Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 16 >> 

1Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Yehu bin Hanani, kang wiraose nglawan marang Sang Prabu Baesa mangkene:

2“Ing sarehne sira wus Sunjunjung saka ing lebu sarta Sundadekake ratuning umatingSun Israel, mangka lakunira kaya dene Yerobeam tuwin akon umatingSun Israel supaya nglakoni dosa, satemah njalari gerahing penggalihingSun marga saka dosa iku,

3mulane lah Ingsun bakal numpes Baesa sakulawargane, karodene kulawarganira bakal Sundadekake kaya kulawargane Yerobeam bin Nebat.

4Panunggalane sanak kadange Baesa iku sapa kang mati ana ing kutha, bakal dadi pakaning asu lan kang mati ana ing ara-ara bakal kamangsa dening manuk ing awang-awang.”

5Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Baesa lan apa kang dilampahi sarta kaprawirane iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

6Sang Prabu Baesa banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure tuwin kasarekake ana ing Tirza. Pangeran Ela, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

7Uga lumantar Nabi Yehu bin Hanani pangandikane Pangeran Yehuwah wus kaparingake, kang wiraose nglawan marang Sang Prabu Baesa lan kulawargane, marga saka sakehing pandamele kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah njalari gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah marga saka pandameling astane mau, mulane banjur padha kaya kulawargane Sang Prabu Yerobeam, tuwin uga anggone wus nyedani Sang Prabu Yerobeam.

Sang Prabu Ela ratu ing Israel

8Ing taun kang kaping nemlikure jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Pangeran Ela, putrane Prabu Baesa, jumeneng dadi ratune Israel ana ing Tirza. Anggone ngasta paprentahan suwene rong taun.

9Nuli ana punggawane, kang asma Zimri, panggedhening saparone wadya-bala kretan, kang nganakake sekuthon nglawan panjenengane. Nalika panjenengane lagi ngunjuk inuman keras nganti wuru ana ing Tirza ana ing daleme Sang Arza, kang dadi panggedhene kraton ing Tirza,

10Sang Zimri sowan lan banjur nyedani panjenengane yaiku ing nalika taun kang kaping pitulikure jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, sarta banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

11Bareng jumeneng ratu, sawuse lenggah ing dhampare, banjur enggal-enggal numpes kulawargane Sang Prabu Baesa kabeh. Ora ana wong lanang siji-sijia saka panunggalane iku kang dilestarekake urip, dadia kulawargane, dadia para mitrane.

12Kaya mangkono Sang Prabu Zimri anggone numpes kulawargane Sang Prabu Baesa kabeh, cocog karo pangandikaning Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Yehu,

13marga saka sakehing dosa kang wus dilampahi dening Sang Prabu Baesa lan Sang Prabu Ela, kang putra, kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga, satemah padha damel gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel sarana dewa-dewane kang tanpa guna.

14Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Ela lan sakehe pandamele, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

Sang Prabu Zimri ratu ing Israel

15Ing taun kang kaping pitulikure jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Sang Zimri jumeneng ratu. Anggone ngasta paprentahan suwene pitung dina ana ing Tirza, nalika rakyat lagi makuwon ngepung Gibeton kang klebu wewengkone wong Pilisti.

16Bareng rakyat kang lagi makuwon iku krungu wong aweh pawarta: “Zimri wus nganakake sakuthon lan uga wus nyedani Sang Prabu,” ing dina iku uga, ana ing papan makuwone iku, wong Israel kabeh banjur njumenengake Sang Omri, senapatining wadya-bala, dadi ratuning Israel.

17Sawuse mangkono Sang Prabu Omri kalawan Israel kabeh padha mangkat saka ing Gibeton, sarta banjur ngepung Tirza.

18Bareng Sang Prabu Zimri mirsa, manawa kutha iku wus bedhah, banjur enggal-enggal lumebet ing purining kraton lan mbesmi kraton iku, sajrone panjenengane piyambak iya ana ing kono, nuli nemahi seda,

19marga saka dosa-dosa kang wus dilampahi, yaiku anggone nindakake apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah sarta sugenge nulad solah-tingkahe Sang Prabu Yerobeam kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa uga.

20Mungguh kekarene riwayate Sang Prabu Zimri lan sekuthon kang dianakake, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para raja Israel.

Sang Prabu Omri ratu ing Israel

21Ing nalika samana bangsa Israel pecah dadi rong golongan. Sagolongan ngeloni Sang Tibni bin Ginat, karepe bakal kajumenengake dadi ratu, lan sagolongan ngeloni Sang Omri.

22Nanging rakyat kang ngeloni Sang Omri luwih kuwat tinimbang kang ngeloni Sang Tibni bin Ginat. Sawuse Sang Tibni seda, Sang Omri banjur jumeneng ratu.

23Ing taun kang kaping telung puluh sijine jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Sang Omri jumeneng dadi ratu ing Israel sarta anggone ngasta paprentahan lawase rolas taun. Ana ing Tirza anggone ngasta paprentahan enem taun.

24Panjenengane nuli mundhut gunung Samaria saka Semer rega rong talenta selaka. Banjur yasa kutha ana ing gunung kono kang diparingi jeneng Samaria, miturut jeneng Semer, kang duwe gunung iku.

25Sang Prabu Omri tansah nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah ngluwihi sakabehe kang padha ngrumiyini.

26Sugenge nulad sakehe solah-tingkahe Sang Prabu Yerobeam bin Nebat lan dosane Sang Prabu Yerobeam kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga, satemah gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel sarana dewa-dewane kang tanpa guna.

27Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Omri, apa kang katindakake lan kaprawirane, iku rak wus katulisan ana ing layang sejarahe para raja ing Israel.

28Sang Prabu Omri nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta banjur kasarekake ing Samaria. Pangeran Akhab, kang putra tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

Sang Prabu Akhab nyembah marang Baal

29Sang Prabu Akhab, putrane Sang Prabu Omri, anggone jumeneng dadi ratuning Israel ing taun kang kaping telung puluh wolune jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda. Anggone ngasta paprentahan ing Israel Sang Prabu Akhab putrane Sang Prabu Omri iku lawase rolikur taun ana ing Samaria.

30Sang Prabu Akhab putrane Sang Prabu Omri iku tansah nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ngluwihi sakabehe kang padha ngrumiyini.

31Anggone lumampah ing sajroning dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat iku kaya-kaya durung cukup, mulane banjur mundhut garwa Sang Putri Izebel, putrane putri Sang Prabu Etbaal ratu ing Sidon, satemah panjenengane nuli ngabekti marang Baal kalawan disujudi lan disembah.

32Sang Prabu tumuli yasa misbyah kanggo Baal iku ana ing papan pamujaning Baal, kang kaadegake ana ing Samaria.

33Sawuse iku Sang Prabu Akhab banjur yasa reca Asyera tuwin anggone tumindak mangkono iku dibacut-bacutake, satemah njalari gerahing panggalihe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, ngluwihi sakehing ratu ing Israel kang ngrumiyini panjenengane.

34Ing nalika jaman samana Hiel, wong Betel, mbangun Yerikho maneh. Anadene anggone masang tetalese iku kanthi ngurbanake nyawane Abiram, anake kang pembarep, lan anggone masang lawanging gapurane kanthi ngurbanake nyawane Segub, anake kang ragil, cocog karo pangandikaning Sang Yehuwah, kang kapangandikakake lumantar Hakim Yuzak bin Nun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel