Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 20 >> 

1Ing dina kapisan ing minggu iku, wayah ésuk umun-umun, nalika isih peteng, Maria Magdaléna menyang pasaréan lan weruh menawa watu tutupé guwa wis kasingkiraké saka ing pasaréan.

2Tumuli lumayu nemoni Simon Pétrus lan sakabat liyané kang dikasihi déning Yésus, lan padha diwartani, "Gusti dipun pendhet tiyang saking pasaréan, lan kula mboten sumerep wonten ing pundi anggènipun nyarèkaken."

3Pétrus lan sakabat liyané mau banjur padha mangkat menyang pasaréan.

4Sakaroné padha mlayu bebarengan, nanging sakabat liyané iku playuné luwih rikat katimbang Simon Pétrus, satemah luwih dhisik tekané ing pasaréan.

5Lan bareng nginguk menjero, weruh yèn ulesé wus sumèlèh ing lemah; nanging dhèwèké ora mlebu.

6Simon Pétrus olèhé nututi iya nuli tekan sarta banjur mlebu ing pasaréan, lan weruh ulesé sumèlèh ing lemah,

7déné lawon riwé kang mauné ana ing mustakané Yésus ora awor karo ulesé, nanging wus kalempit sumèlèh kadhèwèkaké ing panggonan liya.

8Sakabat liyané kang dhisik tekané ing pasaréan mau iya nuli mlebu, banjur ndeleng sarta pracaya.

9Awit salawasé sakabat-sakabat mau durung padha mangerti isiné Kitab Suci kang mratélakaké, yèn Panjenengané pinesthi wungu saka ing antarané wong mati.

10Sakabat loro iku mau tumuli padha mulih.

11Nanging Maria Magdaléna ngadeg ing sajabané pasaréan karo nangis. Sajroné nangis nginguk ing pasaréan,

12weruh ana malaékat loro ngagem ageman putih, padha lenggah, kang siji ana ing ulon-ulon, sijiné ana ing dagan tilas panggonan sumaréné Yésus.

13Malaékat iku banjur padha ngandika marang Maria, "Ibu, kena apa kowé nangis?" Aturé Maria, "Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula mboten sumerep wonten ing pundi anggènipun nyarèkaken."

14Sawusé matur mangkono, tumuli nolèh memburi sarta weruh Yésus jumeneng ana ing kono, nanging ora mangerti, menawa iku Yésus.

15Yésus nuli ngandika, "Ibu, kena apa kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?" Maria ngira yèn iku juru taman, banjur matur, "Bapak, manawi sampéyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampéyan criyosi, wonten ing pundi anggèn sampéyan nyarèkaken, kula pendhetipun."

16Yésus tumuli ngandika, "Maria!" Maria banjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani, "Rabuni!" Jarwané: Guru.

17Pangandikané Yésus, "Aja nggondhèli Aku, awit Aku durung sowan menyang ngarsané Ramaku, nanging lungaa nemonana para Sadulurku, lan padha kandhanana, menawa Aku arep sowan menyang ngarsané Ramaku lan Ramamu ing ngarsané Allahku lan Allahmu."

18Maria Magdaléna nuli lunga wewarta marang para sakabat, "Aku wus ndeleng Gusti!" sarta kang mangandikani bab-bab iku mau uga Panjenengané.

19Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabaté Yésus padha nglumpuk ana ing sawènèhing papan, lawangé padha kakancing awit saka wediné marang wong Yahudi. Ing nalika iku Yésus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahé para sakabat sarta ngandika, "Tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh!"

20Sawisé ngandika mangkono, tumuli nedahaké astané lan lambungé marang para sakabat. Para sakabat iku padha bungah nalika ndeleng Gusti.

21Yésus banjur ngandika manèh, "Tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh! Kayadéné Rama anggoné ngutus Aku, mangkono uga saiki Aku ngutus kowé."

22Sawusé ngandika mangkono, Panjenengané banjur ndamoni para sakabat lan dipangandikani, "Padha nampanana Roh Suci.

23Menawa kowé padha ngapura dosané wong, iku dosané diapura, lan menawa kowé padha netepaké dosané, iku dosané isih tetep ana."

24Nanging Tomas, panunggalané sakabat rolas iku, kang karan Didimus, nalikané Yésus rawuh pinuju ora nunggal karo kanca-kancané.

25Mulané, para sakabat liyané padha ngandhani, "Aku wus padha ndeleng Gusti!" Nanging Tomas ngucap, "Sadurungé aku ndeleng tabeté paku ana ing astané lan sadurungé aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambungé daklodok nganggo tanganku, aku ora pracaya babar pisan."

26Bareng tekan wolung dinané, para sakabaté Yésus padha ana ing jero omah iku manèh sarta Tomas iya ana ing kono. Nalika lawangé padha kakancing, Yésus rawuh banjur jumeneng ana ing tengah-tengahé para sakabat sarta ngandika, "Tentrem-rahayu anaa ing kowé!"

27Banjur ngandika marang Tomas, "Drijimu athungna mréné, delengen tanganku, sarta ulungna tanganmu, dèlèhna ing lambungku lan kowé aja nganti ora pracaya manèh, nanging pracayaa!"

28Tomas mangsuli, unjuké, "Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!"

29Pangandikané Yésus, "Amarga kowé wus ndeleng Aku, temah kowé pracaya. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging pracaya."

30Isih akèh manèh pratandha liyané kang katindakaké déning Yésus ana ing ngarepé para sakabaté, kang ora kasebut ana ing kitab iki,

31nanging apa kang wus katulis, supaya kowé padha pracaya, yèn Yésus iku Kristus, Putrané Allah, sarta supaya sarana pracayamu, kowé padha nduwènana urip ana ing asmané.



 <<  Yohanes 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel