Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 24 >> 

Para imam padha kaperang-perang dadi golongan-golongan

1Iki golongan-golongan tedhake Imam Harun. Para putrane Imam Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.

2Nanging Imam Nadab lan Imam Abihu anggone tilar-donya luwih dhisik tinimbang kang rama lan ora tilar putra kakung, mulane kang kadunungan kalenggahan imam yaiku Eleazar lan Itamar.

3Sang Prabu Dawud kabinyantu dening Imam Zadhok saka bani Eleazar lan Imam Akhimelekh saka bani Itamar, nggolong-nggolongake para wong manut kawajibane ing sajrone nindakake tata pangibadah.

4Nuli kasumurupan, manawa ing antarane turune Imam Eleazar sesirahe golongan luwih akeh tinimbang ing antarane turune Imam Itamar, mulane pamerange mangkene: kanggo bani Eleazar lelurahing kulawangsane ana nembelas, nanging kanggo bani Itamar wolu.

5Sabanjure anggone merang-merang iku kalawan nguncalake undhi tanpa kabedak-bedakake, awit turune Imam Eleazar lan turune Imam Itamar ana kang dadi “para pangarep suci” lan “para pangareping Allah,” iku iya turune Eleazar lan iya turune Itamar.

6Anadene Semaya bin Netaneel, panitrane, sawijining wong Lewi, iku nulisi jeneng-jenenge ana ing ngarsane Sang Prabu, para panggedhe Imam Zadhok, Imam Akhimelekh bin Abyatar lan ana ing ngarepe para lelurahing kulawangsane imam-imam lan wong Lewi. Saben-saben saka trah Eleazar kajupuk kulawangsa siji, mangkono uga saka trah Itamar iya kulawangsa siji.

7Undhian kang kawitan tumiba marang Imam Yoyarib; kang kapindho marang Imam Yedhaya;

8kang katelu marang Imam Harim; kang kaping pat marang Imam Seorim;

9kang kaping lima marang Imam Malkia; kang kaping nem marang Imam Miyamin;

10kang kaping pitu marang Imam Hakos; kang kaping wolu marang Imam Abia;

11kang kaping sanga marang Imam Yesua; kang kaping sepuluh marang Imam Sekhanya;

12kang kaping sawelas marang Imam Elyasib; kang kaping rolas marang Imam Yakim;

13Kang kaping telulas marang Imam Hupa; kang kaping patbelas marang Imam Yesebeab;

14kang kaping limalas marang Imam Bilga; kang kaping nembelas marang Imam Imer;

15kang kaping pitulas marang Imam Hezir; kang kaping wolulas marang Imam Hapizes;

16kang kaping sangalas marang Imam Petahya; kang kaping rongpuluh marang Imam Yehezkiel;

17kang kaping selikur marang Imam Yakhin; kang kaping rolikur marang Imam Gamul;

18kang kaping telulikur marang Delaya; kang kaping patlikur marang Imam Maazya.

19Iku bubuhane wong-wong mau ing sajrone padha nindakake tata pangibadah, sawuse lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, miturut ing pranatan kang kaparingake marang dheweke kabeh lumantar Imam Harun, leluhure, cocog karo apa kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

Para kulawangsane wong Lewi

20Golongan kang isih kari saka bani Lewi, saka para tedhake Rama Amram yaiku Subael, saka turune Rama Subael, Yehdeya;

21saka turune Rama Rehabya yaiku Yisia, sawijining lelurah;

22saka turune Rama Yizhar yaiku Selomot; saka turune Rama Selomot yaiku Yahat.

23Para putrane Rama Hebron yaiku Yeria, sawijining lelurah, Amarya, putrane kang angka loro, Yahaziel, kang angka telu, lan Yekameam, kang angka papat.

24Putrane Rama Uziel yaiku Mikha; saka para turune Rama Mikha yaiku Samir.

25Sadhereke Rama Mikha yaiku Yisia; saka para putrane Rama Yisia yaiku Zakharia.

26Turune Rama Merari yaiku Rama Mahli lan Rama Musi, uga para putrane Rama Yaazia, putrane.

27Turune Rama Merari saka Rama Yaazia, putrane, yaiku Syoham, Zakur lan Hibri.

28Saka Rama Mahli yaiku Eleazar; iku ora peputra.

29Saka Rama Kisy yaiku Yerahmeel.

30Para putrane Rama Musi yaiku Mahli, Eder lan Yerimot. Iku bani Lewi manut kulawangsane.

31Iku iya padha nguncalake undhi padha kaya para sadulure tunggal suku, tedhake Rama Harun, ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud, Imam Zadhok, Imam Akhimelekh lan ana ing ngarepe para lelurahing kulawangsa, para imam lan wong Lewi. Ing bab iki lelurahing kulawangsa iku padha karo sadulure kang cilik dhewe.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel