Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 6 >> 

Suku Lewi

1Para putrane Rama Lewi yaiku Gerson, Kehat lan Merari.

2Rama Kehat peputra Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.

3Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun, Nabi Musa lan Ibu Miryam. Para putrane Rama Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.

4Rama Eleazar peputra Pinehas; Rama Pinehas peputra Abisua,

5Rama Abisua peputra Buki; Rama Buki peputra Uzi;

6Rama Uzi peputra Zerahya; Rama Zerahya peputra Merayot;

7Rama Merayot peputra Amarya; Rama Amarya peputra Ahitub;

8Rama Ahitub peputra Zadhok; Rama Zadhok peputra Ahimaas;

9Rama Ahimaas peputra Azarya; Rama Azarya peputra Yohanan;

10Rama Yohanan peputra Azarya; iku kang dadi imam ana ing Padaleman Suci, yasane Sang Prabu Sulaeman ana ing Yerusalem.

11Rama Azarya peputra Amarya; Rama Amarya peputra Ahitub;

12Rama Ahitub peputra Zadhok; Rama Zadhok peputra Salum;

13Rama Salum peputra Hilkia; Rama Hilkia peputra Azarya;

14Rama Azarya peputra Seraya; Rama Seraya peputra Yozadak;

15Rama Yozadak iki katut diboyong nalika Pangeran Yehuwah marengake wong Yehuda lan Yerusalem padha diangkat marang ing pambuwangan dening Sang Prabu Nebukadnezar.

16Para putrane Rama Lewi yaiku Gerson, Kehat, lan Merari.

17Iki asmane para putrane Rama Gerson: Libni lan Simei.

18Para putrane Rama Kehat yaiku Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.

19Para putrane Rama Merari yaiku Mahli lan Musi. Iki gotrah-gotrahe suku Lewi ing sajroning kulawangsa-kulawangsane:

20kang saka Rama Gerson yaiku Libni, kang putra; dene iki peputra Yahat; iki peputra Zima;

21iki peputra Yoah; iki peputra Ido; iki peputra Zerah; iki peputra Yeatrai.

22Para putrane Rama Kehat yaiku: Aminadab; iki peputra Korakh; iki peputra Asir;

23iki peputra Elkana; iki peputra Ebyasaf; iki peputra Asir;

24iki peputra Tahat; iki peputra Uriel; iki peputra Uzia; iki peputra Saul.

25Rama Elkana peputra Amasai lan Ahimot,

26iki peputra Elkana; iki peputra Zofai; iki peputra Nahat;

27iki peputra Eliab; iki peputra Yeroham; iki peputra Elkana.

28Para putrane Rama Samuel yaiku Yoel, iki pambajenge, dene kang angka loro yaiku Abia.

29Para turune Rama Merari yaiku Mahli: iki peputra Libni; iki peputra Simei; iki peputra Uza;

30iki peputra Simea; iki peputra Hagia; iki peputra Asaya.

Penyanyi-penyanyi ing Padalemaning Sang Yehuwah

31Iki para wong kang diparingi bubuhan dening Sang Prabu Dawud nuntun nyanyian ana ing padalemaning Sang Yehuwah sawuse pethi oleh papan pakendelan.

32Anggone leladi dadi penyanyi ana ing ngarepe Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nganti Sang Prabu Suleman yasa padalemaning Sang Yehuwah ana ing Yerusalem. Anggone nglakoni kawajibane iku manut pranatane.

33Iki wong-wong kang padha kaparingan bubuhan mau dalasan para anak-anake: saka bani Kehat yaiku Heman. iku penyanyi, anake Yoel bin Samuel

34bin Elkana bin Yeroham bin Eliel bin Toah

35bin Zuf bin Elkana bin Mahat bin Amasai

36bin Elkana bin Yoel bin Azarya bin Zefanya

37bin Tahat bin Asir bin Ebyasaf bin Korakh

38bin Yizhar bin Kehat bin Lewi, putrane Rama Israel.

39Kang nisihe ana ing tengene Asaf, sadulure tunggal suku, yaiku Asaf bin Berekhya bin Simea

40bin Mikhael bin Baaseya bin Malkia

41bin Etani bin Zerah bin Adaya

42bin Etan bin Zima bin Simei

43bin Yahat bin Gerson, putrane Rama Lewi.

44Kang ana ing sisih kiwa panunggalane bani Merari, para sadulur tunggal suku, yaiku Etan bin Kisi bin Abdi bin Malukh

45bin Hasabya bin Amazia bin Hilkia

46bin Amzi bin Bani bin Semer

47bin Mahli bin Musi bin Merari, putrane Rama Lewi.

Turune Rama Harun

48Para sadulure tunggal suku, wong-wong Lewi liyane, padha dipasrahi sakehe pagawean ing Tarub Suci, padalemaning Allah.

49Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.

50Iki para putrane Rama Harun: Eleazar, putrane; iki peputra Pinehas; iki peputra Abisua;

51iki peputra Buki; iki peputra Uzi; iki peputra Zerahya;

52iki peputra Merayot; iki peputra Amarya; iki peputra Ahitub;

53iki peputra Zadhok; iki peputra Ahimaas.

Kutha-kuthane wong Lewi

54Iki papan padunungane manut papan-papaning pakemahane ana ing wilayahe: Tedhake Rama Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, iku ketiban undhi kang kawitan

55iku padha diwenehi Hebron ing tanah Yehuda dalasan pangonan-pangonan ing saubenge,

56nanging pategalane kutha kono sadesa-desane wus kapasrahake marang Rama Kaleb bin Yefune.

57Tedhake Rama Harun padha diwenehi kutha pangungsen Hebron, lan Libna dalah pangonan-pangonane, sarta Yatir, banjur Estemoa dalah pangonan-pangonane;

58Hilen dalah pangonan-pangonane, Debir dalah pangonan-pangonane,

59Asan dalah pangonan-pangonane lan Bet-Semes dalah pangonan-pangonane;

60lan saka suku Benyamin: Geba dalah pangonan-pangonane, Alemet dalah pangonan-pangonane tuwin Anatot dalah pangonan-pangonane. Kutha-kuthane kabeh ana telulas kang kabage-bage ana ing antarane para gotrahe.

61Anadene saluwihe turune Rama Kehat mau, sawuse kaundhi, tampa kutha sapuluh saka gotrahe suku iku, yaiku saka suku Manasye, kang saparo iku.

62Turune Rama Gerson manut gotrah-gotrahe diwenehi kutha telulas saka suku Isakhar, suku Asyer, suku Naftali lan saka suku manasye kang ana ing Basan.

63Turune Rama Merari manut gotrah-gotrahe sawuse kaundhi diwenehi kutha rolas saka suku Ruben, saka suku Gad lan saka suku Zebulon.

64Dadine wong Israel menehi marang wong lewi kutha-kutha mau dalah pangonan-pangonane.

65Wong-wong iku uga menehi kalawan kaundhi kutha-kutha kang kapratelakake jeneng-jenenge mau, saka suku bani Yehuda, saka suku bani Simeon lan saka suku bani Benyamin.

66Gotrah-gotrah liyane saka turune Rama Kehat, tampa kutha-kutha saka suku Efraim, minangka dhaerahe,

67yaiku diwenehi kutha pangungsen Sikhem dalah pangonan-pangonane ing pagunungan Efraim, banjur Gezer lan pangonan-pangonane,

68Yokmeam dalah pangonan-pangonane,

69Ayalon dalah pangonan-pangonane lan Gat-Rimon dalah pangonan-pangonane.

70Sarta saka suku Manasye kang saparone mau: Aner dalah pangonan-pangonane, lan Bileam dalah pangonan-pangonane. Dadi kutha-kutha mau diwenehake marang gotrah-gotrah saluwihe saka turune Rama Kehat.

71Para turune Gerson tampa saka saparone suku Manasye: Golan kang ana ing Basan dalah pangonan-pangonane banjur Asytarot dalah pangonan-pangonane;

72saka suku Isakhar: Kedesy dalah pangonan-pangonane: Daberat dalah pangonan-pangonane,

73Ramot dalah pangonan-pangonane lan Anem dalah pangonan-pangonane;

74saka suku Asyer: Masal dalah pangonan-pangonane, Abdon dalah pangonan-pangonane,

75Hukok dalah pangonan-pangonane lan Rehob dalah pangonan-pangonane;

76saka suku Naftali: Kedesy ing Galilea dalah pangonan-pangonane, Hamon dalah pangonan-pangonane lan Kiryataim dalah pangonan-pangonane.

77Turune Rama Merari saluwihe tampa saka suku Zebulon: Rimono dalah pangonan-pangonane lan Tabor dalah pangonan-pangonane;

78lan ana ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho, ing sisih wetane bengawan Yarden, kang diwenehake saka suku Ruben: Bezer ing pasamunan dalah pangonan-pangonane, Yahas dalah pangonan-pangonane,

79Kedemot dalah pangonan-pangonane lan Mefaat dalah pangonan-pangonane;

80sarta saka suku Gad: Ramot ing Gilead dalah pangonan-pangonane, Mahanaim dalah pangonan-pangonane,

81Hesybon dalah pangonan-pangonane tuwin Yaezer dalah pangonan-pangonane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel