Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 2 >> 

Gusti Yesus Kristus tetalesing pasamuwan

1Marga saka iku padha mbirata sakehing piala sarta sarupane para-cidra, sarta lamis lan drengki, apadene sakehing pamitenah.

2Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansah kapengin marang banyu susukang murni kang asipat rohani, supaya marga saka iku padha lestria tuwuhmu ing bab karahayon,

3manawa kowe nyata wis padha ngrasakake sih-kadarmaning Allah.

4Padha sowana ing Panjenengane kang minangka watu kang urip iku, kang pancen ditampik dening manungsa, nanging kang pinilih lan aji ana ing ngarsaning Allah.

5sarta kowe dhewe iya padha dikaya watu urip, kang dianggo mbangun padaleman kasukman minangka kaimaman kang suci, kang nyaosake pisungsung kasukman kang katrimah ing Allah marga dening Gusti Yesus Kristus.

6Sabab ana tulisan sajrone Kitab Suci mangkene: “Sajatine, Ingsun wus masang watu pepilihan ana ing Sion, sawijining watu pojokan kang aji, dene sapa wong kang kumandel marang iku bakal ora kawirangan.”

7Wondene anggone kasebut aji iku tumraping kowe kang padha pracaya. Nanging tumrap kang padha ora pracaya: “Watu kang ditampik dening para juru gawe omah, iku wus dadi watu pojokan, apadene iya wus dadi watu sandhungan lan parang patanggoran.”

8Anggone padha kasandhung iku marga ora mituhu marang pangandikaning Allah; sarta wong-wong iku kacadhangake tumrap bab iku.

9Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.

10Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah, nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki wus tampa kawelasan.

Pepenget supaya dadi abdining Allah

11He, para kekasih, kowe kang kaya wong mondhok lan wong neneka, padha dakpituturi supaya padha ngedohana kapencuting daging kang padha perang nglawan nyawamu.

12Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.

13Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos kang dhuwur dhewe,

14iya marang para wakile kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakake piala sarta ngalembana wong kang gawe becik.

15Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.

16Uripmu dikaya wong mardika, aja kaya wong kang nylewengake kamardikane iku kanggo nutupi pialane, nanging dikaya abdining Allah.

17Padha ngajenana wong kabeh, sadulur-sadulurmu padha tresnanana. Duwea wedi-asih marang Gusti Allah, ngurmatana Sang Nata Agung!

Kasangsarane Gusti Yesus Kristus minangka tuladha

18Kowe para batur; padha sumuyuda kanthi kebak pakering marang bendaramu, ora mung marang kang becik lan grapyak bae, nanging uga marang kang kereng.

19Jalaran, manawa wong rumangsa kakarsakake dening Allah nandhang sangsara, kang ora samesthine kasandhang, iku sih-rahmat.

20Sabab, manawa kowe digebugi marga tindakmu kang ala, apa iku kena kaalembana? Nanging manawa kowe tumindak becik sarta marga saka mangkono kowe nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsane Gusti Allah.

21Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Gusti Yesus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowe sarta wis nilari tuladha marang kowe, supaya kowe uga tumindak kaya Panjenengane.

22Panjenengane iku kang ora gawe dosa sarta ing tutuke ora tinemu ana cidrane.

23Nalika Panjenengane dipisuhi, ora males misuh. Nalika nandhang sangsara ora ngancam, nanging sumarah marang Panjenengane kang ngadili kanthi adil.

24Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.

25Awitdene dhek biyen kowe padha kesasar kaya wedhus, nanging saiki wis padha bali marang pangon sarta pamomonging nyawamu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Petrus 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Petrus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel