Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 10 >> 

1Yésus tumuli nimbali sakabaté rolas sarta padha diparingi pangwasa nundhungi sétan lan nyarasaké sarupaning lelara lan sarupaning memala.

2Déné jenengé para rasul rolas mau yaiku: Kang wiwitan Simon kang karan Pétrus, lan Andréas saduluré, Yakobus anaké Zébédéus, lan Yohanes saduluré,

3Filipus lan Bartoloméus, Tomas lan Matius juru-narik-pajeg, Yakobus anaké Alféus, lan Tadéus,

4Simon wong Zélot lan Yudas Iskariot, kang ngulungaké Panjenengané.

5Wong rolas mau padha diutus déning Yésus sarta diparingi piweling mangkéné, "Kowé aja padha nyimpang menyang dalané wong kang ora wanuh marang Allah lan aja lumebu ing kuthané wong Samaria,

6nanging luwih becik padha maranana wedhus-wedhusé Banisraèl kang padha ketriwal.

7Padha mangkata lan padha memulanga mangkéné: Kratoning Swarga wus cedhak.

8Wong lara padha warasna, wong mati tangèkna, biraten najisé wong lara kusta; sétan-sétan padha tundhungana. Kowé wis padha nampani kanthi lelahanan, mulané wènèhna kanthi lelahanan uga.

9Aja padha nggawa emas utawa salaka lan tembaga ana ing sabukmu.

10Aja padha nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut-gawé iku wis sapantesé yèn tampa pituwas.

11Menawa kowé lumebu ing kutha utawa ing désa, golèka wong kang pantes, banjur manggona ana ing kono nganti salungamu.

12Menawa kowé lumebu ing omahé wong, ulukana salam.

13Menawa kanthi pantes nampani salammu, salammu tumanduk marang wong-wong iku, nanging menawa ora pantes, salammu iku bali marang kowé manèh.

14Déné yèn ana wong kang ora nampani kowé lan ora ngrungokaké tetembunganmu, endang lungaa lan metua saka omah utawa kutha kono, sarta ketabna lebuné sikilmu.

15Satemené Aku pitutur marang kowé: Bésuk ing dina pangadilan kang sinangga déning Sodom lan Gomora bakal luwih ènthèng katimbang karo kutha iku."

16"Lah kowé padha dakutus kayadéné wedhus gèmbèl menyang ing satengahing asu ajag, mulané dingati-ati kaya ula lan dibarès kaya manuk dara.

17Nanging sing waspada marang wong kabèh; sabab ana kang bakal ngladèkaké kowé marang pradata agama, kang banjur nggitiki kowé ana ing papan-papan pangibadahé.

18Lan marga saka Aku, kowé bakal padha diirid menyang ngarsané para kang padha ngasta pangwasa lan para raja, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kang ora wanuh marang Allah.

19Anadéné menawa kowé padha kelakon diladèkaké, aja padha sumelang ing bab kepriyé lan apa kang bakal kokaturaké, amarga ing sanalika iku uga kowé bakal kaparingan apa kang prelu kokaturaké.

20Awit dudu kowé kang celathu, nanging Rohé Ramamu kang ngandika lantaran kowé.

21Sadulur bakal masrahaké padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahaké anaké, lan anak-anak bakal padha wani marang wong-tuwané lan banjur dipatèni.

22Lan kowé bakal disengiti ing wong kabèh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.

23Menawa kowé dianiaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyané; awit satemené Aku pitutur marang kowé: Sadurungé kowé ndlajahi kutha-kutha Israèl kabèh, Putraning Manungsa wus rawuh.

24Mungguh sakabat iku ora ngungkuli guruné, utawa abdi iya ora ngungkuli bendarané.

25Tumraping sakabat wis cukup, yèn nganti karengkuh padha kaya guruné, lan tumrap abdi, yèn karengkuh padha kaya bendarané. Menawa kang duwé omah disebut Bèèlzebul, apa manèh brayaté saomah.

26Mulané wong iku aja padha kokwedèni, awit ora ana barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikaké, kang bakal ora kaweruhan.

27Apa kang dakpituturaké ana ing petengan, iku kandhakna ana ing padhangan; lan apa kang kokrungokaké kanthi bisik-bisik, iku padha wartakna saka ing payon-payon.

28Aja wedi marang wong-wong kang bisa matèni raga, nanging ora bisa matèni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengané, kang bisa ngrusak karo-karoné ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.

29Manuk glathik loro apa ora mung payu saasarion? Éwadéné siji baé ora ana kang tiba ing lemah, yèn ora saka karsané Ramamu.

30Mangka kowé iku, malah dalasan rambutmu wis padha diétung kabèh.

31Mulané aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk glathik pirang-pirang.

32Saben wong kang ngakoni Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal dakakoni ana ing ngarsané Ramaku kang ana ing swarga.

33Nanging sing sapa nyélaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal daksélaki ana ing ngarsané Ramaku kang ana ing swarga."

34"Kowé aja padha ngira, yèn tekaku nggawa pirukun ana ing bumi. Tekaku iku ora nggawa pirukun nanging pedhang.

35Sabab tekaku iku njalari wong crah karo bapakné, anak wadon karo embokné; mantu wadon karo embokné maratuwa,

36karodéné mungsuhé wong yaiku para kang nunggal saomah kabèh.

37Sing sapa nresnani bapa utawa biyungé nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anaké lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.

38Sing sapa nampani ora manggul salibé lan ngetut-buri marang Aku, iku ora pantes tumraping Aku.

39Sing sapa ngéman nyawané, bakal kélangan nyawané, lan sing sapa kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal olèh nyawané.

40Sing sapa nampani kowé, iku dadi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku.

41Sing sapa nampani nabi marga saka anggoné dadi nabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing sapa nampani wong mursid, marga saka anggoné mursid, bakal tampa pituwasing wong mursid.

42Apadéné sing sapa awèh banyu adhem sacangkir baé marang salah sawijining wong cilik iki, marga iku sakabatku, Aku pitutur marang kowé satemené: wong iku mesthi bakal tampa pituwasé."



 <<  Matius 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel