Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 20 >> 

Samaria kauwalake saka ing pangepungan

1Sang Prabu Benhadad, ratu ing nagara Aram, ngempalake wadya-balane kabeh, sarta kabiyantu dening ratu telung puluh loro lan jaran tuwin kareta, banjur nglurug ngepang Samaria, kang ditempuh ing perang.

2Sang Prabu nuli ngintunake utusan menyang ing kutha iku, kadhawuhan sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Benhadad:

3Kagunganipun jene tuwin selaka punika gadhahan kula, saha para ingkang garwa lan ingkang putra-putra ingkang sami endah ing warni punika ugi gadhahan kula.”

4Sang Nata ing Israel mangsuli pangandikane: “Kados dene ingkang paduka dhawuhaken, dhuh gusti kawula Sang Prabu, kawula dalah sadaya gadhahan kawula, punika kagungan paduka!”

5Sawuse iku para utusan mau padha bali lan matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Benhadad: Pancen kula sampun utusan tiyang sowan ing ngarsa panjenengan lan matur: Kagunganipun jene saha selaka, para ingkang garwa saha para ingkang putra kedah sami panjenengan pasrahaken dhateng kula,

6nanging benjing-enjing kinten-kinten ing wanci makaten, kula badhe ngutus para punggawa kula supados sowan ing ngarsa panjenengan saha nggledhah griyanipun para punggawa panjenengan, sarta punapa ingkang dipun tingali lan dipun pengini badhe dipun pendhet saha badhe dipun bekta.”

7Sang Nata ing Israel banjur nimbali sakehing tuwa-tuwaning nagara, padha dipangandikani mangkene: “Padha gatekna, wong iki arep gawe cilaka kita, sabab wus utusan wong sowan ing ngarsaningsun njaluk garwa-garwaningsun lan para putraningsun, emas lan selakaningsun sarta ingsun wus saguh masrahake.”

8Sakehing tuwa-tuwa lan rakyat kabeh padha munjuk: “Sampun dipun pidhangetaken, sampun dipun sagahi!”

9Awit saka iku banjur ngandika marang para utusane Sang Prabu Benhadad: “Sira padha munjuka marang gustiku Sang Prabu: Sadaya pamundhut paduka dhumateng kawula ingkang kawitan, punika badhe kawula caosaken, nanging pamundhut paduka ingkang kantun punika, kawula boten saged minangkani.” Para utusan nuli padha mundur lan ngaturake wangsulan mau marang Sang Prabu Benhadad.

10Sang Prabu Benhadad banjur utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, kadhawuhan matur: “Kula mugi dipun paringana paukuman makaten dening para allah, malah nglangkungana saking punika, manawi rakyat ingkang ndherekaken kula taksih sami saged nggegem bleduging gempuranipun Samaria.”

11Nanging Sang Nata ing Israel mangsuli pangandikane: “Sira padha matura: Tiyang ingkang saweg nganggar pedhang sampun ngantos gumunggung kados dene tiyang ingkang sampun nyelehaken pedhangipun.”

12Bareng Sang Prabu Benhadad, kang nalika iku lagi unjuk-unjukan karo para ratu ana ing pakuwon, midhanget pangandika kang mangkono iku, nuli ngandika marang para punggawane: “Padha tataa baris!”, banjur padha tata baris arep nglawan kutha mau.

13Nanging dumadakan ana nabi kang sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan matur: “Makaten pangandikaning Yehuwah: Apa sira wus ndeleng sakehing wong kang padha rame-rame iku? Lah ing dina iki iku bakal padha Sunulungake ing tanganira, supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

14Sang Prabu Akhab tumuli ndangu: “Sinten ingkang badhe mbiyantu?” Atur wangsulane: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Para neneman pandherekipun para kepala dhaerah.” Sang Prabu ndangu maneh: “Sinten ingkang badhe miwiti perang?” Atur wangsulane: “Panjenengan dalem!”

15Sang Prabu banjur nacahake para nonoman pandhereke para kepala dhaerah mau. Kehe ana rong atus telung puluh loro, lan sawuse iku banjur ngetang cacahe rakyat kabeh, yaiku wong Israel kabeh. Cacahe ana pitung ewu.

16Iku padha maju perang, nempuh ing wayah tengange, nalika Sang Prabu Benhadad lagi unjuk-unjukan nganti wuru ana ing pakuwone, bebarengan karo para ratu kang padha mbiyantu kang cacahe telung puluh loro mau.

17Nalika para nonoman pandhereke para kepala dhaerah iku padha ndhisiki nempuh. Sang Prabu Benhadad tumuli utusan wong kadhawuhan niti-priksa, lan iku padha ngaturi uninga marang panjenengane mangkene: “Wonten tiyang ingkang sami nempuh perang saking Samaria.”

18Sang Prabu tumuli ngandika: “Wong-wong iku, tekane apa kepengin bedhami apa arep perang, kabeh padha cekelen urip-uripan!”

19Nalika iku wong-wong padha metu saka ing sajroning kutha, yaiku para nonoman pandhereke para kepala dhaerah sarta uga wadya-bala kang padha ngetutake.

20Iku banjur padha mateni mungsuh kang ana ing ngarepe, satemah wong Aram iku nuli padha lumayu, lan dioyak dening wong Israel. Nanging Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram bisa oncat kalawan nitih titihan, bebarengan karo wadya jaranan sawatara.

21Sang Nata ing Israel uga majeng perang sarta banjur nyirnakake jaran-jaran lan kreta-kreta lan njalari bangeting kalahe wong Aram.

22Sawuse mangkono nabi mau nuli sowan ing ngarsane Sang Nata ing Israel lan munjuk: “Lah sapunika panjenengan dalem kawula aturi ingkang santosa ing panggalih, kawula aturi nimbang-nimbang saha nggalih punapa ingkang kedah panjenengan dalem tindakaken, awit benjing gumantosing taun ratu ing Aram badhe merangi panjenengan dalem.”

Peperangan ing sacedhake kutha Afek

23Para punggawane Sang Prabu ing Aram padha munjuk marang panjenengane: “Allahipun ngrika punika allahing redi; milanipun ngrika langkung kiyat tinimbang kita. Nanging manawi anggen kita perang nglawan ngrika punika wonten ing tanah ingkang wradin, kita tamtu langkung kiyat tinimbang ngrika.

24Sapunika panjenengan dalem kawula aturi tumindak makaten: Para ratu punika mugi sami kapecata saking ing kalenggahanipun, kagentosana dening para bupati.

25Panjenengan dalem lajeng karsaa nglempakaken wadya-bala ingkang cacahipun sami kaliyan ingkang tiwas, makaten ugi kapal saha kretanipun cacahipun inggih kados kala rumiyin. Sumangga lajeng sami mengsah perang nglawan tiyang-tiyang punika wonten ing tanah wradin, kita tamtu langkung kiyat katimbang ngrika.” Sang Prabu karsa ndhahar ature iku lan banjur tumindak mangkono.

26Ing taun candhake Sang Prabu Benhadad mriksa wadya-bala ing Aram banjur majeng perang menyang ing Afek, nglawan wong Israel.

27Wong Israel uga mriksa barisane sarta sawuse kasangonan nuli mangkat mapagake wong Aram. Wong Israel padha pacak baris adhep-adhepan karo wong Aram, katone kaya wedhus rong pantha, mangka wong Aram tekane kaya dene banjir kang ngelebi nagara iku.

28Ing kono abdining Allah banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu ing Israel lan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong Aram iku wus ngucap: Pangeran Yehuwah iku allahing gunung lan dudu allahe tanah warata, mulane Ingsun bakal ngulungake wadya-bala kang gedhe iku marang ing tanganira, supaya sira padha sumurup, manawa Ingsun iku Pangeran Yehuwah.”

29Pitung dina anggone padha pacak baris adhep-adhepan. Nanging ing dina kapitu iku nuli wiwit padha perang lan ing sajroning sedina wong Israel nggecak panunggalane wong Aram wadya-bala dharat satus ewu.

30Kekarene padha lumayu menyang ing Afek, lumebu ing kutha, nanging temboke ambruk nibani wong pitulikur ewu, yaiku kekarene mau. Nalika samana Sang Prabu Benhadad lumajeng lumebet ing kutha lan ndhelik pindhah-pindhah kamar.

31Para punggawane nuli padha munjuk marang panjenengane: “Kauningana, kawula sampun sami mireng, bilih para ratu trahing Israel punika ratu ingkang sami ambek mirah. Sumangga sami mangangge bagor ing bangkekan kita saha tangsul ing sirah kita lajeng sami medal sowan ing ngarsanipun Sang Nata ing Israel; bokmanawi panjenengan dalem lajeng dipun gesangi.”

32Sawuse mangkono tumuli padha manganggo bagor ing bangkekane lan tali ing sirahe sarta banjur sowan marang ing ngarsane Sang Nata ing Israel tuwin munjuk: “Abdi paduka Sang Prabu Benhadad matur: Gusti kawula mugi karsaa paring gesang dhumateng kawula.” Paring wangsulane: “Apa panjenengane isih sugeng? Iku rak sadherekingsun.”

33Wong-wong mau padha nganggep, manawa iku pratandha kang becik, mulane pangandika mau digondheli lan munjuk: “Sang Prabu Benhadad punika pancen sadherek dalem!” Sawuse mangkono Sang Prabu Akhab ngandika: “Padha mangkata, panjenengane dherekna mrene!” Dadine Sang Prabu Benhadad banjur miyos lan sowan ing ngarsane, tumuli kaajak nitih kreta.

34Sang Prabu Benhadad matur: “Kitha-kitha ingkang karebat dening rama kawula saking rama paduka, badhe kawula unjukaken wangsul; salajengipun bokbilih paduka ngersakaken badhe yasa peken wonten ing Damsyik kagem paduka, sumangga, inggih kados dene anggenipun rama kawula yasa wonten ing Samaria.” “Dene kula piyambak,” mangkono pangandikane Sang Prabu Akhab, “badhe ngaturi panjenengan kondur sasampunipun ngawontenaken prajanjian.” Sang Prabu Akhab nuli damel prajanjian kalawan panjenengane, sarta banjur nglilani panjenengane kondur.

Pameca bab paukuman kang bakal tumempuh marang Sang Prabu Akhab

35Tumuli golonganing para nabi ana siji kang tutur marang kancane marga saka dhawuhing Pangeran Yehuwah: “Aku penthungen!” Nanging kancane iku emoh menthung.

36Iku nuli dikandhani: “Ing sarehne kowe ora ngestokake swaraning Sang Yehuwah, mulane sumurupa, salungamu saka ing ngarepku, kowe bakal katubruk ing singa.” Lan bareng wong mau lunga saka ing ngarepe, nuli kepethuk singa, kang banjur nubruk dheweke.

37Nabi mau banjur nemoni wong liyane lan celathu: “Aku penthungen!” Tumuli iya dipenthung lan ditatoni.

38Nabi mau tumuli lunga lan ngadeg nyegat Sang Prabu ana ing dalan, kalawan nyamur laku srana mripate dipreban.

39Nalika Sang Prabu langkung, nabi mau nglapurake prakarane marang Sang Prabu, unjuke: “Nalika abdi dalem punika majeng dhateng ing satengahing peperangan, dumadakan wonten tiyang satunggal ingkang nilar pabarisan kaliyan mbekta tiyang dhateng ing ngajeng kula kanthi wicanten: Wong iki jaganen, manawa wong iki nganti ilang, sanadyan kanthi patrap kapriye bae, nyawamu bakal kanggo ijole, utawa kowe kudu mbayar dhuwit satalenta selaka.

40Nalika abdi dalem saweg ewed wonten ing ngrika-ngriki, tiyang punika ical.” Sang Prabu ing Israel nuli ngandika marang wong mau: “Iya mangkono iku paukumanira, sira dhewe kang wus netepake.”

41Wong mau nuli enggal-enggal nguculi prebaning mripate, satemah Sang Nata ing Israel mirsa, manawa iku panunggalane para nabi.

42Nabi iku tumuli munjuk: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ing sarehne sira wus ngeculake wong kang Suncadhongake supaya katumpes, mulane nyawanira bakal dadi gegentine nyawane, lan rakyatira bakal dadi gegentine rakyate.”

43Sang Nata ing Israel nuli kondur marang ing kadhatone kalawan panggalih kang rengu lan duka, sarta banjur rawuh ing Samaria.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran