Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 11 >> 

1Nuli ana wong kang lagi lara, jenengé Lazarus, manggoné ing Bétania, ing désané Maria lan Marta, saduluré wadon.

2Maria iku wong wadon kang wus tau njebadi sampéyané Gusti kalawan lenga wangi, sarta banjur diusapi nganggo rambuté.

3Anadéné Lazarus kang lagi lara iku saduluré. Wong wadon loro iku banjur padha kongkonan munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Gusti, tiyang ingkang Panjenengan tresnani punika sakit."

4Yésus bareng midhanget pawarta iku, Panjenengané banjur ngandika, "Larané iku ora ndadèkaké patiné, nanging bakal mbabaraké kaluhuraning Allah, awit marga saka larané iku Putraning Allah bakal kaluhuraké."

5Yésus pancèn nresnani Marta sarta mbakyuné tuwin Lazarus.

6Nanging sawisé midhanget yèn Lazarus lara, Panjenengané njarag kèndel rong dina manèh ana ing palerebané iku.

7Sawisé mangkono Panjenengané banjur ngandika marang para sakabaté, "Payo padha bali menyang Yudéa manèh."

8Unjuké para sakabat, "Rabbi, nembé kémawon tiyang-tiyang Yahudi sami nyobi mbenturi Panjenengan mawi séla, punapa Panjenengan taksih ngersakaken tindak mrika malih?"

9Paring wangsulané Yésus, "Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, sikilé ora kesandhung, amarga ndeleng padhangé jagat iki.

10Nanging menawa wong mlaku ing wayah bengi, sikilé kesandhung, amarga ora kadunungan pepadhang."

11Mangkono pangandikané, tumuli disambeti manèh, "Lazarus sadulur kita lagi turu, déné anggonku mrana prelu arep nggugah anggoné turu."

12Para sakabaté banjur munjuk, "Gusti manawi piyambakipun tilem, badhé saras."

13Nanging karsané Yésus turu kang ateges mati, mangka panyanané para sakabat kang kapangandikakaké turu iku turu salumrahé.

14Marga saka iku Yésus nuli ngandika sabarèsé, "Lazarus wus mati;

15nanging sokur déné nalika iku Aku ora ana ing kana, kang mangkono iku luwih becik tumrap kowé, supaya kowé padha bisa sinau pracaya. Payo, saiki kita padha mrana."

16Tomas, kang karan Didimus, banjur kandha marang kanca-kancané para sakabat, "Payo, kita padha béla pati marang Panjenengané."

17Sarawuhé Yésus, Lazarus tinemu wus dikubur patang dina.

18Désa Bétania iku dunungé cedhak karo Yérusalèm, dohé watara rong mil.

19Ing kono sakèhing wong Yahudi wus padha teka ing omahé Marta lan Maria prelu nglipur anggoné kesripahan saduluré.

20Nalika Marta krungu yèn Yésus rawuh, nuli menyat methukaké, nanging Maria kari ana ing omah.

21Marta banjur munjuk marang Yésus, "Gusti, manawi Panjenengan wonten ing ngriki, sadhèrèk kula tamtu mboten pejah.

22Nanging sapunika ugi kula mangertos, bilih punapa ingkang Panjenengan suwun dhumateng Allah, tamtu badhé dipun sembadani."

23Pangandikané Yésus, "Sadulurmu bakal tangi."

24Unjuké Marta, "Kula inggih mangertos bilih piyambakipun badhé tangi bénjing ing dinten patangèn, ing wekasaning jaman."

25Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Aku iki patangèn lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.

26Lan saben wong kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawasé. Apa kowé pracaya marang iku?"

27Unjuké Marta, "Inggih Gusti, kula pitados bilih Panjenengan punika Kristus, Putranipun Allah, ingkang badhé rawuh ing jagat."

28Sawusé munjuk mangkono, wong wadon iku banjur lunga ngundang Maria saduluré, lan mbisiki mangkéné, "Guru wus rawuh, nimbali kowé."

29Maria bareng krungu banjur mak nyat ngadeg marani Yésus.

30Nalika iku Yésus durung lumebet ing désa, isih ana ing papan nalika Marta methuk Panjenengané.

31Nalika wong-wong Yahudi kang padha ana ing omahé Maria prelu nglipur, weruh Maria mak nyat ngadeg sarta metu, nuli padha ngetutaké, dikira yèn Maria arep menyang kuburan lan nangis ana ing kono.

32Satekané Maria ing panggonané Yésus, bareng weruh marang Panjenengané, banjur nyungkemi sampéyané sarta munjuk, "Gusti, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, sadhèrèk kula mesthi mboten pejah."

33Bareng Yésus pirsa Maria nangis, mangkono uga wong-wong Yahudi kang padha ngetutaké, satemah Panjenengané sungkawa ing panggalih. Panjenengané trenyuh banget lan tumuli ngandika,

34"Anggonmu ngubur ana ing ngendi?" Kang kadangu banjur munjuk, "Gusti, sumangga kula aturi mirsani!"

35Yésus nuli muwun.

36Pangucapé wong-wong Yahudi, "Delengen, semono anggoné ngasihi!"

37Nanging ana sawenèh kang muni, "Panjenengané kang wus ngelèkaké mripaté wong wuta, apa iya ora bisa murungaké patiné wong iki?"

38Yésus tumuli sungkawa manèh ing panggalih, banjur nyelaki kuburan. Kubur iku awujud guwa katutupan ing watu.

39Pangandikané Yésus, "Watuné singkirna!" Marta, saduluré kang ngajal mau, munjuk, "Gusti, sampun mambet, amargi anggènipun tilar sampun sekawan dinten."

40Pangandikané Yésus, "Apa Aku ora wus pitutur marang kowé: Angger kowé pracaya, kowé bakal weruh kamulyaning Allah?"

41Watuné tumuli disingkiraké. Yésus banjur tumenga sarta matur, "Dhuh Rama, Kawula saos sokur dhumateng Paduka, déné Paduka sampun miyarsakaken Kawula.

42Kawula sumerep, bilih Paduka tansah miyarsakaken Kawula, nanging amargi tiyang kathah punika sami ngrubung Kawula, Kawula munjuk makaten supados tiyang kathah punika sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula."

43Sawusé matur mangkono, Panjenengané nuli nguwuh kalawan swara sora, "Lazarus, metua!"

44Wong kang mati banjur metu, tangan lan sikilé isih kablebed ing ules, lan rainé katutupan kacu. Pangandikané Yésus, "Uculana ulesé, karebèn lunga!"

45Akèh saka antarané wong-wong Yahudi kang padha layad menyang omahé Maria lan padha nyumurupi dhéwé apa kang katindakaké Yésus, dadi pracaya marang Panjenengané.

46Nanging ana kang nemoni para Farisi lan nyaritakaké apa kang wus katindakaké Yésus iku.

47Para pangarepé imam lan para Farisi padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkéné, "Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah?

48Manawi piyambakipun kita etogaken, sadaya tiyang sami badhé pitados dhateng Piyambakipun, sarta tiyang-tiyang Roma badhé dhateng lajeng ngrebat papan suci kita dalah bangsa kita."

49Nanging ana panunggalané, yaiku Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun iku, banjur ngandika, "Panjenengan sami mboten mangertos punapa-punapa,

50lan sami mboten nggalih bilih langkung maédahi tumrap panjenengan, manawi wonten tiyang satunggal pejah kanggé bangsa kita, katimbang tiyang sabangsa sadaya tiwas."

51Prakara iku dingandikakaké ora saka panjenengané piyambak, nanging marga jumeneng Imam Agung ing taun iku, panjenengané medhar pameca, yèn Yésus bakal nglampahi séda kanggo bangsa iku,

52lan ora mung kanggo bangsa iku baé, nanging uga supaya ngempalaké sarta nunggilaké para putraning Allah kang pating slebar.

53Wiwit ing dina iku wong-wong mau padha sarujuk bakal nyédani Panjenengané.

54Marga saka iku Yésus wus ora ngedhèng manèh ana ing antarané wong-wong Yahudi, nanging Panjenengané banjur tindak saka ing kono menyang laladan sacedhaké pasamunan nuju menyang kutha kang aran Éfraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabaté.

55Nalika samana riyaya Paskahé wong Yahudi wus cedhak, lan wong akèh saka laladan kono padha menyang Yérusalèm, arep padha sesuci sadurungé Paskah iku.

56Wong-wong mau padha nggolèki Yésus, sarta kalawan ngadeg ana ing Padaleman Suci, padha sapocapan, "Pandugamu kepriyé, apa kirané Wong iku iya bakal nekani riyaya?"

57Anadéné para pangarepé imam lan para Farisi wus padha ndhawuhaké préntah, supaya saben wong kang weruh padunungané, nuli ngaturana uninga murih kena kacepeng.



 <<  Yohanes 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel