangandika.

3Awit saking punika, sasampunipun kula nitipriksa kadadosan wau sadaya, saking wiwitanipun kanthi premati, putusaning manah kula, kadadosan-kadadosan wau kula damel buku, ingkang isinipun runtut, saha ingkang lajeng kula aturaken ing ngarsa panjenengan punika,

4ing pangangkah, supados panjenengan saged nguningani, bilih sadaya ingkang sampun kawulangaken dhateng panjenengan punika leres saèstu.

5Nalika jamané Hérodès, raja ing Yudéa, ana imam, asmané Zakharia, kalebu golongan Abia. Somahé uga trahé Harun, asmané Élisabèt.

6Sakaroné padha mursid ana ing ngarsané Allah lan tansah nindakaké pepakon lan pranataning Pangéran, tanpa cacad.

7Nanging ora kagungan putra, sabab Élisabèt iku gabug lan sakaroné wus padha sepuh.

8Ing sawijining dina, nalika pinuju giliraning golongané, Zakharia nindakaké ayahan ngimami ana ngarsaning Pangéran.

9Sabab nalika diundhi kaya adaté, kanggo namtokaké imam kang nampa ayahan, panjenengané kang katuding lumebet ing Padaleman Suci ngobong dupa ana ing kono.

10Ing waktuné ngobong dupa, umat kabèh kumpul ana ing jaba padha sembahyang.

11Imam Zakharia banjur dikatingali malaékating Pangéran, jumeneng ing satengening misbyah padupan.

12Pirsa lelakon iku, Imam Zakharia kagèt lan dadi ajrih.

13Nanging malaékat mau banjur ngandika, "Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wus kabul, lan Élisabèt, bojomu, bakal nglairaké anakmu lanang, iku jenengna Yohanes.

14Bocah iku bakal ndadèkaké bungah lan senenging atimu, malah akèh wong kang uga bakal bungah marga saka lairé bocah mau.

15Sabab iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangéran, lan bakal ora ngombé anggur utawa minuman keras liyané, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing rahiming ibuné.

16Apadéné bakal njalari akèh wong Israèl padha mratobat marang Pangéran, Allahé,

17sarta bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindaké Pangéran kanthi roh lan pangwasané Élia, supaya bisa mbalèkaké atiné para bapa marang para anaké, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan. Dadiné nyawisaké umat kang sembada tumrap ing Pangéran!"

18Zakharia banjur munjuk marang malaékat mau, "Kadospundi anggèn kawula saged mangertos, bilih bab punika saèstu badhé kalampahan? Sabab kawula sampun sepuh, saha sémah kawula sampun lungsé ing wanci."

19Paring wangsulané malaékat, "Aku iki Gabrièl sing ngladosi Allah lan aku diutus ndhawuhi kowé, sarta nglantaraké pawarta kabungahan iki marang kowé.

20Satemené, kowé bakal bisu lan ora bisa guneman nganti tekan titimangsa kalakoné iku kabèh, amarga kowé ora ngandel marang dhawuhku kang mesthi bakal kelakon ing waktu kang wus katamtokaké."

21Nalika iku wong akèh padha ngentèni Imam Zakharia. Wong-wong iku padha gumun, déné suwé temen anggoné ana ing Padaleman Suci.

22Bareng miyos, panjenengané ora bisa ngandika apa-apa marang wong akèh iku lan wong akèh iku banjur mangerti, yèn Zakharia mentas tampi wahyu ana ing Padaleman Suci. Panjenengané banjur paring sasmita marang wong akèh, lan tetep bisu.

23Bareng waktuning ayahané wus rampung, Zakharia banjur kondur.

24Kacarita ora let suwé Élisabèt, garwané banjur ngandheg lan sajroning limang sasi ora tau metu-metu, pangucapé,

25"Ya iki pandamelé Pangéran marang aku anggoné karsa ngluwari wirangku ana ing ngareping wong akéh."

26Bareng wus nyandhak nem sasiné, Allah ngutus malaékat Gabrièl menyang Nasarèt, ing wilayah Galiléa,

27nemoni prawan kang pacangan karo wong kang aran Yusuf, tedhaké Daud. Prawan mau asmané Maria.

28Nalika malaékat mau lumebet ing omahé Maria, banjur ngandika, "Salam, kowé kang kinasihan, Pangéran tansah nganthi marang kowé."

29Krungu pangandika mangkono iku Maria kagèt, lan pitakon ing sajroning ati, apa tegesé iku.

30Malaékat nuli ngandika, "Aja wedi, Maria, awit kowé olèh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangéran.

31Lah kowé bakal ngandheg lan bakal nglairaké anak lanang. Iku jenengna Yésus.

32Bocah mau bakal pinunjul lan kasebut Putraning Allah Kang Mahaluhur. Apadéné Allah bakal maringaké dhamparé Daud, leluhuré, marang Panjenengané.

33Panjenengané bakal jumeneng dadi Rajaning para turuné Yakub nganti salawas-lawasé, sarta kratoné iku bakal ora ana wekasané."

34Maria banjur matur marang malaékat mau, "Punika sagedipun kalampahan kadospundi, jalaran kawula dèrèng émah-émah?"

35Paring wangsulané malaékat, "Roh Suci bakal nedhaki kowé, sarta kwasané Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowé; mulané bayi kang bakal lair iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.

36Lah Élisabèt, sadulurmu, kang wus tuwa iku, iya lagi ngandhut anak lanang, déné sapréné wus nem sasi, mangka wus diarani gabug.

37Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal."

38Maria banjur munjuk, "Sumangga, kawula punika abdinipun Pangéran; tumrap kawula kalampaha kadosdéné ingkang Paduka ngandikakaken." Sawusé mangkono malaékat mau banjur jengkar nilar Maria.

39Ora watara suwé, Maria énggal-énggal tindak menyang kutha ing pagunungan Yéhuda.

40Bareng lumebet ing dalemé Zakharia tumuli uluk-salam marang Élisabèt.

41Kocapa nalika Élisabèt midhanget uluk-salamé Maria, bayi kandhutané nggronjal, lan Élisabèt tumuli kapenuhan ing Roh Suci,

42sarta kalawan sora ngandika, "Kowé binerkahana ana ing antarané wong wadon kabèh, lan binerkahana kandhutanmu.

43Sapa ta aku iki, déné nganti karawuhan ibuné Gustiku?

44Amarga sanyatané, bareng aku krungu uluk-salammu, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senengé.

45Rahayu wong kang wus pracaya, sabab apa kang kapangandikakaké déning Pangéran, mesthi bakal kelakon."

46Maria banjur medhar pangandika mangkéné: "Nyawaku ngluhuraké Pangéran,

47lan aku bungah marga saka Allah, Juruslametku.

48Sabab Panjenengané wus ngudanèni asoring abdiné. Lah wiwit saiki sakèhing wong turun-temurun bakal ngarani aku rahayu,

49jalaran Kang Mahakwasa wus nindakaké pakaryan-pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmané.

50Rahmaté turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengané.

51Panjenengané ngatingalaké pangwaosé kalawan pakaryaning astané lan mbuyaraké wong kang gumunggung atiné.

52Panjenengané nglèngsèraké wong-wong kang kwasa saka ing kalenggahané, lan ngluhuraké wong-wong kang asor.

53Panjenengané nglubèraké samubarang kang becik marang wong kang kaluwèn, lan nundhung wong kang sugih kanthi nglaha.

54Panjenengané nulungi Israèl, abdiné, awit ènget marang rahmaté,

55kaya kang wus kaprasetyakaké marang leluhur kita, marang Abraham lan tedhak-turuné, ing salawas-lawasé."

56Maria anggoné ana ing omahé Élisabèt mau watara telung sasi, banjur kondur.

57Bareng Élisabèt anggoné ngandheg wis tekan ing lèke, banjur nglairaké jabang-bayi lanang.

58Nalika tangga-teparoné lan sanak-saduluré krungu pawarta yèn Allah wis paring sih kamurahané kang samono gedhéné iku, padha mèlu bungah.

59Ing wolung dinané wong-wong mau padha teka saprelu anggoné arep netaki bayiné lan mènèhi jeneng Zakharia manut jenengé bapakné.

60Nanging ibuné kandha, "Aja, jenengé kudu Yohanes."

61Pangucapé wong akèh mau, "Sanak-sanakmu ora ana kang jenengé mangkono."

62Banjur padha takon marang bapakné kanthi sasmita, bakal dijenengaké sapa anaké iku.

63Zakharia njaluk lambaran kang biasané kanggo nulis lan banjur nulis, "Jenengé Yohanes." Wong kabèh dadi padha gumun.

64Sanalika iku uga cangkemé kabuka lan ilaté uwal, temahan banjur bisa omong lan ngluhuraké Allah.

65Para tangga-teparoné padha kataman ing wedi, lan kabèh lelakon mau banjur dadi rerasanané wong-wong ing satlatah pagunungan Yudéa kabèh.

66Wong kabèh kang krungu prakara iku, padha ngrasak-ngrasakaké ing sajroning ati, sarta pangucapé, "Bakal dadi apa bocah iki bakalé bésuk?" Amarga kaayoman ing astaning Pangéran.

67Zakharia, bapakné, marga saka kapenuhan ing Roh Suci, banjur medhar wangsit, pangucapé,

68"Pinujia Pangéran, Allahé Israèl, sabab wus nuwèni umaté lan paring pangluwaran.

69Panjenengané nukulaké sunguning karahayon kanggo kita ana ing tedhaké Daud, abdiné,

70-- kaya kang wis kapangandikakaké wiwitan mula lantaran para nabiné kang suci --

71supaya kita luwar saka mungsuh-mungsuh kita lan saka tangané sakèhé wong kang padha sengit marang kita.

72Minangka anggoné nedahaké sih-rahmaté marang leluhur kita lan anggoné ènget marang prasetyané kang suci,

73yaiku supaos kang kapangandikakaké marang Abraham, bapa leluhur kita, yèn Panjenengané paring kanugrahan marang kita,

74supaya kita luwar saka ing tanganing mungsuh, bisa ngabekti marang Panjenengané tanpa rasa wedi,

75ing sajroning kasucèn lan apa kang bener ana ing ngarsané, sajegé urip kita.

76Déné kowé, nggèr, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowé bakal lumaku ndhisiki tindaké Pangéran saprelu nyawisaké dalan kagem Panjenengané,

77lan mènèhi pangertèn marang umaté bab dalaning karahayon, adhedasar pangapuraning dosa-dosané

78marga saka rahmat lan sih-piwelasé Allah kita, kang iya srana iku Panjenengané bakal rawuh minangka anggoné milujengaké kita, Surya-ésuk saka ing ngaluhur,

79kagem madhangi sakèhing wong kang manggon ing pepeteng lan ana ing ayang-ayanganing pati, apadéné ngeneraké sikil kita marang dalaning karahayon."

80Anadéné bocah mau saya mundhak gedhéné lan rohé saya santosa, sarta banjur manggon ing ara-ara samun nganti tumeka ing dina anggoné kudu ngaton marang Banisraèl.



 <<  Lukas 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran