Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 2 >> 

Bab pandonganing pasamuwan

1Kang dhisik dhewe dakpituturake: Padha ngaturna panyuwun, pandonga, lan pamuji sokur tumrap ing wong kabeh,

2tumrap para ratu sarta tumrap sakehing panggedhe, supaya urip kita bisaa tentrem lan ayem ana ing sajroning sakehing kamursidan lan kaurmatan.

3Yaiku kang becik lan kang gawe renaning panggalihe Gusti Allah, Pamarta kita,

4kang ngarsakake, supaya wong kabeh padha kapitulungan rahayu lan padha oleh pangawruhing kayekten.

5Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kiat ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus,

6kang wus masrahake sarirane minangka panebus kanggo wong kabeh: iku kang dadi paseksen ing wektu kang wus pinasthi.

7Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, -- kandhaku iku bener, aku ora goroh -- lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.

Tatanan tumrap wong lanang lan wadon ing sajroning pakumpulan pangibadah

8Kang iku karepku wong lanang supaya padha ndedongaa ana ing saenggon-enggon kalawan ngulukake tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.

9Mangkono uga wong wadon prayoga manganggoa kang pantes, susila lan prasaja, rambute aja diklabang, aja nganggo mas-masan, mutiara utawa sandhangan kang larang-larang,

10nanging manganggoa sandhangan panggawe becik, dikaya sapatute wong wadon kang ngabekti ing Allah.

11Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut.

12Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.

13Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa.

14Lan maneh dudu Bapa Adam kang kena ing panggodha, nanging wong wadon iku kang kena ing panggodha lan tumiba ing dosa.

15Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu marga saka anggone anak-anak, angger ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucen kalawan jatmika.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Timotius 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Timotius 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel