Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 3 >> 

Timoteus nggawa kabar becik

1Kang iku sarehne aku kabeh wus ora kuwat mbetahake kangenku mau, mulane banjur mutus ana ing kutha Atena bae dhewe.

2Aku banjur padha kongkonan Timoteus, sadulur kang mbiyantu aku kabeh anggonku padha nyambut-gawe kagem Gusti ing bab martakake Injile Sang Kristus, supaya nyantosakake atimu lan mituturi kowe kabe ing bab pracayamu,

3supaya aja ana wong kang goyang pracayane marga saka anggone nandhang kasusahan-kasusahan iki. Kowe dhewe padha sumurup, yen kita iki padha kagadhangake mangkono.

4Amarga, uga nalika aku isih padha ana ing antaramu, kowe wus padha dakkandhani, yen kita bakal padha ngrasakake sangsara. Sarta bab iki, kaya kang wus koksumurupi, wus kalakon.

5Iya iku sababe, mulane marga saka ora bisa betah maneh, aku nuli padha kongkonan dheweke, supaya aku padha sumurup bab pracayamu, jalaran aku kuwatir, manawa kowe wis padha cinoba dening si panggdoha sarta manawa pambudi-dayaku kabeh banjur dadi tanpa guna.

6Nanging saiki, bareng Timoteus wis bali saka ing panggonanmu kalawan nggawa kabar kang mbungahake bab pracayamu lan katresnanmu, apadene bab anggonmu padha tansah kelingan marang apa-apa kang becik ing ngatase aku lan bab anggonmu kapengin katemu karo aku, kayadene anggonku uga padha kapengin katemu karo kowe,

7dadine, para sadulur, ana ing sajroning karupekan lan kasangsaran, aku padha kalipur marga saka kowe lan marga saka pracayamu.

8Saiki aku padha ngrasa urip maneh, anggere kowe padha tetep ana ing Gusti.

9Amarga apa ta kang kena padha dakcaosake marang Allah minangka panuwun ing bab sakehing kabungahan, kang wus padha koktampani marga saka kowe kabeh ana ing ngarsane Allah?

10Rina wengi aku padha ndedonga kalawan mantheng, supaya bisaa ketemu karo kowe lan nyampurnakake kakuranganing pracayamu.

11Muga-muga Panjenengane, Gusti Allah iya Rama kiat, sarta Gusti Yesus, Gusti kita, karsa paring margane aku padha bisa katemu karo kowe.

12Sarta maneh, muga Gusti karsa ndadekake saya wuwuhing katresnanmu nganti luber marang padha sadulur lan marang wong kabeh, padha kaya anggonku iya padha nresnani kowe.

13Muga Panjenengane karsaa nyantosakake atimu, supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsane Gusti Allah iya Rama kita besuk samangsa Gusti Yesus, iya Gusti kita, rawuh ginarebeg ing sakehe para suci kagungane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Tesalonika 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Tesalonika 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel