Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 21 >> 

1Bareng tindaké wis cedhak Yérusalèm, wis tekan ing Bètfagé ing Gunung Zaitun, Yésus banjur utusan sakabaté loro,

2dhawuhé marang para sakabaté mau, "Padha menyanga ing désa ngarepmu iku, ing kono kowé bakal énggal mrangguli kuldi wadon kacancang karo beloné ana ing sandhingé, padha uculana padha gawanen mréné.

3Déné menawa ana wong aruh-aruh marang kowé, padha kandhaa: Gusti kang ngarsakaké. Panjenengané bakal énggal mbalèkaké."

4Bab iku kalakoné supaya katetepana apa kang kawedharaké déning nabi, pangandikané,

5"Tutura marang putri Sion: Delengen, Rajanira ngrawuhi sira, alus ing panggalih, lan klawan nitih kuldi wadon, sarta beloning kuldi momotan."

6Sakabat-sakabat mau banjur mangkat lan nindakaké kaya kang kadhawuhaké déning Yésus.

7Kuldiné karo beloné digawa, banjur dilarabi sandhangané. Panjenengané tumuli nitih.

8Wong golongan kang akèh cacahé iku padha njèrèng panganggoné ana ing dalan, ana manéh kang padha mecoki pang-panging wit-witan, padha disebar ana ing dalan.

9Lan wong golongan kang padha lumaku ana ing sangareping Panjenengané lan kang lumaku ana ing saburiné padha nguwuh-uwuh pangucapé, "Hosana konjuk ing Putranipun Daud, binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran. Hosana wonten ing ngaluhur."

10Nalika Panjenengané lumebet ing Yérusalèm, wong sakutha kabèh padha horeg, lan padha ngucap, "Sapa ta wong iki?"

11Wong golongan padha mangsuli, "Iku Nabi Yésus saka Nasarèt ing Galiléa."

12Yésus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha adol-tinuku ana ing Padaleman Suci, méja-méjané wong juru-tukar dhuwit lan bangku-bangkuné wong adol manuk dara padha digolingaké,

13Panjenengané ngandika marang wong-wong iku, "Wus tinulis, Padalemaningsun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadèkaké guwaning bégal."

14Tumuli ana wong wuta lan wong pincang padha marek ing ngarsané Yésus ana ing Padaleman Suci lan Panjenengané banjur nyarasaké wong loro iku.

15Éwadéné bareng para pangarepé imam lan para ahli Torèt padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakaké, sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci, "Hosana konjuk ing Putranipun Daud!", atiné padha jèngkèl banget,

16banjur matur marang Panjenengané, "Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaken laré-laré punika?" Yésus ngandika marang wong-wong iku, "Iya, krungu; apa kowé durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji lantaran cangkemipun laré-laré saha bayi-bayi?"

17Panjenengané banjur nilar wong-wong mau, miyos saka kutha menyang Bètania lan nyaré ana ing kono.

18Ing wayah bangun ésuk nalika wangsul menyang kutha, Yésus kraos kerapan.

19Bareng pirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, Panjenengané tumuli murugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur ngandika, "Ora bakal metu wohmu manèh ing salawas-lawasé!" Padha sanalika wit anjir mau dadi garing.

20Weruh kang kaya mangkono iku para sakabat padha kaéraman sarta munjuk, "Kadospundi, déné wit anjir punika lajeng dados garing sanalika?"

21Nanging Yésus paring wangsulan lan ngandika marang para sakabat, "Satemené Aku pitutur marang kowé, menawa kowé pracaya lan ora mangu-mangu, kowé bakal ora mung nindakaké apa kang wus kelakon tumraping wit anjir iku, nanging malah saupama kowé guneman marang gunung iki, ‘Kaangkata lan kajegurna ing sagara’, iku bakal kelakon.

22Lan apa baé kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, kowé bakal kaparingan."

23Yésus lumebet ing Padaleman Suci, lan nalika Panjenengané lagi memulang para pangarepé imam lan pinituwané bangsa Yahudi padha marek ing ngarsané, lan padha matur, "Atas pangwaos punapa Panjenengan nindakaken sedaya punika? Saha sinten ingkang maringi pangwaos punika dhateng Panjenengan?"

24Yésus paring wangsulan, "Aku iya arep takon marang kowé lan yèn kowé wis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandha marang kowé, Aku tumindak mangkono iku atas pangwasa saka ngendi.

25Pambaptisé Yohanes iku saka ngendi? Saka swarga apa saka manungsa?" Wong-wong mau banjur padha nimbang-nimbang lan padha rembugan, "Yèn aku padha kandha: saka swarga. Wong iku bakal kandha: yèn mangkono yagéné kowé ora pracaya?

26Nanging menawa aku kandha: Saka manungsa, aku padha wedi karo wong golongan iku, awit wong iku kabèh padha nganggep Yohanes iku nabi."

27Banjur padha ngaturi wangsulan marang Yésus, "Kula sami mboten sumerep." Yésus tumuli ngandika marang wong-wong mau, "Yèn mangkono Aku iya ora kandha marang kowé atas pangwasa saka ngendi kabèh iku daktindakaké."

28"Nanging kepriyé panemumu? Ana wong duwé anak lanang loro. Wong mau marani kang pambarep lan kandha: Nggèr, dina iki kowé nyambuta gawé ana ing kebon anggur.

29Anaké mangsuli: Inggih, pak. Nanging ora mangkat.

30Wong mau banjur marani anaké lanang kang angka loro sarta dikandhani mangkono uga, nanging anaké mangsuli: Kula mboten purun. Sawusé iku kaduwung, nuli mangkat.

31Anak loro mau endi sing nindakaké karepé bapakné?" Atur wangsulané wong-wong mau, "Ingkang kantun." Pangandikané Yésus, "Satemené Aku pitutur marang kowé: para juru-mupu-béya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowé lumebu ing Kratoning Allah.

32Sabab Yohanes nekani kowé kanthi ngambah margining Allah, nanging kowé padha ora pracaya, mangka para juru-mupu-béya lan para wanita tuna-susila padha pracaya. Déné kowé kabèh sanadyan padha weruh, ora keduwung lan sabanjuré pracaya marang panjenengané."

33"Kowé padha ngrungokna pasemon liyané. Ana sawijining bendara kang nanduri kebon-angguré lan masang pager ngubengi kebon-anggur iku sarta ngedhuk jugangan pamipitan anggur sajroné pakebonan anggur iku, apadéné mbangun panggung pajagan, banjur nyéwakaké keboné marang tani-tani kang nggarap séwan, tumuli lelungan menyang nagara liya.

34Bareng mangsané ngundhuh wus cedhak, bendara iku kongkonan réwang-réwangé menyang anggoné para kang nyéwa, njupuk pametu kang dadi pandumané.

35Nanging para kang nyéwa iku padha nyekel réwang-réwangé bendara mau; nggebugi kang siji, matèni sijiné, lan mbenturi watu sijiné manèh.

36Bendara iku banjur kongkonan manèh réwang-réwang liyané, luwih akèh katimbang kang dhisik, nanging para kang nyéwa iku nggawé para réwang mau padha kaya kang dhisik.

37Wasana banjur kongkonan anaké, celathuné: Bakal padha éring marang anakku.

38Nanging bareng wong-wong kang nyéwa weruh anaké mau, banjur padha rasanan mangkéné: Iku ahli warisé, payo padha kita patèni lan kita padha ndarbèni warisané.

39Anaké mau banjur dicekel lan diuncalaké menyang sanjabaning kebon anggur, sarta dipatèni.

40Mulané samangsa kang duwé kebon anggur mau wus teka, iku bakal nindakaké apa marang kang padha nyéwa iku?"

41Kang padha kadangu munjuk, "Bendara wau badhé nyirnakaken tiyang-tiyang duraka punika lan nyéwakaken kebon angguripun dhateng tiyang-tiyang sanèsipun ingkang badhé ngladosaken pamedalipun ing mangsanipun."

42Yésus ngandika marang wong-wong iku "Apa kowé durung tau maca ing Kitab Suci mangkéné: Watu kang ditampik déning tukang-tukang gawé omah, iku wis dadi watu pojokan. Kadadéan iki saka Pangéran, sarta élok ana ing pandeleng kita.

43Mulané Aku pitutur marang kowé, yèn Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowé lan bakal kaparingaké marang sawenèhing bangsa kang bakal metokaké wohé.

44[Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]"

45Bareng para pangareping imam lan para Farisi krungu pasemon-pasemon mau, padha rumangsa yèn Panjenengané iku ngandika bab awaké.

46Lan nalika padha mbudi-daya nyekel Panjenengané, wong-wong iku padha wedi marang wong golongan, amarga iku padha nganggep nabi marang Panjenengané.



 <<  Matius 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel