Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 10 >> 

1"Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa kang mlebu kandhang wedhus ora metu lawang, nanging mènèk témbok, iku maling lan rampog;

2nanging sapa kang lumebuné liwat lawang, iku pangoné wedhus.

3Pangon iku kang diwengani déning kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhusé padha nilingaké swarané, lan tumuli diundangi manut jenengé dhéwé-dhéwé sarta banjur digiring metu.

4Menawa wedhusé kabèh iku wus digiring metu, pangoné lumaku ing ngarep lan wedhusé padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau padha nitèni swarané.

5Nanging wong liya mesthi ora ditut-buri, malah ditinggal mlayu, marga wedhus-wedhus iku ora padha wanuh marang swarané wong-wong liyané."

6Pasemon iku dingandikakaké déning Yésus marang wong-wong mau, nanging padha ora mangerti tegesé pangandika iku.

7Yésus tumuli ngandika manèh, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Iya Aku iki lawangé wedhus-wedhus iku.

8Sakèhing wong kang tekané sadurungé Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku padha ora ngrungokaké marang wong-wong iku.

9Aku iki lawangé; sapa kang mlebuné metu ing Aku, iku bakal kaslametaké, sarta bakal mlebu lan metu, apadéné bakal nemu pangonan.

10Maling iku tekané mung arep nyolong lan matèni sarta nyirnakaké; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwé urip, lan uripé iku kanthi kalubéran.

11Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohaké nyawané kanggo wedhus-wedhusé,

12nanging wong opahan kang dudu pangon, sarta dudu kang duwé wedhus-wedhus iku dhéwé, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhusé ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyaraké wedhusé.

13Anggoné lumayu iku jalaran mung wong opahan, lan ora gumati marang wedhus-wedhusé iku.

14Aku iki pangon kang utama lan Aku nitèni wedhus-wedhusku lan wedhus-wedhusku padha wanuh marang Aku

15kayadéné Sang Rama anggoné tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohaké nyawaku kanggo wedhus-wedhusku.

16Aku isih duwé wedhus liyané manèh, kang ora saka ing kandhang kéné; wedhus-wedhus iku iya kudu dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokaké swaraku sarta bakal dadi pepanthan siji, lan pangon siji.

17Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungaké nyawaku supaya daktampani manèh.

18Ora ana wong sijia baé kang ngrebut nyawaku, nanging dakulungaké miturut karepku dhéwé. Aku kwasa ngulungaké, lan kwasa ngukup manèh. Dhawuh iki kang daktampa saka Ramaku."

19Marga saka pangandika kang mangkono iku nuli tuwuh pasulayan manèh ing antarané wong-wong Yahudi. Akèh panunggalané kang ngucap, mangkéné,

20"Wong iku kapanjingan dhemit sarta ora waras; yagéné padha kokrungokaké?"

21Wong liyané ngucap, "Iku rak dudu tembungé wong kang kapanjingan dhemit; apa dhemit bisa ngelèkaké mripaté wong-wong wuta?"

22Ora antara lawas, ana riyaya pèngetan adeging Padaleman Suci ing Yérusalèm; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing.

23Yésus lagi tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Salomo.

24Wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengané lan padha munjuk, "Ngantos pinten dangunipun anggèn Panjenengan damel mangu-manguning manah kula? Manawi Panjenengan punika Kristus, mugi Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya."

25Paring wangsulané Yésus, "Kowé wus padha dakkandhani nanging padha ora pracaya; panggawé kang daklakoni atas asmané Ramaku, iku kang padha neksèni mungguh ing Aku,

26nanging kowé padha ora pracaya, amarga kowé dudu panunggalané wedhus-wedhusku.

27Wedhus-wedhusku padha nilingaké swaraku, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusku lan wedhus-wedhusku padha ngetut-buri Aku,

28apadéné padha dakwènèhi urip langgeng, lan wedhus-wedhusku mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawasé lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka tanganku.

29Ramaku kang maringaké wedhus-wedhus iki marang Aku, Panjenengané iku ngungkuli samubarang kabèh, lan ora ana wong kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka astané Ramaku.

30Aku lan Ramaku iku siji."

31Wong Yahudi tumuli njupuki watu manèh, arep kanggo mbenturi Panjenengané.

32Pangandikané Yésus marang wong-wong mau, "Akèh panggawé becik kang saka Ramaku kang daktuduhaké marang kowé. Panggawé iku mau endi kang njalari kowé arep padha mbenturi Aku nganggo watu?"

33Wangsulané wong-wong Yahudi, "Anggonku arep mbenturi kowé iku ora marga panggawé kang becik, nanging marga anggonmu nyenyamah marang Allah, iya iku amarga kowé iku manungsa kok ndadèkaké awakmu iku Allah."

34Yésus paring wangsulan, "Apa ora katulis ing Kitab Torètmu, mangkéné: Ingsun wus ngandika: Sira kabèh iku allah.

35Menawa wong kang padha kadhawuhan pangandikané Allah iku diarani allah -- mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalaké --

36apa kowé isih kandha karo Panjenengané kang sinucèkaké déning Sang Rama sarta kang wus kautus menyang jagat iku: Kowé nyenyamah Allah! Amarga Aku wus ngandika: Aku iki Putraning Allah?

37Saupama Aku ora nglakoni pakaryané Ramaku, kowé aja pracaya marang Aku.

38Nanging menawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowé padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowé padha sumurup lan mangerti yèn Sang Rama iku ana ing Aku lan Aku ana ing Ramaku."

39Sepisan manèh wong-wong mau padha arep nyekel Panjenengané, nanging Panjenengané luput saka tangané wong-wong mau.

40Yésus tumuli tindak manèh menyang sabrangé Yordan, ing panggonané Yohanes biyèn mbaptisi, banjur lereb ana ing kono.

41Lan akèh wong kang sowan marang ngarsané sarta padha ngucap, "Yohanes pancèn ora damel pratandha apa-apa, nanging kabèh kang dingandikakaké déning Yohanes mungguh wong iki, iku nyata."

42Lan akèh wong ing kono padha pracaya marang Panjenengané.



 <<  Yohanes 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel