Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 11 >> 

Sang Prabu Dawud jumeneng ratu ing Israel

1Kabeh wong Israel banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron lan matur: “Kauningana, kawula sadaya punika sami tunggil balung tunggil daging kaliyan panjenengan dalem.

2Nalika Sang Prabu Saul ngasta paprentahan, sampun lami anggen paduka mimpin mobah-mosikipun tiyang Israel. Sarta Pangeran Yehuwah, Gusti Allah paduka, sampun ngandika dhateng paduka: Sira kang kudu ngengon umatingSun Israel, lan iya sira iku kang dadi ratuning umatingSun Israel.”

3Sakahe para tetuwane Israel tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Nata ana ing Hebron, Sang Prabu Dawud banjur nganakake prajanjian karo wong-wong mau ana ing Hebron ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, Sang Prabu Dawud nuli jinebadan dadi ratu ing Israel, kayadene kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Samuel.

Sang Prabu Dawud ngrebat Yerusalem lan akadhaton ana ing kono

4Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang Yerusalem, yaiku Yebus, kadherekake dening wong Israel kabeh; anadene kang padha manggon ana ing nagara kono iku wong Yebus.

5Iku padha matur marang Sang Prabu Dawud: “Paduka boten badhe saged mlebet mriki.” Nanging Sang Prabu Dawud banjur ngrebat beteng ing Sion, yaiku kuthane Sang Prabu Dawud.

6Sang Prabu wus ngandika: “Sapa sing dhisik dhewe ngalahake wong Yebus, iku bakal dadi panggedhe lan pemimpin.” Kang banjur maju dhisik dhewe iku Yoab anake Zeruya, mulane nuli kaangkat dadi panggedhe.

7Sang Prabu Dawud tumuli akadhaton ana ing beteng kono, mulane iku banjur katelah jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud.

8Sang Prabu nuli nyantosani kutha mau ing saubenge, wiwit saka ing Milo, malah ing saubenge kabeh, dene saluwihe kutha iku dibangun maneh dening Sang Yoab.

9Saya suwe pangwaose Sang Prabu Dawud saya gedhe, amarga Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah nganthi marang panjenengane.

Para gegedhuge Sang Prabu Dawud

10Iki para panggedhe para prawira kang ndherekake Sang Prabu Dawud, kang padha nyaosi pambiyantu akeh marang panjenengane, bebarengan karo wong Israel kabeh, ing bab anggone nggayuh kalenggahan ratu, kaya kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah tumrap Israel.

11Iki daftare para prawira kang ndherekake Sang Prabu Dawud: Sang Yasobam bin Hakhmoni, tetindhihe prawira telung puluh, iku kalawan ngolahake tumbake bisa nyirnakake mungsuh telung atus ing sajroning nempuh perang sapisan.

12Nuli Sang Eleazar bin Dhodho wong Ahohi; iki klebu gegedhug kang telu cacahe.

13Nalika wong Filisti padha pacak baris ana ing Pas-Damim, Sang Eleazar pinuju ndherek Sang Prabu Dawud ana ing kono; ing kono ana pategalan, kang kebak tetanduran sair; bareng wadyabala lumayu saka ing ngarepe wong Filisti,

14gegedhug telu mau ngadeg ana ing tengahe pategalan kono lan padha bisa ngukuhi tanah iku, malah banjur bisa ngalahake wong Filisti. Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah paring kaunggulan kang ngleluwihi.

15Ing sawijining dina panunggalane tetindhih telung puluh mau ana telu kang munggah ing gunung parang sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing sacedhake guwa Adulam; nalika iku wadya-balane wong Filisti makuwon ana ing lebak Refaim.

16Sang Prabu Dawud ing nalika samana pinuju ana ing beteng gunung, dene wadya-bala Filisti ing nalika iku ngejegi Betlehem.

17Sang Prabu Dawud nuli katuwuhan pepenginan, pangandikane: “Ah, bok ya ana wong sing menehi ngombe aku banyu saka sumur ing Betlehem ing sacedhake gapura.”

18Wong telu mau banjur nrobos ing patarubane wong Filisti, tumuli nimba banyu ing sumur Betlehem kang ana ing sacedhake gapura, nuli diangkat lan digawa marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud. Nanging Sang Prabu Dawud ora karsa ngunjuk, banyune kacaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban unjukan,

19pangandikane: “Tumindak ingkang makaten punika, dhuh Allah, mugi tinebihna saking kawula. Punapa pantes kawula ngombe rahing toh-nyawanipun tiyang-tiyang punika? Amargi anggenipun sami mbekta toya punika kalayan ngetohaken nyawanipun.” Panjenengane ora karsa ngunjuk. Iku kang ditindakake dening gegedhug telu mau.

20Sang Abisai, rayine Sang Yoab, iku kang dadi tetindhihing wong telung puluh iku. Lan iya panjenengane iku kang kalawan ngolahake tumbake bisa mateni mungsuh telung atus; mulane banjur dadi kondhang ana ing antarane wong telung puluh mau.

21Ing antarane wong telung puluh iku, panjenengane kang kajen dhewe, la wong iya dadi tetindhihe, ewa samono ora bisa madhani gegedhug telu mau.

22Nuli Sang Benaya bin Yoyadha, turune wong gagah prakosa, kang gedhe lelabuhane, kang asale saka Kabzeel. Iku bisa mateni gegedhug Moab loro. Panjenengane iya tau lumebu ing gampeng lan mateni ing nalika dina tekaning salju.

23Kejaba iku iya tau mateni wong Mesir, kang dhuwure limang asta, mangka wong Mesir iku nyekel tumbak kang kaya giliganing tenunan, nanging wong mau banjur diparani kalawan nggawa teken, tumbake direbut saka ing tangane wong Mesir mau, kang banjur dipateni kalawan tumbake dhewe.

24Iku kang ditindakake dening Sang Benaya bin Yoyadha. mulane dadi kondhang ana ing antarane gegedhug telung puluh mau.

25Pancen ana ing antarane wong telung puluh mau, panjenengane kang kajen dhewe, nanging iya ora bisa madhani gegedhug telu kasebut ing ngarep. Sang Benaya iku kaangkat dening Sang Prabu Dawud dadi panggedhening prajurit pengawale Sang Nata.

26Sabanjure para prawira kang gagah prakosa liyane yaiku Sang Asael, sadhereke Sang Yoab, nuli Sang Elhanan bin Dhodho saka Betlehem:

27Sang Samot, wong Harod; Sang Heles, wong Peloni;

28Sang Ira bin Ikesy, wong Tekoa; Sang Abiezer, wong Anatot;

29Sang Sibkhai, wong Husa; Sang Ilai, wong Ahohi;

30Sang Maharai, wong Netofa; Sang Heled bin Baaha, wong Netofa;

31Sang Itai bin Ribai, saka ing Gibea, wong Benyamin; Sang Benaya, wong Piraton;

32Sang Hurai saka ing lebak-lebak Gaas; Sang Abiel, wong Bet-Araba;

33Sang Azmawet, wong Bahurim; Sang Elyakhba, wong Saalbon;

34Sang Hasyem, wong Gizon; Sang Yonatan bin Sage, wong Harari;

35Sang Abiam bin Sakhar, wong Harari; sang Elifal bin Ur;

36Sang Hefer, wong Mekherati; Sang Ahia, wong Peloni;

37Sang Hezro, wong Karmel; Sang Naarai bin Ezbai;

38Sang Yoel, sadulure Natan; Sang Mibhar bin hagri;

39Sang Zelek, wong Amon; Sang Maharai, wong Beerot, kang ngampil dedamele Sang Senapati Yoab, putrane Sang Zeruya;

40Sang ira, wong Yetri; Sang Gareb, wong Yetri;

41Sang Uria, wong Het; Sang Zabad bin Ahlai;

42Sang Adina anake Ziza, wong Ruben, tetindhihe para wong Ruben, bebarengan wong telung puluh;

43Sang Hanan bin Maakha; Sang Yosafat, wong Mitni;

44Sang Uzia, wong Azytarot; Sang Syama lan Sang Yeiel, para putrane Sang Hotam wong Aroer;

45Sang Yediael bin Simri, lan Sang Yoha, sadhereke, wong Tizi;

46Sang Eliel, wong Mahawim; Sang Yeribai lan Sang Yosawya, para putrane Sang Elnaam; Sang Yitma, wong Moab;

47Sang Eliel, Obed lan Sang Yaasiel, wong Mezobaya.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel