Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 4 >> 

Pitutur supaya laku suci

1Wasana, para sadulur, panjaluk lan pangatagku kabeh marang kowe ana ing patunggilane Gusti Yesus: Kowe wus padha krungu saka aku, kapriye kudune lakumu supaya ndadekake keparenging Allah. Bab iku pancen wus padha koktindakake, ewasamono prayogane kowe sayaa luwih tumemen anggonmu padha tumindak mangkono.

2Kowe uga wus padha mangreti marang pituduh-pituduh kang wus padha dakwenehake marang kowe awit saka asmane Gusti Yesus.

3Amarga kang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu, yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina;

4saben wong panunggalanmu ngalapa wong wadon siji dadi bojone dhewe sarta urip ing sajroning kasucen lan kasusilan,

5ora marga saka derenging hawa-nepsu, kayadene tumindaking won kang ora wanuh marang Gusti Allah,

6apamaneh ing bab iki wong aja tumindak ora becik utawa ngapusi sadulure. Amarga Pangeran iku kang bakal malesake iku kabeh, kaya kang wus padha dakkandhakake lan daktandhesake marang kowe.

7Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh, nanging supaya nindakake apa kang suci.

8Mulane sing sapa nampik bab iki, iku ora nampik manungsa, nanging nampik marang Gusti Allah kang uga wus maringake Rohe kang suci marang kowe kabeh.

9Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe wus padha kawulang tresna-tinresnan dening Pangeran.

10Bab iku uga koktindakake marang kabeh sadulur ing saindenging tanah Makedhonia. Ewadene, para sadulur, aku padha mrayogakake, supaya kowe saya ngepengna anggonmu tumindak mangkono.

11Apadene anggepen sawijining kaurmatan manawa bisa urip tentrem, bisa ngurus prakara-prakaramu dhewe, sarta bisa nyambutgawe kalawan tananmu, kaya kang wus padha dakwelingake marang kowe kae.

12Satemah uripmu katon susila ana ing ngarepe wong-wong ing jaba sarta ora gumantung marang wong-wong mau.

Bab rawuhe Gusti

13Anadene karepku, para sadulur, kowe aja padha ketambuhan bab para wong kang wis ngajal, supaya kowe aja padha prihatin kaya wong-wong liya kang ora duwe pangarep-arep.

14Amarga yen kita pracaya, manawa Gusti Yesus wus seda lan wus kawungokake, kiat iya pracaya, yen wong-wong kang wus ngajal ana ing Gusti Yesus iku bakal padha diklumpukake dening Gusti Allah bebarengan karo Panjenengane.

15Iku padha dakkandhakake marang kowe kalawan pangandikane Gusti: kita kang isih urip, kang isih kari nganti tumeka rawuhe Gusti, babar pisan ora bakal ndhisiki kang wus padha ngajal.

16Awit samangsa ana tengara, yaiku samangsa malaekat pangedhe nguwuh-uwuh sarta kalasangkaning Allah kaunekake, ing kono Gusti piyambak bakal tumedhak saka ing swarga, lan wong-wong kang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha tangi dhisik.

17Sawise mangkono kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo kang mentas tangi mau ana ing mega, methukake Gusti menyang ing awang-awang. Mangkono sabanjure kita bakal nunggal kalawan Gusti ing salawase.

18Mulane kowe padha lipur-linipura kalawan tembung-tembung iki.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Tesalonika 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Tesalonika 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel