Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 8 >> 

1Ing nalika iku, ana manèh wong golongan kang akèh cacahé lan marga padha ora duwé pangan, Panjenengané banjur nimbali para sakabat sarta ngandika,

2"Atiku kok welas marang wong golongan iki, awit wus telung dina iki padha ngetutaké Aku terus, mangka padha ora duwé pangan.

3Menawa dakkon padha bali menyang omahé kanthi weteng luwé, rak iya bakal padha ambruk ana ing dalan, sabab ing antarané wong golongan iki ana sawatara kang adoh asalé."

4Para sakabaté padha munjuk marang Panjenengané, "Wonten ing pasamunan punika, saking pundi tiyang sagedipun angsal roti kanggé nuwuki tiyang-tiyang punika?"

5Panjenengané banjur ndangu para sakabat, "Kowé padha duwé roti pira?" Para sakabat tumuli padha matur, "Wonten pitu."

6Panjenengané nuli ndhawuhi wong golongan iku lungguh ana ing lemah. Sawisé mangkono, Panjenengané banjur mundhut roti pitu mau, lan sawisé saos sokur, nuli nyuwil-nyuwil roti iku sarta maringaké marang para sakabat supaya ngedum-dumaké, lan tumuli padha mbagé roti iku kanthi rata marang wong golongan.

7Para sakabat uga duwé iwak loh cilik-cilik sawatara, lan sawusé saos sokur, Panjenengané banjur dhawuh supaya iku iya didum-dumaké.

8Wong-wong tumuli padha mangan, nganti wareg. Para sakabat banjur padha ngukupi cuwilan-cuwilan sisané roti, dadi pitung wakul.

9Anadéné wong golongan iku cacahé watara patang èwu. Banjur padha didhawuhi mulih.

10Panjenengané nuli énggal minggah ing prau bareng karo para sakabaté lan tindak menyang wilayah Dalmanuta.

11Para wong Farisi tumuli padha sowan, banjur wiwit bebantahan karo Yésus. Kanggo nguji, wong-wong mau nyuwun pratanda saka swarga marang Panjenengané.

12Kalawan ngresula penggalihé, Panjenengané ngandika, "Généya wong-wong jaman iki padha nyuwun pratandha? Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, wong-wong iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha."

13Panjenengané banjur nilar wong-wong iku lan minggah manèh ing prau tindak menyang sabrang.

14Para sakabat lali ora nggawa roti, kejaba mung duwé roti siji kang ana ing prau.

15Yésus banjur ngèngetaké marang para sakabaté, pangandikané, "Padha diawas, lan dingati-ati marang raginé wong Farisi lan raginé Hérodès."

16Para sakabat banjur rerasan anggoné padha ora duwé roti.

17Bareng Yésus pirsa, banjur ngandika, "Yagéné kowé padha rerasan bab anggonmu ora duwé roti? Apa kowé padha durung paham lan uga durung ngerti? Apa atimu wus dadi kethul?

18Kowé iku duwé mripat apa padha ora ndeleng, lan kowé iku duwé kuping apa padha ora ngrungu? Apa kowé padha ora kèlingan,

19nalika Aku nyuwil-nyuwil roti lima kanggo wong limang èwu; kowé padha ngukupi cuwil-cuwilan roti dadi pirang wakul kebak?" Para sakabat padha matur marang Panjenengané, "Kalih welas wakul."

20"Lan nalika roti pitu kanggo wong patang èwu, kowé padha ngukupi cuwil-cuwilan roti pirang wakul kebak?" Para sakabat banjur matur marang Panjenengané, "Pitung wakul."

21Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, "Apa kowé isih padha durung ngerti?"

22Yésus lan para sakabaté banjur rawuh ing Bètsaida. Wong-wong tumuli nggawa wong wuta sowan ing ngarsané Yésus, sarta padha nyuwun supaya Panjenengané karsa ndemèk wong wuta mau.

23Panjenengané tumuli ngasta tangané kang wuta mau lan nuntun wong iku menyang sajabané désa. Bareng wus ngecohi mripaté apadéné numpangi asta wong iku, Panjenengané banjur ndangu, "Apa kowé weruh apa-apa?"

24Bareng wong wuta mau wiwit bisa weruh banjur munjuk, "Kawula ningali tiyang-tiyang kadosdéné wit-witan nanging ketingalipun sami mlampah."

25Yésus banjur numpangaké astané manèh ing mripaté wong iku, lan wong mau bisa ndeleng temenan sarta wis waras, temahan bisa ndeleng apa baé kanthi cetha.

26Panjenengané tumuli ndhawuhi wong mau mulih menyang omahé, karo dingandikani, "Aja mampir ing désa kono!"

27Yésus dalah para sakabaté banjur tindak menyang désa-désa sakiwa-tengené Kaisaréa Filipi. Ana ing dalan, Panjenengané ndangu marang para sakabat, "Wong-wong padha ngarani Aku iki sapa?"

28Para sakabat padha ngaturi wangsulan marang Panjenengané, aturé, "Wonten ingkang mastani Yohanes Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani Élia, sanèsipun malih mastani salah setunggalipun para nabi."

29Panjenengané banjur ndangu marang para sakabat, "Nanging kowé padha ngarani Aku iki sapa?" Petrus nuli matur, "Panjenengan punika Mésias!"

30Panjenengané banjur wanti-wanti anggoné meling para sakabat supaya aja martakaké marang sapa baé bab Panjenengané.

31Yésus tumuli wiwit mulang marang para sakabaté, yèn Putraning Manungsa iku kudu nglampahi sangsara akèh, sarta ditampik déning para pinituwa lan para pangareping imam tuwin para ahli Torèt, apadéné disédani lan sawisé telung dina wungu manèh.

32Bab iki dingandikakaké kanthi ngeblak. Nanging Pétrus banjur narik Panjenengané minggir sarta ngèngetaké kanthi temenan.

33Nanging Panjenengané banjur minger lan kalawan mirsani para sakabaté, ndukani Pétrus kanthi keras, "Sumingkira, hé Iblis, sabab kowé ora mikir apa kang digalih déning Allah, nanging apa kang dipikir déning manungsa."

34Yésus tumuli nimbali wong akèh karo para sakabaté sarta ngandika marang wong iku kabèh, "Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura awaké dhéwé, manggula salibé lan mèlua Aku.

35Awit sing sapa arep nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging sing sapa kélangan nyawané marga saka Aku lan marga saka Injil, iku bakal nylametaké nyawané.

36Apa gunané wong olèh jagat iki kabèh, nanging kélangan nyawané?

37Awit apa ta kang kena diwènèhaké kanggo ngijoli nyawané?

38Sabab sing sapa isin karana Aku lan marga saka tetembunganku ana ing ngarepé wong-wong kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, menawa bésuk Panjenengané rawuh ngagem kamulyané Ingkang Rama, bareng karo para malaékat suci."



 <<  Markus 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel