Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 7 >> 

Suku-suku kekarene

1Para putrane Rama Isakhar yaiku Tola lan Pua, Yasub lan Simeon, gunggung papat.

2Rama Tola peputra Uzi, Refaya, Yeriel, Yakhmai, Yibsam lan Samuel, iki padha dadi kepalaning turune Rama Tola, padha wong prawira kang gagah prakosa; manut daftar jamane Sang Prabu Dawud gunggunge turune ana rolikur ewu nem atus.

3Turune Uzi yaiku Yizrahya, dene putrane Rama Yizrahya yaiku Mikhael, Obaja, Yoel lan Yisia, gunggung lima, kabeh padha dadi kepala.

4Sangisore manut daftar turune lan manut kulawangsane, ana golongan-golongan prajurit kang cacahe telung puluh enem ewu, awit bojone lan anak-anake akeh.

5Para sadulure tunggal taler panunggalane gotrahe Rama Isakhar, iku padha wong prawira kang gagah prakosa, kabeh ana wolung puluh pitu ewu, kang padha kacathetan ana ing sarasilah.

6Para putrane Rama Benyamin yaiku Bela, Bekher lan Yediael, gunggung telu.

7Para putrane Rama Bela yaiku Ezbon, Uzi, Uziel, Yerimot lan Iri, gunggung lima, padha dadi kepala kulawangsa, padha wong prawira kang gagah prakosa; kang padha kacathet ing sarasilah ana rolikur ewu telung puluh papat.

8Para putrane Rama Bekher yaiku Zemira, Yoas, Eliezer, Elyoenai, Omri, Yeremot, Abia, Anatot lan Alemet, iku kabeh para putrane Rama Bekher.

9Kang padha kacathet ing sarasilah, manut turune, kepala-kepala kulawangsane, padha wong prawira kang gagah prakosa, ana rong puluh ewu rong atus.

10Para turune Rama Yediael yaiku Bilhan lan turune Rama Bilhan yaiku Yeusy, Benyamin, Ehud, Kenaana, Zetan, Tarsis lan Ahisahar.

11Iku kabeh turune Rama Yediael, padha dadi kepalane kulawangsane, padha wong prawira kang gagah prakosa; wong kang sembada ing perang ana pitulas ewu rong atus.

12Anadene Rama Supim lan Rama Hupim iku turune Rama Ir; Rama Husim iku turune Rama Aher.

13Para putrane Rama Naftali yaiku Yahziel, Guni, Yezer lan Salum; iku padha turune ibu Bilha.

14Turune Rama Manasye yaiku Asriel, kang miyos saka ampile wanita saka ing Aram; iki peputra makhir, ramane Gilead.

15Rama Makhir mundhut garwa kanggo Hupim lan Supim; asmane sadhereke estri iku Maakha. Putrane kang angka loro yaiku Zelafead. Rama Zelafead iku mung peputra putri.

16Nanging Ibu Maakha, garwane Rama Makhir peputra kakung, kang diparingi asma Peresy; sadhereke kakung yaiku Seres, kang nurunake Ulam lan Rekem.

17Turune Rama Ulam yaiku Bedan. Iku turune Rama Gilead bin Makhir, putrane Rama Manasye.

18Sadhereke putri, Ibu Molekhet, peputra Isyhod, Abiezer lan Makhla.

19Para putrane Rama Semida yaiku Akhyan, Sekhem, Likhi lan Aniam.

20Turune Rama Efraim yaiku Sutelah, iki nurunake Bered, iki nurunake Tahat, iki nurunake Elada, iki nurunake Tahat,

21iki nurunake Zabad, iki nurunake Sutelah, banjur Ezer lan Elad. Iku padha disedani dening wong-wong ing Gad, kang lair ana ing nagara kono, sabab padha ngrampas raja-kayane wong-wong mau.

22Rama Efraim, ramane, sungkawa nganti pirang-pirang dina, temah para sadhereke padha tilik nglipur.

23Sawuse mangkono panjenengane banjur nyareni kang garwa, wasana kang garwa mbobot lan peputra kakung, diparingi asma Beria, sabab kulawargane wus ditempuh ing bilai.

24Putrane putri asma Seera; iku kang ngadegake Bet-Horon-Ngare lan Bet-Horon-Tengger sarta Uzen-Seera.

25Putrane kakung Rama Beria yaiku Refah, banjur Resef; iki nurunake Telah, iki nurunake Tahan,

26iki nurunake Ladan, iki nurunake Amihud, iki nurunake Elisama,

27iki nurunake Nun, iki nurunake Yusak.

28Tanah kagungane lan kang didalemi yaiku Betel dalah sawewengkone kabeh, Naaran ing sisih wetan, lan Gezer dalah sawewengkone kabeh ing sisih kulon, banjur Sikhem dalah sawewengkone kabeh sarta Aya dalah sawewengkone kabeh,

29lan kang atapel-wates karo bani Manasye: Bet-Sean dalah sawewengkone kabeh, Megido dalah sawewengkone kabeh, Dhor dalah sawewengkone kabeh. Para tedhake Rama Yusuf, putrane Rama Israel padha manggon ana ing dhaerah-dhaerah kono.

30Para putrane Rama Asyer yaiku Yimna, Yiswa lan Beria; sadhereke estri asma Serah.

31Para putrane Rama Beria yaiku Heber lan Malkiel; iki nurunake Birzait.

32Rama Eber nurunake Yaflet, Somer lan Hotam sarta Sua, sadhereke estri.

33Para turune Rama Yaflet yaiku Pasakh, Bimbab lan Asywat. Iku para turune Rama Yaflet.

34Para putrane Rama Semer yaiku Ahi, Rohga, Yehuba lan Aram.

35Para putrane Rama Helem, sadhereke kakung yaiku Rama Zofah, Yimna, Seles lan Amal.

36Para putrane Rama Zofah yaiku Suah, Harnefer, Syual, Beri lan Yimra,

37Bezer, Hod, Sama, Silsa, Yitran lan Beera.

38Para putrane Rama Yeter yaiku Yefune, Pispa lan Ara.

39Para putrane Rama Ula yaiku Arah, Haniel lan Rizya.

40Iku kabeh tedhake Rama Asyer, para kepalane kulawangsane, iku padha wong prawira gagah prakosa kang pilihan, para pemimpin linuwih. Gunggunge kang kacathetan ana ing sarasilahe dadi wadya-bala ana nemlikur ewu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel