Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 3 >> 

Pasulayan

1Anadene aku, para sadulur, nalika iku ora bisa guneman karo kowe kaya marang wong kasukman, nanging mung kaya marang wong kadagingan kang durung diwasa ana ing Sang Kristus.

2Kang dakwenehake marang kowe iku banyu susu, dudu pangan kang akas, sabab kowe durung kelar. Malah ing wektu saiki uga, kowe iya durung kelar.

3Marga kowe isih wujud manungsa kadagingan. Sabab, manawa ing antaramu tinemu rasa kemeren sarta pasulayan, apa iku ora dadi tandha-yekti, yen kowe kabeh iku manungsa kadagingan tuwin lakumu apa ora cara manungsa?

4Awit yen kang siji calathu: “Aku golongane Paulus,” lan liyane kandha: “Aku golongane Apolos,” apa iku ora nelakake yen kowe iku manungsa kadagingan kang dudu kasukman?

5Dadi Apolos iku apa? Paulus iku apa? Iku para abdine Gusti kang dadi lantarane anggonmu padha manjing pracaya, miturut ayahane dhewe-dhewe kang kaparingake dening Gusti Allah.

6Aku kang nenandur, Apolos kang nyirami nanging Gusti Allah kang nuwuhake.

7Mulane kang wigati iku dudu kang nandur utawa kang nyirami, nanging Gusti Allah kang nuwuhake.

8Anadene kang nandur, lan kang nyirami iku padha; siji-sijine bakal padha nampani pituwase dhewe-dhewe, laras karo ayahane.

9Awit aku kabeh iki padha ndherek ing pakaryane Gusti Allah, dene kowe iku padha dadi palemahan olah-olahane Gusti Allah, iya dalem yasane Gusti Allah.

Bab dalem yasane Gusti Allah lan tetalese

10Laras karo sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang aku, aku kang dadi ahli yasa omah kang cakep wus masang tetalese, lan wong liya iya padha nerusake mbangun ing sadhuwure. Nanging saben wong kudu nggatekake, kapriye anggone padha mbangun ing sadhuwure.

11Sabab ora ana wong kang bisa masang tetales liyane kajaba kang wus dipasang, yaiku Gusti Yesus Kristus.

12Embuh anggone mbangun ing sadhuwure iku mau migunakake emas, salaka, watu adi, kayu, suket garing utawa damen,

13besuk garapane sawiji-wijining wong mau bakal kawiyak. Awit dinane Gusti kang bakal nelakake, marga tekane bakal kairing ing geni, lan garapane sawiji-wijining wong bakal dinadar ing geni mau.

14Manawa garapan kang diedegake bisa lestari, wong iku bakal tampa pituwas.

15Manawa garapane kobong, wong iku bakal kapitunan, nanging awake dhewe bakal kapitulungan rahayu, mung bae patrape kaya mentas saka geni.

16Apa kowe padha ora sumurup, yen kowe iku padha dadi padalemaning Allah, kang sarta Rohe Gusti Allah iya dedalem ana ing kowe?

17Manawa ana wong kang ngrusak padalemaning Gusti Allah, Panjenengane bakal ngrusak wong mau. Sabab padalemaning Allah iku suci, yaiku kowe.

18Aja nganti ana wong kang ngapusi awake dhewe. Yen ing antaramu ana kang rumangsa wicaksana ana ing jagad iki, kareben wong iku dadi bodho, supaya dheweke dadia wicaksana.

19Awit kawicaksanane jagad iki kabodhoan tumrap Gusti Allah. Sabab ana tulisan wiraose: “Panjenengane nangkep para wicaksana sajroning culikane.”

20Lan ing panggonan liya, mangkene: “Pangeran mirsa, yen ciptane wong wicaksana iku kabeh tanpa guna.”

21Mulane aja nganti ana wong kang ngegungake manungsa, amarga samubarang kabeh iku dadi darbekmu;

22dadia Paulus, dadia Kefas, dadia jagad, dadia urip utawa pati, dadia wektu saiki utawa wektu kang bakal kalakon, iku kabeh darbekmu.

23Nanging kowe padha dadi kagungane Sang Kristus, sarta Sang Kristus iku kagungane Gusti Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Korintus 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Korintus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel