Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 5 >> 

1Bareng Yésus pirsa wong golongan iku, banjur minggah ing gunung lan sawisé lenggah, para sakabaté padha ngadhep ing ngarsané.

2Panjenengané tumuli medhar sabda, paring piwulang, pangandikané,

3"Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduwèni Kratoning Swarga.

4Rahayu wong kang prihatin, awit iku kang bakal padha kalipur.

5Rahayu wong kang lembah-manah, awit iku kang bakal padha tampa warisan bumi.

6Rahayu wong kang kaluwèn lan ngelak marang karsané Allah, awit iku kang bakal padha kawaregan.

7Rahayu wong kang ambek-welasan, awit iku bakal padha olèh piwelas.

8Rahayu wong kang resik atiné, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.

9Rahayu wong kang dhemen gawé tentrem, awit iku kang bakal padha kasebut para putraning Allah.

10Rahayu wong kang kaaniaya marga nindakaké karsané Allah, awit iku kang padha nduwèni Kratoning Swarga.

11Rahayu kowé, menawa kowé diwewada lan dianiaya sarta didakwa nindakaké sarupaning piala kang ora nyata, marga saka Aku.

12Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhé ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggoné wong-wong padha nganiaya para nabi sadurungé kowé."

13"Kowé iku uyahing bumi. Lah yèn uyah iku ilang asiné, arep diasinaké nganggo apa? Wus ora ana gunané manèh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.

14Kowé iku pepadhanging jagat. Kutha kang ana ing ndhuwur gunung iku ora kaling-kalingan.

15Lan manèh wong nyumed lampu iku ora disèlèhaké ing sangisoré genthong, nanging ditumpangaké ing cagak-lampu, temah madhangi kabèh kang ana ing jero omah iku.

16Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, temah padha sumurup marang panggawému kang becik, banjur padha ngluhuraké Ramamu kang ana ing swarga."

17"Kowé aja padha ngira, yèn Aku teka supaya mbatalaké Torèt utawa kitabé para nabi. Tekaku iki ora supaya mbatalaké, nanging nyampurnakaké.

18Awit satemené Aku pitutur marang kowé: Nganti langit lan bumi iki sirna, dadia aksara kang cilik dhéwé utawa titik siji baé ora ana kang kabuwang saka ing Torèt, sadurungé iku kabèh kalakon.

19Mulané sing sapa mbatalaké salah siji saka pepakoning angger-angger iki, sanadyan kang cilik dhéwé, sarta mulangaké mangkono marang wong, iku bakal kasebut kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakaké lan mulangaké pepakoning Torèt kabèh, iku bakal kasebut kang gedhé ana ing Kratoning Swarga.

20Mulané Aku pitutur marang kowé: Menawa anggonmu netepi karsané Allah ora ngungkuli para ngulama lan para Farisi, kowé mesthi ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga."

21"Kowé wis padha krungu, yèn wus kapangandikakaké marang para leluhur: Sira aja mematèni, sing sapa mematèni kudu diladèkaké marang pangadilan.

22Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa nepsu marang saduluré, kudu diladèkaké marang pangadilan; sing sapa ngunèkaké saduluré: Kapir, kudu diukum déning pangadilan agama, lan sing sapa ngunèkaké: Murtad, kudu kacemplungaké ing naraka murub.

23Mulané menawa kowé lagi lumaku nggawa pisungsung menyang misbyah, mangka banjur kèlingan yèn sadulurmu lagi duwé ganjelan ing atiné tumrap kowé,

24pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepé misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawisé iku banjur balia, nyaosna pisungsungmu.

25Endang rukuna karo lawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowé aja nganti diladèkaké déning lawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahaké kowé marang pambantuné, temahan kowé dilebokaké ing pakunjaran.

26Satemené Aku pitutur marang kowé: Kowé ora bakal metu saka ing kono, sadurungé kowé nyaur utangmu nganti sah."

27"Kowé wis padha krungu pangandika mangkéné: Sira aja laku jina!

28Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan derenging napsu marang dhèwèké, iku wus laku jina sajroning atiné.

29Mulané menawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kélangan salah siji saka péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing naraka.

30Lan manèh menawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kélangan salah siji péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing naraka.

31Uga ana pangandika mangkéné: Sing sapa megat bojoné, kudu mènèhi layang pegat.

32Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa megat bojoné ora jalaran saka laku jina, iku ndadèkaké bojoné laku jina lan sing sapa ngalap bojo wong wadon kang kapegat mau, dadi laku jina."

33"Kowé wis padha krungu, yèn para leluhur padha tampa pangandika mangkéné: Aja nglairaké sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangéran.

34Nanging Aku malah pitutur marang kowé: Aja supata babar pisan, dadia demi swarga, awit iku dhamparing Allah,

35dadia demi bumi, awit iku ancik-anciking sampéyané, dadia demi Yérusalèm, awit iku kuthané Nata Agung.

36Iya aja supata demi sirahmu, awit kowé ora bisa mutihaké utawa ngirengaké rambutmu saeler baé.

37Yèn iya, kandhaa: Iya, yèn ora, kandhaa: Ora. Saluwihé saka iku, asalé saka pangawak dursila."

38"Kowé wis padha krungu pangandika mangkéné: Mripat winales mripat, untu winales untu.

39Nanging Aku pitutur marang kowé: Kowé aja nglawan marang wong kang gawé piala marang kowé, malah sapa kang napuk pipimu tengen, pipimu kiwa ulungna pisan.

40Lan menawa ana wong kang arep prakaran karo kowé, sedyané ngepèk klambimu, jubahmu pasrahna pisan.

41Apadéné menawa kowé dipeksa dikon ngiringaké lakuné wong samil, iringna nganti rong mil.

42Yèn ana wong njejaluk marang kowé, wènèhana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowé."

43"Kowé iya wis padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira!

44Nanging aku malah pitutur marang kowé: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowé padha dongakna slamet,

45sarana mangkono kowé padha dadi putrané Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethèkaké srengéngé marang wong ala lan wong becik, sarta nurunaké udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.

46Déné menawa kowé tresna marang wong kang nresnani kowé, iku kowé olèh pituwas apa? Para juru-mupu-béya rak ya tumindak mangkono, ta?

47Lan menawa kowé awèh salam mung marang sadulur-sadulurmu baé, kaluwihanmu apa? Wong kang ora wanuh marang Allah rak ya tumindak mangkono, ta?

48Mulané kowé padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna."



 <<  Matius 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel