Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 13 >> 

Pethi prajanjian kaelih saka ing Kiryat-Yearim

1Sang Prabu Dawud pirembagan karo para tetindhinging wadya-bala sewu lan wadya-bala satus sarta karo sakehing pengarep.

2Pangandikane Sang Prabu Dawud marang pasamuwan Israel kabeh mangkene: “Manawa sira padha nganggep prayoga lan manawa di parengake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, ayo padha nyebar kongkonan marang para sadulur kita kang isih padha manggon ing sawewengkone Israel kabeh, lan kejaba iku marang para imam lan para wong Lewi kang ana ing kutha-kutha, kang kaubengan ing tanah pangonane, supaya wong-wong iku padha nglumpuk mrene.

3Sarta maneh ayo padha ngelih pethine Gusti Allah kita mrene, amarga dhek jamane Sang Prabu Saul aku ora padha mikir bab iku.”

4Ing kono kabeh kang masamuwan padha munjuk, manawa bakal padha nindakake bab iku, awit usul iku kaangep becik dening wong sabangsa kabeh.

5Sang Prabu Dawud banjur nimbali sakehe wong Israel wiwit kang ana ing kali Sikhor ing tanah Mesir nganti tekan kang ana ing sacedhake dalan menyang ing kutha Hamat, padha kadhawuhan mboyong pethining Allah saka ing Kiryat-Yearim.

6Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang ing Baala, ing Kiryat-Yearim, kang klebu wilayah Yehuda, kadherekake dening wong Israel kabeh, arsa mboyong pethining Allah saka ing kana, kang disebut nganggo asmane Pangeran Yehuwah kang adhedhampar ing sandhuwure kerubim.

7Pethine Gusti Allah katitihake ing kreta kang anyar saka ing omahe Abinadab, dene kang nglakokake kreta mau Uza lan Ahyo.

8Sang Prabu Dawud lan wong Israel kabeh padha beksa ana ing ngarsaning Allah kanthi ngetog kakiyatan, kairing ing kekidungan, clempung, slukat trebang, kecer lan kalasangka.

9Bareng tekan ing panutone Kidon, Uza tumuli mulung tangane nyekel pethi mau, amarga sapi-sapine padha kejrungup.

10Ing kono Pangeran Yehuwah banjur duka banget marang Uza, Uza dipateni, marga tangane gumrageh marang pethi mau; dheweke mati ana ing ngarsaning Allah.

11Sang Prabu Dawud ngungun, dene Pangeran Yehuwah nggebag Uza kanthi patrap kang nggegirisi iku; mulane panggonan kono banjur kaaranan Peres-Uza nganti saprene.

12Nalika iku Sang Prabu Dawud nuli dadi ajrih marang Gusti Allah, banjur ngandika: “Kapriye anggoningsun bisa mboyong pethining Allah iku menyang ing padununganingsun.”

13Marga saka iku Sang Prabu Dawud ora karsa mindhah pethi mau menyang ing papan padalemane, ing kuthane Sang Prabu Dawud, nanging Sang Prabu Dawud tumuli menggok, pethi kabekta menyang ing omahe Obed-Edom, wong Gat.

14Pethining Allah mau anggone dumunung ana ing satengahe brayate Obed-Edom suwene telung sasi lan Pangeran Yehuwah mberkahi brayate Obed-Edom sarta sakehe barang darbeke.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel