Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 15 >> 

1"Aku iki wit anggur kang sejati sarta Ramaku iku kang among tani.

2Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohé, dipagas lan kang metu wohé, diresiki, supaya mundhaka akèh wohé.

3Kowé iku wis padha resik awit saka pangandika kang wis dakwulangaké marang kowé.

4Kowé tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowé. Padha kaya pang ora bisa metu wohé saka awaké dhéwé, menawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowé ora bisa metokaké woh menawa ora tetep dumunung ana ing Aku.

5Aku iki wité anggur lan kowé iku pang-pangé. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku, iku kang metokaké woh akèh, awit menawa pisah saka Aku, kowé padha ora bisa tumindak apa-apa.

6Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungaké ing geni, sarta kaobong.

7Menawa kowé dumunung ana ing Aku lan piwulangku dumunung ana ing kowé, padha nyuwuna apa baé kang kokkarepaké, kowé bakal kasembadan.

8Kang dadi margané Ramaku kaluhuraké, yaiku menawa kowé padha metokaké woh akèh sarta marga saka mangkono kowé padha tetéla yèn dadi muridku."

9"Kayadéné Sang Rama wis nresnani Aku, mangkono uga Aku iya wis nresnani kowé; padha tetepa dumunung ing katresnanku iku.

10Menawa kowé netepi dhawuhku, kowé bakal tetep dumunung ing katresnanku, kayadéné anggonku wus netepi dhawuhé Ramaku sarta tetep dumunung ana ing katresnané.

11Kabèh iku dakkandhakaké marang kowé, supaya kabungahanku dumununga ing kowé lan kabungahanmu dadia sampurna.

12Dhawuhku iku mangkéné, yaiku supaya kowé padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonku wus nresnani kowé.

13Ora ana katresnan kang gedhéné ngluwihi katresnané wong kang ngetohaké nyawané kanggo nglabuhi mitra-mitrané.

14Kowé iku mitraku, menawa kowé padha nglakoni apa kang dakdhawuhaké marang kowé.

15Aku ora ngarani abdi manèh marang kowé, sabab abdi iku ora mangerti apa kang katindakaké déning bendarané, nanging kowé wus padha daksebut mitra, jalaran sabarang kang wis dakrungu saka Ramaku, iku wis daksumurupaké kabèh marang kowé.

16Dudu kowé kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowé. Aku wis netepaké, supaya kowé padha lunga lan metokaké woh lan wohmu iku lestaria, sarana mangkono apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengku, kajurungana déning Panjenengané marang kowé.

17Iki dhawuhku marang kowé: Padha tresna-tinresnanana."

18"Menawa kowé padha disengiti déning jagat, élinga yèn jagat wis sengit marang Aku sadurungé kowé.

19Saupama pinangkamu saka ing jagat, mesthi jagat tresna marang kowé awit dadi duwèké. Nanging sarèhné pinangkamu ora saka ing jagat, malah Aku wus milih kowé saka ing jagat, mulané jagat sengit marang kowé.

20Padha élinga marang pitutur kang wus dakwulangaké marang kowé: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarané. Menawa Aku iki wis dikuya-kuya, kowé uga mesthi bakal dikuya-kuya; menawa wong-wong iku netepi dhawuhku, mesthi iya netepi pituturmu.

21Nanging iku kabèh bakal katandukaké marang kowé marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengané kang ngutus Aku.

22Saupama Aku ora teka lan ora mituturi wong-wong iku, mesthi padha ora duwé dosa. Nanging saiki wong-wong iku ora duwé alesan ing bab dosané.

23Sing sapa sengit marang Aku, uga sengit marang Ramaku.

24Saupama Aku ora nindakaké pakaryan ana ing satengahé wong-wong iku, kang durung tau ditindakaké déning wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wis padha weruh marang iku kabèh, wong-wong iku padha sengit marang Aku lan marang Ramaku.

25Nanging pangandika kang katulis ana ing kitab Torèté wong-wong iku kudu ditetepi: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.

26Menawa Juru Panglipur kang bakal dakutus saka Sang Rama rawuh, yaiku Rohing Kayektèn kang miyos saka Sang Rama, Panjenengané iku bakal neksèni mungguh ing Aku.

27Ananging kowé iya kudu neksèkaké uga, marga kowé wiwit wiwitan mula nunggal karo Aku."



 <<  Yohanes 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel