Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 2 >> 

Para tedhak-turune Rama Yehuda

1Iki para putrane Rama Israel: Rama Ruben, Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar, Zebulon,

2Dhan, Yusup, Benyamin, Naftali, Gad lan Asyer.

3Para putrane Rama Yehuda yaiku Er, Onan lan Syela, dadine telu, iku miyos saka putrane putri Sang Syua, priyayi Kanaan. Nanging Er, putrane Rama Yehuda kang pambajeng, iku ora becik ana ing paningaling Sang Yehuwah, mulane banjur dipejahi dening Pangeran Yehuwah

4Ibu Tamar, mantune Rama Yehuda, peputra Peres lan Zerakh. patutan karo panjenengane. Dadine putrane Rama Yehuda iku kabeh ana lima.

5Para putrane Rama Peres yaiku Hezron lan Hamul.

6Para putrane Rama Zerakh yaiku Zimri, Etan, Heman, Kalkol lan Dara, kabeh lima.

7Turune Rama Karmi yaiku Akhar, kang gawe cilakane wong Israel, amarga ora ngugemi marang dhawuh ing bab barang-barang kang kabengkas.

8Turune Rama Etan yaiku Azarya.

9Para putrane Rama Hezron yaiku Yerakhmeel, Ram lan Khelubai.

10Rama Ram peputra Aminadab, lan Rama Aminadab peputra Nahason, panggedhene bani Yehuda.

11Rama Nahason peputra Salma lan Ram Salma peputra Boas.

12Rama Boas peputra Obed lan Rama Obed peputra Isai.

13Rama Isai peputra Eliab, iku pambajenge, banjur Aminadab, panggulune, Simea, kang angka telu,

14Netaneel, kang angka papat, Radai kang angka lima.

15Ozem, kang angka nem, tumuli Sang Prabu Dawud, putra kang angka pitu.

16Anadene para sadhereke estri yaiku Zeruya lan Abigail. Para putrane Ibu Zeruya yaiku Abisai, Yoab lan Asael, dadi telu.

17Ibu Abigail peputra Amasa, dene ramane Amasa iku Yeter, wong Ismael.

18Rama kaleb bin Hezron peputra Yeriot, patutan karo Ibu Azuba, garwane; dene para putrane putri yaiku Yesyer, Sobab lan Ardon.

19Bareng Ibu asuba wus seda, Rama kaleb krama oleh Ibu Efrat kang peputra Hur.

20Rama Hur peputra Uri, lan Rama Uri peputra Bezaleel.

21Sawuse mangkono Rama Hezron krama oleh putrane estri Rama Makhir, ramane Gilead. Nalika krama oleh wanita iku, panjenengane wus yuswa sawidak taun. Iku banjur peputra Rama Segub.

22Rama Segub peputra Yair, kang ndarbeni padesan telulikur ana ing tanah Gilead.

23Nanging Hawot-Yair banjur karebut dening Gesur lan Aram, samano uga Kenat lan desa-desa kang klebu ing wewengkone kono, gunggung padesan sawidak. Iku kabeh para turune Rama Makhir, ramane Gilead.

24Sawuse Rama Hezron seda, Rama Kaleb tumuli nggarwa Ibu Efrata -- garwane Rama Hezron -- Ibu Efrata iku banjur peputra Asyhur, ramane Tekoa.

25Para putrane Rama Yerahmeel, putrane pambajeng Rama Hezron, yaiku Ram, iki kang pambajeng, banjur Buna, Oren, Ozem lan Ahia.

26Nanging Rama Yerahmeel kagungan garwa liyane kang asma Atara, iku peputra Onam.

27Para putrane Rama Ram, putrane pambajeng Rama Yerahmeel, yaiku Maas, Yamin lan Eker.

28Para putrane Rama Onam yaiku Samai lan Yada, dene Rama Samai peputra Nadab lan Abisur.

29Garwane Rama Abisur asma Abigail, kang peputra Akhban lan Molid.

30Para putrane Rama Nadab yaiku Seled lan Apaim; Rama Seled seda ora peputra.

31Rama Apaim peputra Yesei, dene Rama Yesei peputra Sesan, sarta Rama Sesan peputra Akhlai.

32Rama Yada, rayine Rama Samai peputra Yeter lan Yonatan. Rama Yeter seda ora peputra.

33Para putrane Rama Yonatan yaiku Pelet lan Zaza. Iku para turune Rama Yerahmeel.

34Putrane Rama Sesan ora ana kang kakung, kabeh putri, nanging Rama Sesan kagungan abdi lanang, wong Mesir, jenenge Yarha.

35Rama Sesan nuli maringake putrane marang Yarha, abdine mau, dadi somahe, iku banjur peputra Atai.

36Rama Atai peputra Natan, lan Rama Natan peputra Zabad.

37Rama Zabad peputra Eflal lan Rama Eflal peputra Obed.

38Rama Obed peputra Yehu, lan Rama Yehu peputra Azarya

39Rama Azarya peputra Heles, lan Rama Heles peputra Elasa.

40Rama Elasa peputra Sismai, lan Rama Sismai peputra Salum.

41Rama Salum peputra Yekamya lan Rama Yekamya peputra Elisama.

42Para turune Rama Kaleb, rayine Rama Yerahmeel, yaiku Mesa, pambajenge, ramane Zif, lan para putrane Rama Maresa, ramane Hebron.

43Para putrane Rama Hebron yaiku Korakh, Tapuah, Rekem, lan Sema.

44Rama Sema peputra Raham, ramane Yorkeam, dene Rama Rekem peputra Samai.

45Putrane Rama Samai yaiku Maon, lan Rama Maon iku peputra Bet-Zur.

46Ibu Efa, garwa ampile Rama Kaleb, peputra Haran, Mosa lan Gazes; Rama Haran peputra Gazes.

47Para putrane Rama Yohdai yaiku Regem, Yotam, Gesan, Pelet, Efa lan Saaf.

48Ibu Maakha, garwa ampile Rama Kaleb, peputra Seber lan Tirhana.

49Ibu Maakha uga peputra Saaf, ramane Madmana lan Sewa, ramane Makhbena lan ramane Gibea. Putrane Rama Kaleb kang putri asma Akhsa.

50Iku kabeh turune Rama Kaleb. Para putrane Rama Hur, putra pambajenge Ibu Efrata, yaiku Sobal, ramane Kiryat-Yearim,

51Rama Salma, ramane Betlehem lan Haref, ramane Bet-Gader.

52Turune Rama Sobal, ramane Kiryat-Yearim, yaiku Haroe lan saparone wong Menukhot.

53Anadene kang kagolong gotrah Kiryat-Yearim yaiku wong Yetri, wong Puti, wong Sumati lan wong Misrai lan iya saka iku asale wong Zora lan wong Esytaol.

54Turune Rama Salma yaiku Betlehem, wong Nefota, Atarot-Bet-Yoab lan saparone wong Manakhti yaiku wong Zori.

55Anadene gotrah-gotrahe para ahli tulis kang padha manggon ing Yabes, yaiku wong Tirati, wong Simati lan wong Sukhati. Iku kabeh padha wong Keni turune Hamat, leluhure bani Rekhab.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel