Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 16 >> 

1Bareng dina Sabat wis keliwat, Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yakobus apadéné Salomé padha tuku rempah-rempah wangi kanthi sedya bali manèh menyang pasaréan arep njebadi Yésus.

2Wayah bangun ésuk ing dina kapisan ing minggu iku, sawisé srengéngéné mlethèk, wong-wong wadon mau padha lunga menyang pasaréan.

3Banjur padha rasanan, "Sapa kang bakal ngglundhungaké watuné kanggo kita saka lawanging pasaréan?"

4Nanging bareng padha ndeleng saka cedhakan, banjur padha weruh yèn watuné wis ngglundhung, mangka watu mau gedhé banget.

5Nuli padha lumebu ing pasaréan lan padha weruh priya nom-noman lenggah ing sisih tengen ngagem jubah putih, mulané padha kagèt.

6Nanging priya nom-noman mau tumuli ngandika marang para wong wadon iku, "Aja padha wedi! Kowé padha nggolèki Yésus saka Nasarèt, kang wus kasalib iku. Panjenengané wus wungu. Ora ana ing kéné. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarèkaké Panjenengané.

7Nanging saiki padha lungaa, kandhaa marang para sakabaté lan Pétrus: Panjenengané tindak ngrumiyini kowé kabèh menyang Galiléa; ing kana kowé bakal padha ndeleng Panjenengané, kaya kang wus dingandikakaké marang kowé kabèh."

8Wong-wong wadon mau banjur padha mlayu metu saka pasaréan, amarga padha giris lan geter, apadéné ora kandha apa-apa marang sapa baé, marga padha wedi. [Déné wong-wong wadon iku kanthi ringkes nerusaké sakèhing piwelingé malaékat mau marang Pétrus lan kanca-kancané. Sawusé iku Yésus piyambak lumantar para sakabat martakaké saka wétan nganti tekan kulon pawarta kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakaké, bab pawartaning karahayon kang langgeng.]

9[Bareng Yésus wis wungu nalikané isih ésuk umun-umun ing dina kapisan ing minggu iku, kang dhisik dhéwé Panjenengané ngatingal marang Maria Magdaléna, kang saka wong iku, Panjenengané wis nundhung sétan pitu.

10Wong wadon mau nuli lunga wewarta bab iku marang wong kabèh, kang biyèn padha ndhèrèkaké Panjenengané, lan kang ing waktu samana lagi padha susah lan nangis.

11Nanging bareng padha krungu, yèn Yésus wungu lan wis kadeleng déning Maria, wong-wong iku padha ora ngandel.

12Sawisé iku, Panjenengané ngatingal ngagem rupi kang béda marang wong loro panunggalané, nalika sakaroné padha lumaku menyang njaban kutha.

13Wong loro mau banjur bali padha wewarta bab iku marang murid-murid liyané, nanging iya padha ora ngandel.

14Pungkasané, Panjenengané ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur netah marang wong sawelas iku bab cupeting pangandel lan wangkoting atiné, déné padha ora ngandel marang wong-wong kang wus padha ndeleng Panjenengané sawisé wungu.

15Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat sawelas mau, "Padha lungaa menyang saindenging jagat, padha martakna Injil marang sakèhing tumitah.

16Sapa kang pracaya lan kabaptis, bakal kaslametaké, balik kang ora pracaya bakal kaukum.

17Pratandha-pratandha iki bakal mbarengi para wong kang pracaya: Wong-wong pracaya iku bakal padha nundhungi sétan sarana jenengku, bakal padha guneman nganggo basa-basa anyar.

18Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombé racun kang matèni, ora bakal cilaka; bakal padha numpangi tangan marang para kang lara, lan iku bakal padha waras."

19Sawisé Gusti Yésus ngandika kang mangkono marang para sakabat, Panjenengané banjur kasengkakaké menyang swarga lan lenggah ing satengené Allah.

20Déné para sakabaté iku banjur padha lunga memulang ing endi-endi, sarta Gusti nyarengi makarya, apadéné ngekahaké piwulangé sarana pratandha-pratandha.]



 <<  Markus 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel