Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 6 >> 

Sang Prabu yasa Padaleman Suci

1Kacarita taun kang kaping patang atus wolung puluh sawuse wong Israel metu saka ing tanah Mesir, ing taun kang kaping pat sawuse Sang Prabu Suleman jumeneng ratu ing Israel, ing sasi Ziw, yaiku sasi kang kapindho, Sang Prabu Suleman wiwit yasa padaleman kagem Sang Yehuwah.

2Padaleman kang kaadegake Sang Prabu Suleman kagem Sang Yehuwah iku dawane sawidak asta, lan ambane rong puluh asta sarta dhuwure telung puluh asta.

3Pendhapa ing sangarepe bale-agung ing padaleman iku dawane rong puluh asta, manut ambane padaleman iku lan ambane sapuluh asta ing ujure padaleman mangarep.

4Padaleman iku uga didokoki cendhela-cendhela nganggo krepyak kang rapet.

5Ing sakubenge padaleman mepet ing tembok diyasani kamar tambahan, ing sakubenge bale-agung lan bale pungkuran lan kabeh iku kagawe sungsun-sungsun.

6Larikan kang ngisor ambane limang asta, kang tengah enem asta, dene kang katelu pitung asta, amarga ing sajabane padaleman mubeng wus diyasani bantalan, pamurihe supaya ora usah mboboki temboking padaleman.

7Nalika yasa padaleman iku kang dianggo watu-watu kang wus diwangun ana ing papan pandhudhuke satemah ora keprungu swaraning palu utawa pethel utawa sadhengah piranti wesi sajrone mbangun padaleman iku.

8Lawange larikan ngisor ana ing satengahe padaleman lan manawa wong menyang ing larikan tengah menyang larikan katelu, liwat andha kang menggak-menggok.

9Bareng anggone yasa padaleman mau wus rampung, padaleman mau banjur dipasangi pyan, yaiku palang-palang ditrapi blabag kayu eres.

10Sabanjure bareng anggone ngadegake kamar-kamar tambahan mubeng wus rampung, yaiku saben larikan dhuwure limang asta, padaleman mau nuli ditrapi payon kayu eres.

11Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Sang Prabu Suleman mangkene:

12“Bab padaleman kang lagi sira degake iku, manawa lakunira manut ing sakehing pranataningSun, lan tetep nindakake sakehing dhawuhingSun sarta ora nyimpang saka iku, Ingsun bakal netepi janjiningSun marang sira kang wus Sunpangandikakake marang Dawud, ramanira,

13yaiku manawa Ingsun bakal dedalem ana ing satengahe wong Israel lan ora bakal nilar umatingSun Israel.”

14Bareng Sang Prabu Suleman wus rampung anggone yasa padaleman iku,

15temboke padaleman mau ing jerone dirangkepi blabag kayu eres; wiwit ing jrambah nganti tekan ing wengkuning pyan dirangkepi gebyog kayu eres, nanging jrambahe padaleman dilapisi blabag kayu beros.

16Perangane mburi padaleman mau kang rong puluh asta banjur didokoki singgetan kayu eres, wiwit ing jrambah nganti tekan ing blandar pangeret; perangan iku nuli kadadekake kamar pungkuran, dadi papan sucining asuci.

17Perangan ing sangarepe kamar pungkuran iku dawane patang puluh asta, iku kamar gedhe.

18Gebyog kayu eres ing sisih njerone padaleman mau karengga ing ukir-ukiran arupa woh labu lan kembang mekar; kabeh iku kayu eres, ora ana watune kang katon.

19Dadine kamar pungkuran ing sajrone padaleman, ing sisih njero dhewe, karakit mangkono iku, bakal kanggo ndokok pethining prajanjiane Sang Yehuwah.

20Kamar pungkuran iku dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta, dhuwure rong puluh asta. Iku kalapis ing emas lembaran, ing ngarepe kadokokan misbyah kayu eres.

21Sawuse Sang Prabu Suleman nglapisi sisih njerone padaleman kalawan emas lembaran, ing sisihe ngarep kamar pungkuran kapasangan klambu, kang karagangan rante-rante emas. Kamar mau nuli kalapisan emas.

22Padaleman mau warata kalapisan emas, iya padaleman iku sakabehe; misbyah ing sangarepe kamar pungkuran iku uga kalapis emas.

23Sabanjure ing sajroning kamar pungkuran diyasakake kerub kayu jaitun alas loro, siji-sijine dhuwure sapuluh asta.

24Swiwine kerub iku kang siji dawane limang asta, lan swiwi sijine uga limang asta, dadi saka pucuking swiwi kang siji tekan ing pucuke swiwi sijine dawane ana sapuluh asta.

25Kerub sijine dawane uga sapuluh asta. Kerub loro-lorone iku ukurane padha sarta wujude uga padha.

26Kerub kang siji dhuwure sapuluh asta, kerub sijine uga mangkono.

27Kerub-kerub iku diprenahake ana ing satengahe kamar kang njero dhewe, karo-karone padha ngegarake swiwine, nganti kerub kang siji nyenggol tembok kalawan swiwine, lan kerub sijine nyenggol tembok liyane, dene swiwi-swiwi kang ana ing satengahe padaleman padha adu pucuk.

28Kerub-kerub iku kalapis emas.

29Temboke padaleman kabeh iku mubeng rinengga ing gambar kerub, wit kurma tuwin kembang mekar ukir-ukiran, yaiku ing kamar jero lan ing kamar njaba.

30Jrambahing padaleman uga kalapis emas, ing kamar njero lan ing kamar njaba.

31Lawang kang anjog ing kamar pungkuran iku kang digawe kayu jaitun; dhempel, pipi lan sirahing lawang, wangune maju lima.

32Inebing lawang loro-lorone kang digawe kayu jaitun sarta karengga ing gambar kerub, wit kurma lan kembang mekar ukir-ukiran, banjur kalapis ing emas; kerube lan wite kurma uga kalapis ing emas.

33Samono uga lawang kang anjog ing gedhong gedhe, pipine kang digawe iya kayu jaitun lan wangune maju pat; inebe loro-lorone kang digawe kayu beros.

34Inebe lawang kang siji awujud rong perangan kang kena kalempit, samono uga inebe lawang sijine.

35Iku iya banjur karengga ing gambar kerub, wit kurma lan kembang mekar ukir-ukiran, nuli lawang mau kalapis emas tipis, kang kalapisake ing gambar ukir-ukiran mau.

36Sang Prabu banjur yasa tembok plataran njero nganggo watu tatahan sap telu lan nganggo kayu eres tatahan sasap.

37Tetalese padalemane Sang Yehuwah iku kagawe ing taun kang kaping pat, ing sajroning sasi Ziw,

38lan ing sajrone taun kang kaping sawelas, ing sajrone sasi Bul, yaiku sasi kang kaping wolu, padaleman mau wus rampung dalasan sakehing perang-perangane sarta cocog karo rancangane; dadi Sang Prabu anggone yasa padaleman iku lawase pitung taun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel