Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 3 >> 

1Yèn mangkono, apa ta kaluwihané wong Yahudi, lan apa ta paédahé tetak iku?

2Akèh banget lan ing sakèhing prakara, kang kapisan: Sabab iya marang wong iku mau pangandikané Allah dipitayakaké.

3Dadiné kepriyé, menawa ana ing antarané wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggoné ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyané Allah?

4Babar pisan ora! Malah kosok-baliné: Allah iku asipat bener, lan manungsa kabèh tukang goroh, kaya kang katulis, surasané "Supados Paduka katitik manawi leres ing sapangandika Paduka, saha unggul manawi Paduka dipun adili."

5Ananging menawa duraka kita iku nélakaké yèn Allah iku bener, banjur apa kang bakal padha kita kandhakaké? Apa Allah iku ora adil yèn ta ngetingalaké bebenduné? -- Omonganku iki nganggo cara manungsa. --

6Mesthi baé ora! Yèn mangkono, kepriyé Allah anggoné bakal ngadili jagat?

7Nanging menawa marga saka gorohku iku, apa kang bener tumraping Allah malah sangsaya nglubèraké kaluhurané, yagéné aku kok isih diadili manèh padha kaya wong dosa?

8Kena apa kita ora kandha, "Payo kita padha nglakoni panggawé ala baé supaya tuwuh kang becik saka ing kono." Pancèn ana pitenahing wong kang ngandhakaké menawa kita kandha mangkono. Wong kang kaya mangkono iku wus samesthiné tampa paukuman.

9Banjur kepriyé? Apa kita luwih unggul katimbang wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep kita rak wis ndakwa, menawa wong Yahudi lan wong Yunani iku kabèh padha nandhang dosa.

10Kaya kang wis katulis, surasané, "Ora ana wong kang bener, siji baé ora ana.

11Ora ana wong siji baé kang duwé pangertèn, ora ana wong siji baé kang ngupaya Allah.

12Wong kabèh padha nylèwèng, kabèh tanpa guna, ora ana kang gawé becik, siji baé ora ana.

13Gurungé iku kaya kubur menga, ilaté dianggo mbujuki, lambéné ngemu wisa.

14Telaké kebak supata lan ipat-ipat.

15Ènthèng sikilé yèn arep ngwutahaké getih.

16Karusakan lan kasirnan didèlèh ana ing dalané,

17lan dalaning tentrem-rahayu ora dimangertèni;

18padha ora duwé rasa wedi-asih marang Allah."

19Nanging kita padha mangerti, yèn kabèh kang kamot ing kitab Torèt iku katujokaké marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Torèt, supaya wong kabèh padha kabungkem telaké, lan sajagat kabèh iki kapatrapan ing pangadilané Allah.

20Sabab ora ana wong siji baé kang kabeneraké ana ing ngarsané Allah marga saka anggoné netepi angger-anggering Torèt; awit iya marga saka angger-anggering Torèt iku wong padha mangerti dosa.

21Nanging saiki, tanpa angger-anggering Torèt, kaya kang kapratélakaké ing kitab Torèt lan kitab-kitabé para nabi, apa kang kabeneraké déning Allah iku wus kalairaké,

22yaiku apa kang kabeneraké déning Allah lantaran pracaya marang Yésus Kristus, tumrap wong kabèh kang pracaya, awit ora ana bédané.

23Marga wong kabèh wus padha gawé dosa sarta kélangan kamulyaning Allah,

24lan awit saka sih-rahmaté padha kabeneraké kanthi lelahanan lantaran panebusé Kristus Yésus.

25Panjenengané wus katetepaké déning Allah dadi sarananing karukunan, awit saka pangandel marang rahé. Bab iki katindakaké kagem ngatingalaké kaadilané, sabab Panjenengané wus ngèndelaké dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarané Allah.

26Karsané yaiku kagem ngatingalaké kaadilané ing jaman saiki, supaya tetéla menawa Panjenengané iku bener, lan uga mbeneraké wong kang pracaya marang Yésus.

27Yèn mangkono, apa kang kena kanggo dhasar gumunggung? Ora ana. Banjur dhasaré apa? Apa adhedhasar panggawé? Ora, nanging adhedhasar pangandel.

28Marga kita yakin, yèn manungsa iku anggoné kabeneraké awit saka pracaya, ora marga saka anggoné netepi angger-anggering Torèt.

29Karomanèh, Allah iku apa mung dadi Allahé wong Yahudi baé? Apa Panjenengané iku dudu Allahé bangsa-bangsa liyané uga? Iya, bener. Panjenengané uga dadi Allahé bangsa-bangsa liya.

30Tegesé, menawa Allah iku pancèn mung siji, Panjenengané bakal mbeneraké wong kang padha tetak awit saka pracaya, lan wong kang padha ora tetak iya awit saka pracaya.

31Yèn mangkono, apa aku padha mbatalaké angger-anggering Torèt awit saka pracaya? Babar pisan ora! Kosokbaliné, aku malah padha njejegaké.



 <<  Roma 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel