Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 13 >> 

1Saben wong sumuyuda marang pangwasa kang mbawahaké, sabab ora ana pangwasa kang asalé ora saka Allah; lan para pangwasa kang ana iku padha katetepaké déning Allah.

2Mulané sing sapa mbaléla marang pamaréntah, ateges mbangkang marang pranatané Allah, lan sapa baé kang mbaléla, bakal nekakaké paukuman tumrap awaké dhéwé.

3Awit sing sapa tumindak becik, ora usah wedi marang pamaréntah, mung menawa nglakoni panggawé ala baé. Apa kowé gelem urip tanpa wedi marang pamaréntah? Nindakna apa kang becik, temah kowé bakal olèh pangalemé.

4Awit pamaréntah iku abdiné Allah kanggo kabecikanmu. Nanging menawa kowé nindakaké piala, pancèn iya kudu wedi, marga ora tanpa gawé anggoné pamaréntah iku nganggar pedhang. Pamaréntah iku abdiné Allah kanggo malesaké bebenduné Allah tumrap kang padha nindakaké piala.

5Mulané kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebenduné Allah baé, nanging uga marga saka osiking ati kita.

6Iya marga saka iku anggonmu padha mbayar pajeg. Awit kang padha ngurusi iku mau padha dadi abdiné Allah.

7Mbayara marang wong kabèh apa baé kang kudu kokbayar. Pajeg marang wong kang wenang nampani pajeg, béya marang wong kang wenang nampani béya; pakèring marang wong kang wenang nampa pakèring lan pakurmatan marang wong kang wenang nampa pakurmatan.

8Kowé aja padha duwé utang apa-apa marang sapa baé, kajaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnani pepadhané, iku wus netepi angger-anggering Torèt.

9Awit dhawuh, "Aja laku jina, aja matèni, aja nyenyolong, aja mélik," apadéné dhawuh liyané, wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku, "Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé!"

10Katresnan iku ora nindakaké piala marang sapepadhané, mulané katresnan iku ngganepi angger-anggering Torèt.

11Prakara iki kudu koktindakaké, sabab kowé mangerti kaanané wektu saiki, yaiku wus tekan wanciné kowé tangi saka anggonmu turu. Awit saiki wektu kang kanggo nylametaké kita wus saya cedhak, katimbang nalika kita dadi wong pracaya.

12Wektuné wis lingsir wengi, wis mèh raina. Mulané payo kita padha ngrucat sakèhing panggawé kang peteng, sarta sikep gegamaning pepadhang!

13Payo kita padha urip kang patut, kaya ing wayah awan, aja padha nguja memangan lan mendem-mendeman; aja padha laku jina lan ngumbar hawa-napsu; aja padha tukar padu lan kumèrèn.

14Nanging padha ngrasuka Gusti Yésus Kristus lan aja nuruti watak kang asipat daging kanggo ngumbar pepénginané.



 <<  Roma 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel