Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 19 >> 

1Yésus banjur lumebet ing Yèrikho lan tindak nratas kutha kono.

2Ing kono ana wong aran Zakhéus, juru-tagih-pajeg kang sugih.

3Wong mau ngudi bisané ndeleng Yésus iku kaya apa, nanging ora bisa marga kaling-kalingan wong akèh, jalaran saka cendhèking dedegé.

4Mulané banjur lumayu ndhisiki wong akèh, nuli mènèk wit anjir supaya bisa ndeleng Yésus, kang bakal miyos kono.

5Nalika tindaké Yésus tekan panggonan kono, banjur tumenga lan ngandika, "Zakhéus, énggal mudhuna, amarga dina iki Aku prelu lerem ana ing omahmu."

6Zakhéus énggal-énggal mudhun lan nampi Yésus kanthi bungah.

7Nanging wong kabèh kang weruh padha kedumelan, pangucapé, "Kok karsa lerem ana ing omahé wong dosa."

8Nanging Zakhéus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti, "Gusti, sabarang gadhahan kawula, ingkang sapalih badhé kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula peres, bandha peresan wau badhé kawula wangsulaken tikel sekawan."

9Pangandikané Yésus, "Ing dina iki brayat kéné katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhaké Abraham.

10Sabab Putraning Manungsa iku rawuhé prelu nggolèki lan mitulungi rahayu wong kang ketriwal."

11Yésus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokaké pangandikané, sabab tindaké wus cedhak kutha Yérusalèm sarta panyanané wong-wong mau yèn Kratoning Allah bakal énggal kababar.

12Panjenengané banjur ngandika, "Ana priyagung tindak menyang sawijining negara kang adoh, panjenengané bakal kajumenengaké raja ana ing kana, sawisé iku nuli kondur.

13Banjur nimbali abdiné sapuluh, padha kapasrahan dhuwit sapuluh mina, pangandikané: Dhuwit iki anggonen dagang nganti tumeka sakondurku.

14Nanging panjenengané iku disengiti déning wong-wong ing negarané, mulané tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami mboten trimah, manawi tiyang punika jumeneng raja, ngerèh kawula sadaya.

15Kacarita nalika panjenengané kondur, sawusé kajumenengaké raja, banjur dhawuh nimbali para abdiné, kang padha dipasrahi dhuwit, awit kepéngin nguningani bebathèné siji-siji anggoné laku dagang.

16Wong kang kapisan séba lan munjuk: Gusti, arta panjenengan samina angsal bathi sadasa mina.

17Pangandikané bendarané: Apik banget pagawéanira, hé, abdi kang becik. Sarèhné sira wus tumemen ing bab kang sepélé mulané sira sunparéngaké ngwasani kutha sapuluh.

18Nuli kang kapindho séba sarta munjuk: Gusti, arta panjenengan samina angsal bathi gangsal mina.

19Pangandikané marang wong iku: Déné sira ngwasanana kutha lima.

20Abdi kang katelu séba lan munjuk: Gusti, lah punika arta panjenengan samina, kawula simpen, kawula bundheli ing kacu.

21Awit kula ajrih dhateng panjenengan. Amargi panjenengan punika kereng, karsa mundhut ingkang sanès kagungan panjenengan, punapa déné ngundhuh ingkang sanès sebaran panjenengan.

22Pangandikané marang wong mau: Hé, abdi kang ala, sira bakal dakadili manut ujarira dhéwé. Sira wus ngerti, menawa aku iki wong kang kereng, kang njupuk kang dudu duwèkku, sarta ngundhuh kang dudu sebaranku.

23Yèn mangkono, yagéné dhuwitku ora kokpasrahaké marang wong kang nglakokaké dhuwit, supaya sakondurku kenaa dakpundhut dalah saanakané.

24Banjur ngandika marang wong-wong kang ana ing kono: Jupuken dhuwit samina iku, wènèhna marang kang nggawa sapuluh mina.

25Unjuké wong-wong mau: Gusti, piyambakipun sampun mbekta sadasa mina.

26Paring wangsulané: Aku pitutur marang kowé, saben wong kang duwé, bakal kaparingan, nanging kang ora duwé, bakal kapundhutan, malah iya kang diduwèni pisan.

27Nanging kabèh satruku iki, kang padha ora seneng menawa aku jumeneng rajané, iku padha ladèkna mréné, padha patènana ana ing ngarepku."

28Sawusé ngandika mangkono, Yésus banjur tindak ngrumiyini wong-wong mau, menyang Yérusalèm.

29Bareng wus cedhak désa Bètfagé lan Bètania kang dumunung ing gunung kang aran Gunung Zaitun, Yésus nuli ngutus sakabaté loro

30kalawan kaparingan piweling mangkéné, "Padha menyanga ing désa ing ngarep kaé. Salebumu ing kono, kowé bakal mrangguli belo kuldi cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mréné.

31Lan menawa ana wong kang takon marang kowé: Punapaa kok panjenengan uculi, wangsulana mangkéné: Gusti ingkang ngarsakaken."

32Kang kautus banjur padha mangkat lan tinemuné kaya sapangandikané Yésus mau.

33Nalika lagi padha nguculi kuldi mau, wong kang duwé kuldi padha ngaruh-aruhi, "Kénging punapa kuldinipun kok sampéyan uculi?"

34Wangsulané kang kautus, "Gusti ingkang ngarsakaken."

35Kuldiné tumuli dituntun menyang ngarsané Yésus, banjur dilarabi jubahé, Yésus nuli dibantu anggoné nitih belo iku.

36Sasuwéné tindak, para sakabaté padha njèrèng jubahé ana ing dalan kang dilangkungi.

37Bareng cedhak karo Yérusalèm, ana ing dalan kang mudhun saka Gunung Zaitun, sakèhé murid kang ndhèrèkaké tindaké padha wiwit giyak-giyak lan memuji marang Allah kanthi swara cetha marga saka anané mukjijat-mukjijat, kang wus padha dideleng.

38Mangkéné pangucapé, "Binerkahana Sang Raja ingkang rawuh atas asmaning Pangéran, tentrem-rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing ngaluhur!"

39Ana wong Farisi sawatara kang awor karo wong akèh, iku matur marang Yésus, "Guru, Panjenengan mugi karsa ndukani para murid panjenengan punika."

40Paring wangsulané, "Aku pitutur marang kowé: Menawa wong-wong iku padha meneng, watu-watu iki bakal padha nywara sora."

41Bareng tindaké wis saya cedhak lan pirsa kutha iku banjur muwun,

42Pangandikané, "Adhuh, iba beciké menawa ing dina iki uga kowé nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem-rahayumu! Nanging ing saikiné bab iku sinamar tumrap mripatmu.

43Sabab bakal tumeka wektuné, mungsuhmu padha makuwon ing saubengmu, sarta ngepung lan ngrampid kowé saka ing ngendi-endi.

44Kowé bakal kagempur nganti wrata karo lemah, bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarèkaké watu siji baé kang tumumpang ing watu liyané ing tembokmu, awit kowé ora nyumurupi wayahé anggoné Allah nuwèni kowé."

45Yésus banjur lumebet ing Padaleman Suci, wong kang padha dodolan ana ing kono padha ditundhungi kabèh,

46padha dipangandikani mangkéné, "Ana tulisan: Padalemaningsun iku dalem pamujan, kok kadadèkaké guwaning bégal."

47Saben dina Panjenengané memulang ana ing Padaleman Suci. Para pangareping imam lan para ahli Torèt apadéné para panggedhèning bangsa Israèl padha ngudi nyirnakaké Panjenengané,

48nanging padha ora ngerti patrapé kepriyé, amarga wong kabèh padha tansah kepranan marang Panjenengané sarta padha kepéngin ngrungokaké piwulangé.



 <<  Lukas 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel