Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 8 >> 

1Ora let suwé sawisé iku, Yésus banjur tindak ndlajah kutha-kutha lan désa-désa martakaké Injilé Kratoning Allah, kadhèrèkaké déning sakabaté rolas,

2lan uga déning wong wadon sawatara kang wus padha kawarasaké saka anggoné kasurupan roh-roh reged utawa anggoné nandhang lelara warna-warna, yaiku Maria kang karan Magdaléna, kang wus kauwalaké saka dhemit pitu cacahé,

3Yohana, bojoné Khuza, bendhaharané Hérodès, Susana lan liyané manèh isih akèh. Wong-wong wadon iki padha ngladèni rombongané Yésus sapandhèrèké srana barang darbèké.

4Nalika wong akèh padha gumrudug teka, yaiku wong-wong kang ndhèrèkaké Yésus saka kutha siji menyang kutha liyané, Panjenengané banjur ngandika kanthi pasemon,

5"Ana juru nyebar metu nyebar wijiné, sapérangan tumiba ing pinggir dalan, banjur kapidak-pidak ing wong lan manuk-manuk ing awang-awang padha nucuki nganti entèk.

6Ana kang tumiba ing padhasan, lan bareng wus thukul banjur garing, amarga ora olèh banyu.

7Ana manèh kang tumiba ing satengahing tethukulan eri, kang banjur thukul bebarengan, temahan wijiné kelindhih banget, temahan ora ngetokaké woh.

8Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik, iku thukul sarta metu wohé tikel satus." Sawusé ngandika mangkono Yésus banjur nguwuh mangkéné, "Sapa kang duwé kuping kanggo ngrungokaké, ngrungokna!"

9Para sakabaté padha matur pitakon, apa tegesé pasemon mau.

10Yésus tumuli mangsuli, pangandikané, "Kowé padha kaparingan kanugrahan diparengaké nyumurupi wewadiné Kratoning Allah, nanging tumrap wong-wong liyané prakara iku kagiyaraké kanthi pasemon, supaya sanadyan padha ndeleng, ora weruh, lan sanadyan padha krungu, ora mangerti.

11Déné pasemon mau tegesé mangkéné: Wiji iku pangandikaning Allah.

12Kang tumiba ing pinggir dalan iku wong kang wus padha krungu, banjur diparani Iblis, kang tumuli njupuk pangandika mau saka ing sajroning atiné, supaya aja padha pracaya lan kaslametaké.

13Kang tumiba ing padhasan iku wong kang bareng krungu pangandika mau banjur ditampani kalawan bungah, nanging iku ora ana oyodé, anggoné pracaya mung sadhéla lan bareng kena cobaning ngaurip banjur padha murtad.

14Kang tumiba ing thethukulan eri iku wong kang padha ngrungokaké pangandika, nanging sajroné thukul iku tumuli kalindhih ing rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning ngaurip, satemah ora bisa ngetokaké woh kang mateng.

15Anadéné kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawusé padha ngrungokaké pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan ngetokaké woh."

16"Ora ana wong nyumed lampu, kang banjur ditutupi nganggo genthong utawa didèkèk ing longan, nanging mesthi tumuli ditumpangaké ing cagaké, supaya kabèh wong kang lumebu ing omah padha bisa ndeleng padhangé.

17Sabab ora ana barang kasidhem, kang ora bakal kababar, ora ana wadi, kang ora bakal kawiyak lan dimangertèni wong akèh.

18Awit saka iku, kepriyé anggonmu ngrungokaké, iku gatèkna. Amarga sapa kang duwé iku bakal kaparingan, nanging sapa kang ora duwé, dalah apa kang kanyana dadi duwèké, iku uga bakal dipundhut."

19Yésus banjur dipurugi déning kang ibu lan sadhèrèk-sadhèrèké, nanging marga saka akèhé wong, padha ora bisa nyedhaki Panjenengané.

20Tumuli ana wong kang ngunjuki uninga, aturé, "Ingkang ibu saha sadhèrèk-sadhèrèk Panjenengan wonten ing jawi badhè kapanggih kaliyan Panjenengan."

21Nanging Panjenengané mangsuli, pangandikané, "Ibuku lan sadulur-sadulurku iku wong kang padha ngrungokaké pangandikaning Allah lan banjur dilakoni."

22Ing sawijining dina Yésus nitih prau kadhèrèkaké para sakabaté, tumuli padha dipangandikani mangkéné, "Ayo padha menyang ing sabranging tlaga." Banjur padha mangkat.

23Nalika lagi padha lelayaran iku, Yésus saré. Dumadakan ana prahara ing tlaga kono, satemah prauné klebon banyu lan padha kataman ing bebaya.

24Para sakabat banjur sowan, ngwungu Yésus, unjuké, "Guru, Guru, kawula sami katiwasan!" Panjenengané iya tumuli wungu, angin lan banyu kang ngamuk iku padha didukani, temah lerem, kaananing tlaga dadi anteng.

25Panjenengané nuli ngandika, "Pangandelmu iku ana ing ngendi?" Kabèh padha wedi lan kaéraman, sarta padha sapocapan mangkéné, "Sapa ta Panjenengané iku, déné nganti angin lan banyu padha ngéstokaké dhawuhé?"

26Yésus lan para sakabat banjur ndharat ing tanahé wong Gerasa, ing sabrangé Galiléa.

27Bareng Yésus wus minggah ing dharatan, tumuli ana wong lanang saka ing kutha kono kang sowan ing ngarsané, wong iku kepanjingan sétan-sétan, sarta wus suwé anggoné ora nganggo sandhangan lan ora manggon ing omah, nanging ana ing pakuburan baé.

28Nalika ndeleng Yésus banjur mbengok lan sumungkem ana ing ngarsané sarta matur kalawan swara sora, "Punapa urusan Panjenengan kaliyan kawula, dhuh Yésus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Panjenengan sampun ngantos misakit kawula."

29Anggoné matur mangkono iku amarga Yésus wus dhawuh supaya roh-roh ala iku padha metu saka wong mau. Awit wong iku wus kerep dilarak-larak déning roh mau, mulané kanggo njagani, wong mau banjur diranté lan diblenggu, nanging kabèh mau dipedhot, lan wongé nuli digiring déning sétan menyang ing papan-papan kang sepi.

30Yésus banjur ndangu, "Sapa jenengmu?" Atur wangsulané, "Legion," awit sétan kang nyurupi iku akèh.

31Sétan-sétan iku nuli nyuwun marang Yésus, aja nganti didhawuhi lumebu ing juranging pati.

32Kacarita ing kono ana babi kang akèh banget cacahé lagi padha golèk pangan ana ing èrèng-èrènging gunung. Sétan-sétan mau banjur nyuwun, supaya diparengaké lumebu ing babi-babi iku. Iku diparengaké.

33Sétan-sétan mau banjur padha metu saka wong iku lan manjing ing babi-babi. Pepanthan babi iku tumuli gumrudug mlayu ing tepining jurang lan ambyur ing tlaga dadi lan patiné.

34Bareng para pangon babi padha nyumurupi lelakon mangkono iku, banjur padha mlayu lan nyritakaké bab iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa-tengené.

35Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kelakon. Banjur padha sowan ing ngarsané Yésus sarta padha nyumurupi wong kang wus ditinggal déning sétan-sétané mau linggih cedhak ing sampéyané Yésus, wus manganggo lan wus waras. Wasana padha wedi.

36Wong-wong kang wus padha nyumurupi dhéwé iku padha nyritani kang lagi padha teka iku, kepriyé anggoné wong kang kapanjingan sétan iku wus kaslametaké.

37Wasana wong kabèh ing laladané Gerasa padha nyuwun marang Yésus, supaya karsa tindak saka ing kono, marga padha wedi banget. Panjenengané banjur minggah ing prau lan wangsul nyabrang.

38Wong kang wus koncatan sétan mau nyuwun supaya diparengna ndhèrèk, nanging Yésus ndhawuhi lunga, pangandikané,

39"Kowé muliha menyang omahmu lan critakna kabèh apa kang wus katandukaké déning Allah marang kowé." Wong mau iya banjur lunga lan ndlajahi sakutha kabèh kalawan nyritakaké apa kang wus katindakaké déning Yésus tumrap ing awaké.

40Kacarita bareng Yésus wangsul, banjur dipethukaké déning wong akèh, awit kabèh pancèn padha ngantu-antu rawuhé.

41Banjur ana wong kang sowan, jenengé Yairus, kepalané papan pangibadah, nuli tumungkul sujud ana ing ngarsané Yésus, nyuwun supaya Yésus karsa rawuh ing omahé,

42amarga anaké wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun mèh mati. Yésus nalika tindak mrana, sarirané kadhesek-dhesek ing wong akèh.

43Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas taun lawasé, ora waras-waras, sanadyan wus ditambani sapa baé.

44Iku banjur maju nyedhaki Yésus saka ing buri lan ndemèk gombyoking jubahé. Padha sanalika pampet anggoné nggrajag getih.

45Yésus banjur ngandika, "Sapa kang ndemèk Aku?" Sarèhné ora ana kang ngaku, Pétrus nuli matur, "Guru, tiyang kathah sami ngrubung lan sami ndhesek Panjenengan makaten."

46Nanging Yésus ngandika, "Ana wong kang ndemèk Aku, sabab Aku krasa ana daya kang metu saka Aku."

47Bareng wong wadon iku mau mangerti, yèn kauningan, banjur marek kalawan gumeter, sumungkem ing ngarsané, apadéné tumuli mratélakaké marang wong akèh, apa sababé ndemèk Panjenengané sarta anggoné sanalika banjur waras.

48Yésus nuli ngandika marang wong mau, "Hé, anakku, pracayamu kang wus mitulungi kowé, mundura kalawan tentrem-rahayu!"

49Nalika Yésus isih ngandikan, ana krabaté kepala papan pangibadah iku kang teka lan matur, "Anakmu wus mati, aja ngribeti Guru manèh."

50Nanging Yésus midhanget sarta banjur ngandika marang Yairus, "Aja wedi, kumandela baé, anakmu bakal slamet."

51Sarawuhé ing omahé Yairus, Yésus ora marengaké wong siji-sijia ndhèrèk mlebu karo Panjenengané, kajaba Pétrus, Yohanes lan Yakobus tuwin bapakné sarta ibuné bocahé.

52Wong kabèh padha nangisi bocahé kalawan ngadhuh-adhuh. Nanging Yésus ngandika, "Aja padha nangis, bocahé ora mati, mung turu."

53Wong-wong iku padha nggeguyu Panjenengané, amarga padha weruh, yèn bocahé wis mati.

54Yésus banjur ngasta tangané bocah kang mati iku sarta nguwuh, pangandikané, "Hé, nggèr, tangia!"

55Nyawané bocah mau tumuli bali lan sanalika iku uga bocahé tangi. Yésus banjur dhawuh mènèhi mangan.

56Wong tuwané bocah mau padha kaéraman, nanging padha ora diparengaké martak-martakaké lelakon mau marang sapa baé.



 <<  Lukas 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel