Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 17 >> 

Goliat nantang wadyabala Israel

1Wong Filisti ngumpulake wadyabala arep nglurug perang; anggone ngumpul ana ing Sokho ing tanah Yehuda lan ngadegake kemah ana ing antarane Sokho lan Azeka ing Efes-Damim.

2Sang Prabu Saul lan wong Israel uga padha ngumpul lan ngadegake kemah ana ing Lebak Wit-Ela sarta padha nata gelaring perang andhep-adhepan karo wong Filisti.

3Wong Filisti mapan ana ing gunung sisih kene lan wong Israel ana ing sisih kana, ing antarane ana lebak.

4Tumuli ana agul-agule bala Filisti kang metoni, jenenge Goliat wong ing Gat. Dedege nem asta sakilan.

5Nganggo topong tembaga ana ing sirahe, lan nganggo klambi kere mawa sisik, boboting klambine kere limang ewu sekel tembaga.

6Garese nganggo tebeng tembaga, manggul tumbak tembaga ing pundhake.

7Garaning tumbake sagulungan tenunan, lan wilahe tumbake wesi bobote nem atus sekel. Ana juru nggawa tameng lumaku ing ngarepe.

8Wong iku banjur ngadeg lan sesumbar marang barisan Israel, pangucape: “Apa perlune kowe ngetoni nata gelaring perang? Aku iki rak wong Filisti lan kowe padha bature Saul? Miliha wong siji, kareben mudhun mapagage perangku.

9Yen wong iku bisa menang perange tandhing karo aku lan ngasorake aku, aku bakal padha ngawula marang kowe. Nanging yen aku bisa unggul lan ngalahake dheweke, kowe bakal padha dadi kawulaku lan teluk marang bangsaku.”

10Wong Filisti mau celathu maneh: “Ing dina iki aku nantang barisan Israel, ngajokna wong siji supaya aku perang tandhing ijen padha ijen.”

11Bareng Sang Prabu Saul lan sakehe bangsa Israel krungu tembunge wong Filisti iku, atine padha kekes lan banget giris.

Dawud teka ing paprangan

12Dawud iku anake wong Efrata, ing Betlehem-Yehuda, kang aran Isai. Isai duwe anak lanang wolu. Nalika jumenenge Sang Prabu Saul wong iku wis tuwa lan akeh umure.

13Anake Isai lanang telu, kang gedhe-gedhe wis maju perang ndherek Sang Prabu Saul, anake telu kang mangkat perang iku arane: Eliab kang pembarep, kang penggulu: Abinadab lan kang pendhadha: Syama.

14Dene wuragile: Dawud. Dadine anake lanang-lanang telu kang gedhe-gedhe padha ndherek Sang Prabu Saul.

15Anadene Dawud iku saben-saben mulih menyang ing omahe sawise seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul, banjur ngengon wedhuse bapakne ana ing Betlehem.

16Wong Filisti iku tansah metoni lan nyedhak ing wayah awan lan sore. Mangkono anggone tansah metoni nganti patang puluh dina lawase.

17Isai celathu marang Dawud, anake: “Njupuka emping gandum iki saefa lan roti sepuluh iki kanggo kakang-kakangmu, enggal-enggal eterna menyang ing pakemahan, wenehna kakang-kakangmu.

18Lan keju kang sepuluh iki caosna marang panggedhene wadya-bala sewu. Takokna kaslametane kakang-kakangmu lan ulihmu nggawaa pratandha saka kana.

19Sang Prabu Saul lan sakehe wong Israel padha ana ing Lebak Wit-Ela lagi perang nglawan bala Filisti.”

20Ing wayah umun-umun Dawud wis tangi, masrahake wedhus-wedhuse marang wong jaga, mikul gegawane lan banjur mangkat kaya kang kaprentahake dening Isai. Tekane ing pakemahan pinuju wadya-bala lagi budhal lan nata pabarisan sarta padha surak rame alok-alok perang.

21Wadya-bala Israel lan Filisti padha nata barise adhep-adhepan.

22Dawud banjur nyelehake gegawane lan dipasrahake marang prajurit kang jaga barang-barange wadya-bala. Dawud banjur lumayu menyang ing pabarisan; satekane ing kana nakokake mungguh kaslametane para sadulure.

23Nalika lagi padha guneman, agul-agule bala Filisti mau maju, arane Goliat, wong Filisti saka ing Gat, metu saka pabarisane bala Filisti sarta ngumbar swara kaya sing uwis-uwis, kang keprungu dening Dawud.

24Bareng sakehe wong Israel ndeleng wong iku padha lumayu mundur saka ngarepe, amarga saka wedine.

25Pangucape wong Israel iku: “Apa kowe wis tau tumon wong kang maju iku? Sanyatane anggone maju iku prelu ngala-ala wong Israel! Wong kang bisa ngalahake dheweke bakal kaparingan ganjaran gedhe, arep ditrimani putrane putri Sang Prabu lan kulawargane bakal ora susah mbayar pajeg ana ing Israel.”

26Dawud banjur kandha marang wong kang padha ana ing sandhinge: “Badhe tampi ganjaran punapa tiyang ingkang saged ngawonaken tiyang Filisti punika lan ngicali kalingsemanipun bangsa Israel? Sinten ta tiyang Filisti ingkang boten tetak punika, dene ngantos kamipurun nyepelekaken barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang?”

27Rakyat iya banjur mangsuli nganggo tembung kang kasebut ing dhuwur mau: “Iku kang bakal kaganjarake marang wong kang ngalahake dheweke.”

28Nalika Eliab, kakangne kang tuwa dhewe, krungu tembunge Dawud marang para wong iku, Eliab nepsu marang Dawud, karo muni: “Apa perlune kowe teka mrene? Lan wedhusmu kang mung loro telu kang ana ing pasamunan iku kokpasrahake sapa? Aku ngreti watakmu bab kadukwanimu lan alaning atimu: tekamu mrene iki rak mung arep nonton perang ta?”

29Nanging Dawud mangsuli: “Aku iki ngapa ta? Aku rak mung takon ta?”

30Nuli minger ninggal kakangne lan nakokake kang kaya mangkono iku marang wong liyane. Lan rakyat wangsulane iya padha bae kaya mau.

31Tembung kang kaucapake Dawud iku keprungu ing wong, banjur diaturake marang Sang Prabu Saul. Lan Sang Prabu nuli utusan nimbali.

32Dawud matur marang Sang Prabu Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.”

33Nanging Sang Prabu ngandika marang Dawud: “Mokal sira bisa nandhingi wong iki, amarga sira iku isih anom, mangka wong iku wiwit enom wis dadi prajurit.”

34Nanging Dawud matur marang Sang Prabu: “Abdi dalem punika sampun kulina ngengen menda-mendanipun bapakipun dalem. Samangsa kadhatengan singa utawi bruwang, ingkang nubruk menda saking pepanthan,

35nunten dalem oyak lan menda wau dalem rebat saking cangkemipun. Lajeng manawi nempuh nglawan dhateng dalem, dalem cepeng jenggotipun sarta dalem gebagi ngantos pejah.

36Dados singa utawi bruwang wau sami dalem gebagi. Lan tiyang Filisti ikutan punika ugi badhe nemahi kados dene salah satunggalipun kewan punika, awit dene sampun ngawon-awon barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang.”

37Dawud matur maneh: “Sang Yehuwah, ingkang sampun ngluwari kawula saking cengkeremanipun singa utawi bruwang punika, Panjenenganipun ugi badhe ngluwari kawula saking tanganipun tiyang Filisti punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Iya wis mangkata! Sang Yehuwah muga nganthia lakunira.”

38Sang Prabu banjur nganggokake pangagemane perang marang Dawud, sirahe dianggoni topong tembaga, lan dianggoni klambi kere.

39Dawud nuli nyabukake pedhange ing jabane sandhangane perang, banjur njajal lumaku, amarga durung tau manganggo kaya mangkono. Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kawula boten saged mlampah, ngangge sandhangan punika awit dereng nate ngangge.” Wasana sandhangane dirucati.

Perange Dawud nglawan Goliat

40Dawud banjur nyangking tekene, milih watu klimis-klimis limang iji saka ing dhasare kali, dilebokake ing kasang pangon, kang digawa, yaiku wadhah watu lan bandhile dicangking. Mangkono anggone Dawud mapagake wong Filisti iku.

41Wong Filisti iku sangsaya nyedhak marang Dawud lan wong kang nggawa tameng ana ing ngarepe.

42Nalika wong Filisti iku mulat lan ndeleng Dawud, Dawud diremehake, amarga anom sumringah lan bagus.

43Wong Filisti iku celathu marang Dawud: “Aku iki apa koksengguh asu, dene anggonmu mapagake perangku nganggo teken?” Tumuli atas jenenge para allahe wong Filisti, ngipat-ipati Dawud.

44Wong Filisti iku celathu marang Dawud maneh: “Papagna perangku, aku bakal makakake dagingmu marang manuk-manuk ing awang-awang lan satokewan ing ara-ara.”

45Nanging Dawud celathu marang wong Filisti iku: “Anggonmu mapagake aku kalawan nggawa pedhang lan tumbak sarta tlempak, nanging aku methukake kowe atas asmane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi Gusti Allahe Israel, kang koktantang iku.

46Ing dina iki uga Sang Yehuwah bakal masrahake kowe marang ing tanganku lan aku bakal ngasorake kowe sarta nugel gulumu; ing dina iki uga aku bakal makakake bathangmu lan bathange bala Filisti marang manuk-manuk ing awang-awang lan marang kewan galak, supaya salumahing bumi padha sumurupa, yen Israel duwe Allah.

47Lan wong sapasamuwan padha ngretia, manawa Sang Yehuwah anggone mitulungi ora mawa pedhang lan tlempak. Amarga peperangan iku ana ing astane Sang Yehuwah lan Panjenengane masrahake kowe ana ing tanganku.”

48Bareng wong Filisti iku mangsah mapagake Dawud, Dawud enggal-enggal mlayu marani barisaning mungsuh mapagake wong Filisti iku.

49Dawud banjur ngrogoh watu ana ing kasange lan dibandhilake, ngenani bathuke wong Filisti iku, temah watune angrem ana ing bathuke, wong mau banjur tiba kerungkeb ana ing bumi.

50Mangkono anggone Dawud ngasorake wong Filisti iku nganggo bandhil lan watu; Dawud ngasorake lan mateni wong Filisti iku tanpa nyekel pedhang.

51Dawud banjur mlayoni wong Filisti iku, ngadeg ing sandhinge, pedhange diunus saka warangkane, wong mau banjur dipateni. Sirahe ditigas karo pedhang iku. Bareng wong Filisti padha ndeleng, yen agul-agule wus mati, nuli padha mlayu.

52Wong Israel lan wong Yehuda padha gumregah karo surak-surak lan banjur mbujeng wong Filisti nganti tekan ing sacedhake Gat lan gapurane Ekron. Lan wong kang padha dipateni saka panunggalane bangsa Filisti pating glimpang ana ing dalan kang anjog ing Saaraim, tekan ing Gat lan ing Ekron.

53Wong Israel banjur padha mulih saka anggone ngoyak-oyak wong Filisti kang ngebat-ebati iku, banjur njarah rayah pakemahane.

54Dawud njupuk sirahe wong Filisti kang ditugel iku digawa menyang Yerusalem, nanging gegamane didokok ana ing kemahe.

55Nalika Sang Prabu Saul mirsa Dawud mangsah mapagake wong Filisti iku, Sang Prabu ndangu marang Sang Abner, senapatine perang: “Wong anom iku anake sapa, Abner?” Atur wangsulane Senapati Abner: “Demi asma dalem ingkang gesang, dhuh Sang Prabu, sayektosipun kawula boten mangertos.”

56Sang Prabu nuli ngandika; “Dangunen, wong anom iku anake sapa?”

57Sawise Dawud bali saka nggone ngalahake wong Filisti mau, Senapati Abner nimbali dheweke kasowanake ing ngarsane Sang Prabu Saul, klawan isih nyangking sirahe wong Filisti iku.

58Pandangune Sang Prabu Saul: “He wong anom, sira iku anake sapa?” Atur wangsulane Dawud: “Kawula punika anakipun abdi dalem Isai, tiyang ing Betlehem.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel