Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Yohanes 4 >> 

Rohing Allah lan rohing Anti-Kristus

1Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.

2Anggonmu padha niteni Roh Allah iku titikane mangkene: Sadhengah roh kang ngakoni manawa Gusti Yesus Kristus wus rawuh dadi manungsa, iku asale saka ing Allah.

3Lan sadhengah roh kang ora ngakoni Gusti Yesus, iku asale ora saka ing Gusti Allah. Roh iku rohin Anti-Kristus, kang wus padha kokrungu wartane yen bakal teka, lan samengko wus ana ing jagad.

4He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.

5Wong iku asale padha saka ing jagad, mulane kang diucapake iku iya prakara kadonyan, lan jagad iku ngrungokake ing pituture.

6Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.

Allah iku katresnan

7Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.

8Sapa kang ora nindakake katresnan, iku ora wanuh karo Gusti Allah, ujer Gusti Allah iku katresnan.

9Sihe Gusti Allah iku kababarake ana ing antara kita, iya iku dene Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga dening Panjenengane.

10Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.

11He, para kekasih, sarehne nganti samono anggone Gusti Allah ngasihi marang kita, dadine kita iki iya padha kawajiban tresna-tinresnan.

12Ora ana wong kang tau ndeleng marang Gusti Allah. Manawa kita padha tresna-tinresnan, Gusti Allah tetep ana ing kita, lan sihe iku sampurna ana ing kita.

13Anggon kita sumurup yen kita padha tetep ana ing Panjenengane, lan Panjenengane ana ing kita, iya iku dene kita wus padha kapanduman Rohe.

14Anadene aku iki wus padha ndeleng lan nekseni yen Sang Rama wus ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagad.

15Kang iku sing sapa ngakoni yen Gusti Yesus iku Putrane Gusti Allah, Gusti Allah tetep ana ing wong iku, lan wong iku ana ing Gusti Allah.

16Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.

17Sihe Gusti Allah iku sampurna ana ing kita, iya iku manawa kita padha tatag ing pracaya besuk in dinane pangadilan, awit kita iya ana ing donya kene kayadene Panjenengane.

18Katresnan iku ora kadunungan rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbengkas rasa wedi, amarga wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnane.

19Anggon kita padha tresna iku, amarga Gusti Allah wus ngasihi marang kita luwih dhisik.

20Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?

21Karodene dhawuh timbalan iki oleh kita iya saka Panjenengane: Sapa kang tresna marang Gusti Allah, iku iya kudu tresna marang sadulure uga.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Yohanes 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Yohanes 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel