Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 4 >> 

Kawajibane Timoteus sajrone lelayanan karo guru panasaran

1Ananging ana pangandikaning Roh kang cetha, yen ing tembe bakal ana wong kang padha murtad banjur ngeloni roh-roh panasaran lan piwulanging setan-setan

2marga saka kena pambujuking wong doracara, kang swaraning batine nganggo cape wong-wong mau,

3kang menging jejodhoan, akon nyirik bangsane pangan, kang katitahake dening Gusti Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur dening para wong kang pracaya lan kang wus wanuh marang kayekten.

4Awitdene kabeh kang dititahake dening Allah iku becik, lan siji bae ora ana kang karam, angger ditampani kalawan saos sokur,

5amarga iku kabeh wus kasucekake dening pangandikane Gusti Allah lan dening pandonga.

6Manawa sadulur-sadulur kita padha kokelingake marang bab-bab iku, kowe bakal dadi paladene Sang Kristus Yesus kang becik, kang kagulawenthah ing bab-bab lakuning pracaya kita sarta ing bab piwulang kang becik-becik kang wus kokleluri nganti saprene iki.

7Nanging gugontuhon tuwin dongenge si nini-nini iku dohana. Nggegulanga ing pangibadah.

8Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.

9Iki pitutur kang bener lan wajib ditampani kalawan temen-temen.

10Awit iya iku sababe anggon kita padha nglakoni rekasa lan ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduweni pangarep-arep marang Gusti Allah kang gesang, kang dadi Pamartane wong kabeh, angka siji kanggo para wong kang pracaya.

11Iku kabeh wartakna lan wulangna.

12Aja nganti ana wong kang nyepelekake kowe, marga kowe isih enom. Kowe dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing bab kasucenmu.

13Ing sabanjure kowe ngantepana anggonmu macakake Kitab-kitab Suci, anggonmu mbangun lan memulang nganti satekaku.

14Aja nglirwakake kawajibanmu migunakake sih-rahmat kang ana ing kowe, kang wus kaparingake marang kowe sarana pamedhar-wangsit lan sarana tumpangan tangan dening parepataning para pinituwa.

15Iku kabeh wigatekna, urip mudikaya mangkono, supaya kamajuanmu tetelaa marang wong kabeh.

16Diawas marang awakmu dhewe lan piwulangmu. Aja kemba-kemba anggonmu nindakake iku kabeh, amarga manawa kowe tumindak mangkono, kowe bakal mitulungi iya awakmu dhewe, iya kabeh wong, kang padha ngrungokake marang pituturmu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Timotius 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Timotius 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel