Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 8 >> 

Bab sesajening brahala

1Tumrap daging sesajening brahala iku, kita padha sumurup: “kita kabeh padha duwe kawruh.” Kawruh kang mangkono iku marakake kumenthus, nanging katresnan iku mbangun.

2Manawa ana wong duwe pangira, yen duwe “Kawruh” iku ateges durung bisa ngranggeh kawruh kang kudune digayuh.

3Nanging wong kang tresna marang Gusti Allah, iku diudaneni dening Gusti Allah.

4Mungguh bab mangan daging sesajening brahala, kita padha sumurup: “yen brahala iku ora ana ing jagad, lan ora ana Allah liyane kajaba Gusti Allah kang asipat tunggal.”

5Sabab, sanadyan ta ana kang sinebut “allah”, dadia ing swarga, utawa ing bumi -- sarta pancen bener ana “allah” akeh, lan akeh “gusti” --

6nanging mungguh ing kita mung ana Gusti Allah siji, yaiku Sang Rama, kang dadi etuking samubarang kabeh, lan kita padha urip lumados marang Panjenengane, sarta Gusti iya mung siji, yaitu Gusti Yesus Kristus, kang njalari anane samubarang lan kang njalari kita padha urip.

7Dene kang duwe kawruh mangkono iku ora kabeh wong. Ana wong, kang awit saka anggone isih kacencang ing brahala-brahala, pamangane daging iku kaya pancen sesajening brahala. Lan pangrasaning atine kang ringkih banjur dadi jember.

8“Pangan iku ora njalari kita saya cedhak karo Gusti Allah. Kita padha ora kapitunan apa-apa manawa ora mangan, lan ora bathi apa-apa manawa kita padha mangan.”

9Nanging poma kowe padha diawas, aja nganti wewenangmu iku dadi sandhungan tumrap wong kang padha ringkih.

10Awit manawa nganti ana wong kang weruh kowe kang duwe kawruh, lagi mangan ana ing omah brahala, apa wong kang pangrasaning atine ringkih ora bakal kawanekake mangan daging sesajening brahala?

11Kalawan patrap mangkono wong kang ringkih, yaiku sadulurmu, dadi nemu tiwas marga saka “kawruhmu”, mangka Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong iku.

12Manawa kanthi patrap mangkono, kowe gawe dosa marang para sadulurmu sarta natoni pangrasaning atine kang ringkih, iku sajatine kowe gawe dosa marang Sang Kristus.

13Mulane manawa pangan dadi sesandhungan tumrap sadulurku, ing salawase aku ora arep mangan daging maneh, supaya aja nganti dadi sesandhungan tumrap sadulurku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Korintus 8):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Korintus 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel